1 Pétrus 1:1-25

  • Salam (1, 2)

  • Dilairké manèh supaya nduwé harapan sing kuwat (3-12)

  • Merga dadi anak-anak sing manut, mula tumindakmu kudu suci (13-25)

1  Surat saka Pétrus, rasulé+ Yésus Kristus. Surat iki kanggo para penduduk sementara sing kesebar ing Pontus, Galatia, Kapadokia,+ Asia, lan Bitinia. Kowé kuwi wong-wong pilihané Gusti Allah.  Gusti Allah kuwi Bapak ing swarga.+ Dhèwèké milih kowé menurut rencanané. Dhèwèké mènèhi kowé roh suci kanggo nggawé kowé suci,+ supaya kowé dadi manut marang Dhèwèké lan dadi resik nganggo getihé Yésus Kristus.+ Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.  Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, dipuji. Merga Gusti Allah wis apikan banget, Dhèwèké nggawé awaké dhéwé dilairké manèh+ supaya awaké dhéwé nduwé harapan sing kuwat.+ Awaké dhéwé nduwé harapan iki merga Yésus Kristus wis diuripké manèh saka antarané wong mati.+  Gusti Allah mènèhi kowé warisan sing ora isa ilang, sing ora najis lan ora bakal rusak.+ Warisan kuwi disimpen ing swarga kanggo kowé.+  Kowé dilindhungi kuwasané Gusti Allah merga kowé nduwé iman. Gusti Allah nglindhungi kowé supaya kowé dislametké. Kuwi bakal kelakon ing akhir jaman.  Kuwi sebabé kowé bahagia banget, senajan kowé kudu ngrasakké sengsara sedhéla merga ngalami akèh cobaan.+  Kuwi kelakon bèn imanmu sing wis diuji+ isa nggawé kowé éntuk pujian, kemuliaan, lan kehormatan wektu Yésus Kristus nduduhké kuwasané. Iman kaya ngono kuwi luwih berharga timbang emas sing isa hancur senajan emas kuwi wis diuji nganggo geni.+  Kowé pancèn durung tau ndelok dhèwèké, ning kowé nresnani dhèwèké. Saiki kowé ya ora ndelok dhèwèké, ning kowé nduwé iman marang dhèwèké lan ngrasa bahagia banget.  Kuwi merga kowé yakin nèk imanmu bakal nggawé kowé dislametké.+ 10  Para nabi sing martakké sipaté Gusti Allah sing apikan banget sing diduduhké marang kowé nliti lan nyelidiki soal Gusti Allah sing bakal nylametké kowé.+ 11  Sakdurungé, Gusti Allah nggunakké roh suciné kanggo ngandhani para nabi nèk Kristus bakal sengsara+ lan sakwisé kuwi bakal diluhurké. Kuwi sebabé, para nabi kuwi terus ngupaya bèn isa ngerti apa sing bakal dialami Kristus+ lan kapan kuwi bakal kelakon. 12  Gusti Allah nduduhké marang nabi-nabi kuwi nèk nabi-nabi kuwi ora nglayani nabi-nabi kuwi dhéwé, ning nglayani kowé. Nabi-nabi kuwi nulis apa sing wis diwartakké marang kowé, sing mbok rungokké saka wong-wong sing martakké kabar apik nganggo bantuané roh suci sing dikirim saka swarga.+ Para malaékat péngin banget ngerti soal iki. 13  Mula, kowé kudu nyiapké pikiranmu bèn kowé siap kerja keras.+ Kowé kudu nduwé pertimbangan sing apik+ wektu nindakké apa waé. Kowé kudu berharap marang sipaté Gusti Yésus Kristus sing apikan banget sing bakal mbok rasakké wektu Yésus Kristus nduduhké kuwasané. 14  Kowé saiki dadi anak-anak sing manut karo Gusti Allah. Dadi, aja tumindak* menurut kepénginanmu sing salah kaya pas kowé ora nduwé pengetahuan soal Dhèwèké. 15  Ning, kabèh tumindakmu kudu suci kaya Gusti Allah sing Suci sing milih kowé.+ 16  Ana ayat sing kandha, ”Kowé kudu suci merga Aku suci.”+ 17  Nèk kowé ndonga marang Bapak, sing ora pilih kasih wektu ngadili+ menurut tumindaké saben wong, tumindakmu kudu nduduhké nèk kowé wedi+ marang Dhèwèké saksuwéné kowé dadi penduduk sementara ing donya iki. 18  Kowé ngerti nèk apa waé sing isa hancur, contoné pérak utawa emas, ora isa mbébaské*+ kowé saka kebiasaan* sing ora ana gunané saka nènèk moyangmu. 19  Ning, kowé dibébaské nganggo getihé Kristus+ sing berharga,+ sing kaya getihé domba sing séhat lan ora ana cacadé.+ 20  Pancèn, Gusti Allah wis milih Kristus sakdurungé permulaané donya iki.*+ Ning, dhèwèké nduduhké kemuliaané ing akhir jaman demi kepentinganmu.+ 21  Merga sing ditindakké Kristus, kowé dadi percaya marang Gusti Allah+ sing nguripké manèh Kristus saka antarané wong mati+ lan sing mènèhi dhèwèké kemuliaan.+ Mula, kowé nduwé iman lan harapan marang Gusti Allah. 22  Saiki kowé wis nggawé badanmu suci merga kowé manut karo apa sing bener, mula kowé isa tulus sayang karo sedulurmu.+ Dadi, kowé kudu tenanan sayang karo liyané saka ati.+ 23  Liwat omongané Gusti Allah sing urip lan sing ana saklawasé,+ kowé wis dilairké manèh+ saka benih* sing mènèhi urip lan sing ora isa mati,+ dudu saka benih sing isa mati. 24  Ana ayat sing kandha, ”Kabèh manungsa kuwi kaya suket, lan kemuliaané kuwi kaya kembang ing padhang. Suket isa layu lan kembang isa rontok, 25  ning omongané Yéhuwah* tetep ana nganti saklawasé.”+ ”Omongan” iki maksudé yaiku kabar apik sing diwartakké marang kowé.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”dibentuk”.
Lit.: ”ora isa nebus”.
Utawa ”tradhisi”.
Deloken ctn. ing Mat 25:34.
Maksudé, benih sing isa ngasilké buah.
Deloken Lamp. A5.