Kaimaman 13:1-59

  • Peraturan soal kusta (1-46)

  • Kusta ing klambi (47-59)

13  Terus, Yéhuwah kandha marang Musa lan Harun,  ”Nèk ing kulité wong ana bénjolan, korèng, utawa blentong-blentong sing mungkin isa dadi penyakit kusta,*+ wong kuwi kudu digawa marang Imam Harun utawa marang salah siji imam saka antarané anak-anaké lanang Harun.+  Imam kudu mriksa infèksi ing kulité wong kuwi. Nèk wulu ing dhaérah kulit sing kena infèksi kuwi berubah dadi putih lan infèksiné kétok luwih jero timbang kulit ing sekitaré, kuwi penyakit kusta. Imam kudu mriksa kuwi lan ngumumké nèk wong kuwi najis.  Ning, nèk blentong-blentong ing kulité wernané putih, ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré, lan wuluné ora berubah dadi putih, imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina suwéné.+  Terus, imam kudu mriksa manèh wong kuwi ing dina kepitu. Nèk infèksiné isih tetep padha lan ora nyebar ing kulité, imam kudu misahké wong kuwi pitung dina manèh.  ”Ing dina kepitu, imam kudu mriksa wong kuwi manèh. Nèk bagéan kulit sing kena infèksi kuwi wernané wis mulai normal lan infèksiné ora nyebar ing kulité, berarti kuwi mung korèng. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis.+ Wong kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi ora najis.  Tapi, nèk sakwisé ngadhep imam lan diumumké nèk ora najis, korèngé* malah nyebar ing kulité, wong kuwi kudu nemoni imam manèh.  Imam kudu mriksa wong kuwi. Nèk korèngé wis nyebar ing kulité, kuwi berarti kusta.+ Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis.  Nèk ana wong sing kena penyakit kusta, wong kuwi kudu digawa marang imam, 10  lan imam bakal mriksa wong kuwi.+ Nèk ana bénjolan putih ing kulit lan kuwi nggawé wuluné* dadi putih lan ana luka+ ing bénjolan kuwi, 11  berarti kuwi kusta sing parah. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. Imam ora perlu misahké wong kuwi saka wong liyané+ kanggo dipriksa manèh merga wis jelas nèk wong kuwi najis. 12  Nèk imam ndelok kustané wis nyebar rata ing kulit nganti nutupi awaké, saka sirah nganti sikil, 13  lan imam wis mriksa lan pancèn kustané wis rata nganti sak awak, imam kudu ngumumké nèk penyakité wong kuwi ora nular.* Merga kulité wis berubah dadi putih kabèh, wong kuwi ora najis. 14  Ning, nèk ana luka ing kulité, wong kuwi bakal dadi najis. 15  Nèk imam ndelok luka kuwi, imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis.+ Luka kuwi najis, lan kuwi kusta.+ 16  Ning, nèk lukané kuwi berubah dadi putih, wong kuwi kudu marani imam. 17  Imam kudu mriksa wong kuwi.+ Nèk kulit sing kena infèksi kuwi wernané wis berubah dadi putih, imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis. 18  ”Nèk ing kulité wong ana bisul lan bisul kuwi mari, 19  ning ing bekasé bisul kuwi ana bénjolan putih utawa ana blentong-blentong putih rada abang, kuwi kudu diduduhké marang imam. 20  Imam kudu mriksa wong kuwi.+ Nèk blentong-blentongé kétok luwih jero timbang kulit ing sekitaré lan wuluné* berubah dadi putih, kuwi berarti kusta sing ana ing bekas bisul kuwi. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. 21  Ning, nèk imam wis mriksa lan ndelok nèk wuluné* ora berubah dadi putih, blentong-blentongé ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré, lan wernané wis pudar, imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina suwéné.+ 22  Nèk blentong-blentong kuwi jelas-jelas wis nyebar ing kulit, imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. Kuwi kusta. 