Purwaning Dumadi 32:1-32
32 Yakub neruské perjalanané, lan malaékat-malaékaté Gusti Allah nemoni dhèwèké.
2 Sakwisé ndelok malaékat-malaékat kuwi, Yakub kandha, ”Iki perkémahané Gusti Allah.” Mula, Yakub njenengi panggonan kuwi Mahanaim.*
3 Terus, Yakub ngongkon para pembantuné ndhisiki dhèwèké nemoni Ésau kakangé ing tanah Séir,+ ing wilayah Édom.+
4 Terus Yakub ngongkon wong-wong kuwi, ”Omongna iki marang Ésau majikanku, ’Yakub pelayanmu ngomong ngéné, ”Aku wis suwé banget manggon karo Pakdhé Laban.+
5 Saiki aku nduwé sapi, keledai, domba, pembantu lanang, lan pembantu wédok.+ Aku ngongkon wong bèn ngandhani njenengan soal iki supaya njenengan gelem nampa aku apik-apik.”’”
6 Sakwisé bali, para pembantuné kandha karo Yakub, ”Aku wis ketemu karo Ésau kakangé njenengan. Dhèwèké arep nemoni njenengan karo wong 400.”+
7 Yakub dadi kuwatir lan wedi banget.+ Mula, wong-wong sing lunga bareng dhèwèké, sapi, kambing, domba, lan untané dibagi dadi rong kelompok.
8 Dhèwèké mikir, ’Nèk Ésau nyerang salah siji kelompok, sing liyané isih isa mlayu.’
9 Sakwisé kuwi, Yakub ndonga, ”Oh Yéhuwah, Gusti Allahé Abraham simbahku lan Gusti Allahé Ishak bapakku, Njenengan sing ngongkon aku mulih marang sedulurku lan menyang tanahku. Njenengan ya janji bakal mberkahi aku.+
10 Njenengan wis nresnani* aku lan setya karo aku,+ senajan aku ora pantes nampa kuwi kabèh. Mbiyèn pas nyabrang Kali Yordan, aku mung nduwé tongkat. Ning, saiki keluargaku lan ternakku wis dadi akèh nganti isa dibagi dadi rong kelompok.+
11 Aku nyuwun tulung,+ slametna aku saka Ésau kakangku. Aku wedi nèk dhèwèké teka lan nyerang aku,+ termasuk wong-wong wédok lan anak-anaké.
12 Njenengan kandha nèk bakal mberkahi aku lan bakal nggawé keturunanku* dadi akèh kaya pasir ing laut sing ora isa diétung jumlahé.”+
13 Bengi kuwi, Yakub nginep ing kono. Terus, dhèwèké njupuk sebagéan ternaké merga arep diwènèhké marang Ésau kakangé,+ yaiku
14 200 kambing wédok, 20 kambing lanang, 200 domba wédok, 20 domba lanang,
15 30 unta wédok karo anak-anaké, 40 sapi wédok, 10 sapi lanang, 20 keledai wédok, lan 10 keledai lanang.+
16 Yakub mbagi ternak kuwi dadi pirang-pirang kelompok, terus ternak kuwi diserahké marang para pembantuné. Yakub kandha karo pembantuné, ”Nyabranga dhisik, lan saben kelompok kudu rada adoh saka kelompok sing ana ing mburiné.”
17 Dhèwèké mènèhi préntah marang pembantuné sing njaga kelompok pertama, ”Nèk Ésau kakangku ketemu karo kowé lan takon, ’Sapa majikanmu, kowé arep lunga ing endi, lan ternak-ternak iki duwèké sapa?’
18 jawaben ngéné, ’Iki duwèké Yakub pelayanmu. Iki hadiah kanggo Ésau+ majikanku, lan Yakub dhéwé lagi mlaku mréné ing mburiku.’”
19 Yakub ya mènèhi préntah marang pembantuné sing njaga kelompok keloro, ketelu, lan kelompok liyané, ”Kuwi sing kudu mbok omongké wektu ketemu karo Ésau.
20 Kowé ya kudu ngomong, ’Yakub pelayanmu ana ing mburiku.’” Yakub mikir, ’Nèk aku ngirim hadiah dhisik+ marang Ésau, dhèwèké mesthi bakal nampa aku apik-apik pas aku ketemu dhèwèké.’
21 Mula, para pembantuné sing nggawa hadiah kuwi nyabrang dhisik, ning Yakub isih nginep ing kémahé.
22 Benginé, Yakub tangi lan ngejak bojoné loro,+ pembantuné wédok loro,+ lan anaké lanang 11 nyabrang Kali Yabok.+
23 Yakub nggawa kabèh wong kuwi lan kabèh hartané nyabrang kali kuwi.
24 Wektu Yakub dhèwèkan, ana wong lanang* sing gelut karo dhèwèké nganti matahari mèh terbit.+
25 Wektu wong lanang kuwi ngerti nèk dhèwèké ora isa ngalahké Yakub, dhèwèké ndemèk sendi pinggulé Yakub. Mula, sendi pinggulé Yakub mléngsé pas dhèwèké gelut karo wong lanang kuwi.+
26 Terus wong lanang kuwi kandha, ”Eculna aku, merga matahari wis mèh terbit.” Yakub njawab, ”Aku ora bakal ngeculké kowé nèk kowé ora mberkahi aku.”+
27 Wong lanang kuwi takon, ”Sapa jenengmu?” Dhèwèké njawab, ”Yakub.”
28 Wong lanang kuwi kandha, ”Mulai saiki jenengmu dudu Yakub manèh, tapi Israèl,*+ merga kowé wis gelut karo Gusti Allah+ lan manungsa, lan akhiré kowé menang.”
29 Yakub kandha, ”Tulung, kandhanana aku sapa jenengmu.” Ning, wong lanang kuwi njawab, ”Ngapa kok kowé péngin ngerti jenengku?”+ Terus, wong lanang kuwi mberkahi Yakub.
30 Yakub kandha, ”Aku wis ketemu langsung karo Gusti Allah, ning aku tetep urip.”+ Kuwi sebabé, Yakub njenengi panggonan kuwi Pénièl.*+
31 Wektu Yakub lunga saka Pénuèl,* matahari wis terbit. Merga pinggulé Yakub mléngsé,+ mlakuné dadi pincang.
32 Kuwi sebabé nganti saiki wong Israèl ora mangan otot pupuné kéwan, yaiku sing ana ing sendi pinggul, merga wong lanang kuwi wis ndemèk otot sendi pinggulé Yakub.
Katrangan Tambahan
^ Artiné ”Perkémahan Loro”.
^ Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”benihku”.
^ Wong lanang kuwi maksudé malaékat sing wujudé manungsa.
^ Artiné ”Wong sing Gelut karo Gusti Allah” utawa ”Gusti Allah Gelut”.
^ Artiné ”Wajahé Gusti Allah”.
^ Utawa ”Pénièl”.