23  Ning, nèk blentong-blentong kuwi ora nyebar, berarti kuwi mung radang merga bisul. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis.+ 24  ”Nèk ana wong sing nduwé luka bakar lan ing bagéan luka sing durung garing ana blentong-blentongé putih utawa putih rada abang, 25  imam kudu mriksa wong kuwi. Nèk wulu ing blentong-blentong kuwi berubah dadi putih lan blentong-blentong kuwi kétok luwih jero timbang kulit ing sekitaré, kuwi berarti kusta sing metu ing luka bakar, lan imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. Kuwi penyakit kusta. 26  Ning, nèk imam wis mriksa lan ndelok nèk ora ana wulu putih ing blentong-blentong kuwi, lan nèk blentong-blentong kuwi ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré lan wernané wis mulai pudar, imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina suwéné.+ 27  Ing dina kepitu, imam kudu mriksa wong kuwi manèh. Nèk blentong-blentong kuwi jelas-jelas wis nyebar ing kulit, kuwi berarti kusta. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. 28  Ning, nèk blentong-blentong kuwi ora nyebar ing kulit lan wernané wis mulai pudar, berarti kuwi mung bénjolan ing bekas luka bakar. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis merga kuwi mung bekas luka sing meradang. 29  ”Nèk ana wong lanang utawa wong wédok sing kena infèksi ing sirah utawa jangguté, 30  imam kudu mriksa wong kuwi.+ Nèk infèksi kuwi luwih jero timbang kulit ing sekitaré lan rambuté* berubah dadi kuning lan tipis, kuwi infèksi ing kulit kepala utawa jénggot. Imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis. Kuwi kusta ing sirah utawa ing janggut. 31  Ning, nèk imam ndelok infèksiné ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré lan ora ana rambut utawa jénggot sing ireng ing kono, imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina suwéné.+ 32  Ing dina kepitu, imam kudu mriksa wong kuwi manèh. Nèk infèksiné ora nyebar lan ora ana rambut utawa jénggot sing berubah dadi kuning ing kono lan infèksiné ya ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré, 33  wong kuwi kudu dicukur, ning bagéan sing kena infèksi kuwi ora éntuk dicukur. Imam kudu misahké wong kuwi saka wong liyané pitung dina manèh. 34  ”Ing dina kepitu, imam kudu mriksa wong kuwi manèh. Nèk infèksi ing kulit kepala utawa ing jénggot kuwi ora nyebar lan infèksiné ora luwih jero timbang kulit ing sekitaré, imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis. Wong kuwi kudu ngumbah klambiné, lan wong kuwi ora najis. 35  Ning, nèk sakwisé diumumké nèk wong kuwi ora najis, infèksiné malah nyebar ing kulité, 36  imam kudu mriksa wong kuwi. Nèk infèksiné wis nyebar, imam ora perlu mriksa manèh rambut utawa jénggoté wong kuwi berubah dadi kuning apa ora. Wong kuwi najis. 37  Ning, nèk bar dipriksa jebulé infèksiné ora nyebar lan ana rambut utawa jénggot ireng ing kono, berarti infèksiné wis mari. Wong kuwi ora najis, lan imam kudu ngumumké nèk wong kuwi ora najis.+ 38  ”Nèk ana wong lanang utawa wong wédok sing kulité blentong-blentong putih, 39  imam kudu mriksa wong kuwi.+ Nèk blentong-blentong kuwi wernané wis putih pudar, berarti kuwi dudu penyakit sing bahaya. Wong kuwi ora najis. 40  ”Nèk wong lanang rambuté rontok lan dadi bothak, wong kuwi ora najis. 41  Nèk sing rontok mung rambut ing sisih ngarep lan dadi bothak, wong kuwi ora najis. 42  Ning, nèk ana luka sing wernané putih rada abang ing bagéan sirah sing bothak, yaiku bothak ing bagéan ndhuwur utawa bothak ing bagéan ngarep, kuwi kusta sing metu ing bagéan sirah sing bothak. 43  Imam kudu mriksa wong kuwi. Nèk ana bénjolan saka infèksi kuwi sing wernané putih rada abang ing bagéan sirah sing bothak, yaiku bothak ing bagéan ndhuwur utawa bothak ing bagéan ngarep, lan kuwi kaya kusta ing kulit, 44  berarti wong kuwi kena kusta. Wong kuwi najis, lan imam kudu ngumumké nèk wong kuwi najis merga penyakit ing sirahé. 45  Wong sing lara kusta kuwi kudu nganggo klambi suwèk-suwèk, rambuté ora diurus, lan lambéné* kudu ditutupi. Wong kuwi kudu mbengok, ’Najis! Najis!’ 46  Wong kuwi bakal dadi najis saksuwéné wong kuwi lara. Merga najis, wong kuwi kudu manggon ing panggonan sing kepisah karo wong liyané. Wong kuwi kudu manggon ing njaba perkémahan.+ 47  ”Nèk ana jamur ing klambi sing digawé saka wol utawa linèn, 48  utawa ing serat kain sing ditenun saka wol utawa linèn, utawa ing bahan kulit, utawa ing barang apa waé sing digawé saka kulit, 49  lan jamur kuwi marahi klambi, bahan kulit, serat kain, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit kuwi dadi ana bercak-bercak ijo rada kuning utawa rada abang, barang kuwi kudu diduduhké marang imam merga wis kena jamur. 50  Imam bakal mriksa barang kuwi, terus kuwi kudu disimpen ing panggonan sing kepisah pitung dina suwéné.+ 51  Ing dina kepitu, imam kudu mriksa barang kuwi manèh. Nèk imam ndelok bercak-bercak kuwi wis nyebar ing klambi, ing serat kain sing ditenun, utawa ing bahan kulit (ora soal bahan kulit kuwi digunakké kanggo apa), berarti kuwi jamur sing ganas. Barang kuwi najis.+ 52  Imam kudu ngobong klambi, serat kain sing ditenun saka wol utawa linèn, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit sing kena jamur kuwi merga kuwi jamur sing ganas. Barang-barang kuwi kudu diobong nganti entèk. 53  ”Ning, nèk imam ngerti jamuré ora nyebar ing klambi, serat kain sing ditenun, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit, 54  imam kudu mréntahké bèn barang sing kena jamur kuwi dikumbah. Bar kuwi, barang mau kudu disimpen manèh ing panggonan sing kepisah pitung dina suwéné. 55  Sakwisé barang kuwi dikumbah nganti resik, imam kudu mriksa barang kuwi manèh. Nèk jamuré kétoké ora berubah senajan ora nyebar, barang kuwi isih najis. Kuwi kudu diobong nganti entèk merga jamuré wis ngrusak bagéan njaba lan njeroné barang kuwi. 56  ”Ning, nèk bar dikumbah nganti resik, terus imam ngerti nèk bagéan sing kena jamur kuwi wernané wis mulai pudar, imam kudu nyuwèk klambi, bahan kulit, utawa serat kain mau. 57  Nèk jamur kuwi metu ing bagéan liya ing klambi, serat kain sing ditenun, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit, berarti jamur kuwi wis nyebar. Barang apa waé sing kena jamur kuwi kudu diobong nganti entèk.+ 58  Nèk bar dikumbah jamur kuwi ilang, yaiku jamur sing ana ing klambi, serat kain, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit, barang kuwi kudu dikumbah manèh. Bar kuwi, barang kuwi dadi ora najis. 59  ”Kuwi hukum soal jamur sing ana ing klambi sing digawé saka wol utawa linèn, ing serat kain sing ditenun, utawa barang apa waé sing digawé saka kulit, supaya para imam ngerti barang endi sing kudu diumumké najis utawa ora najis.”

Katrangan Tambahan

Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”kusta” ana akèh artiné lan isa termasuk jenis-jenis penyakit kulit sing nular. Kuwi ya termasuk jamur sing ana ing klambi lan omah.
Utawa ”infèksiné”.
Utawa ”rambuté; jénggoté”.
Utawa ”nèk wong kuwi ora najis”.
Utawa ”rambuté; jénggoté”.
Utawa ”rambuté; jénggoté”.
Utawa ”jénggoté”.
Utawa ”bréngosé”.