Kisah Para Rasul 13:1-52

  • Barnabas lan Saul dadi utusan Injil (1-3)

  • Pelayanan ing Siprus (4-12)

  • Ceramahé Paulus ing Antiokhia Pisidia (13-41)

  • Préntah kanggo martakké marang bangsa-bangsa liya (42-52)

13  Ing jemaat Antiokhia, ana nabi-nabi lan guru-guru,+ yaiku Barnabas, Siméon sing disebut Niger, Lusius saka Kiréné, Saul, lan Manaèn yaiku kanca sekolahé Hérodès sing dadi penguasa dhaérah kuwi.  Wektu wong-wong kuwi lagi ngibadah marang Yéhuwah* lan pasa, roh suci kandha, ”Pilihen Barnabas lan Saul+ supaya nindakké gawéan sing wis Tak tentokké kanggo wong loro kuwi.”+  Mula, sakwisé pasa lan ndonga, wong-wong kuwi numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Barnabas lan Saul, terus ngongkon wong loro kuwi mangkat.  Wong loro kuwi lunga menyang Séléukia merga dituntun roh suci. Saka kono, wong loro kuwi numpak kapal menyang Pulau Siprus.  Wektu tekan Salamis, wong loro kuwi mulai martakké omongané Gusti Allah ing sinagogé-sinagogé* wong Yahudi. Yohanes ya mèlu kanggo mbantu wong loro kuwi.+  Bar saka Salamis, wong-wong kuwi neruské gawéané nganti tekan ujungé pulau kuwi, yaiku ing Pafos. Ing kono, wong-wong kuwi ketemu karo wong Yahudi sing jenengé Bar-Yésus. Dhèwèké kuwi ahli ilmu gaib lan nabi palsu.  Bar-Yésus kuwi kerja kanggo gubernur* ing Pulau Siprus sing jenengé Sèrgius Paulus. Sèrgius Paulus kuwi wong sing cerdas banget. Dhèwèké ngundang* Barnabas lan Saul merga péngin banget ngrungokké omongané Gusti Allah.  Ning ahli ilmu gaib kuwi, sing ya disebut Èlimas (sing nèk diterjemahké artiné ”ahli ilmu gaib”), nentang wong-wong kuwi. Dhèwèké ngupaya ngalang-alangi supaya gubernur kuwi aja nganti nduwé iman marang Gusti.  Terus Saul, sing ya disebut Paulus, sing dituntun roh suci, ndeloki ahli ilmu gaib kuwi. 10  Paulus kandha, ”Kowé kuwi bener-bener tukang ngapusi lan licik. Kowé kuwi anaké Iblis+ lan mungsuhé kabèh sing bener. Ngapa kok wulangané Yéhuwah* sing bener malah mbok ubah-ubah? 11  Yéhuwah* bakal ngukum kowé. Kowé bakal dadi wuta lan kanggo sementara waktu, kowé ora bakal isa ndelok sinar matahari.” Mripaté Èlimas langsung ora isa ndelok jelas manèh lan dadi peteng. Dhèwèké grayah-grayah* nggolèki wong kanggo nuntun dhèwèké. 12  Wektu ndelok peristiwa kuwi, gubernur dadi kagum karo wulangané Yéhuwah* lan akhiré dadi wong sing percaya. 13  Saka Pafos, Paulus lan kanca-kancané numpak kapal menyang Pérga ing Pamfilia. Ning, Yohanes+ ninggalké Paulus lan Barnabas, terus bali menyang Yérusalèm.+ 14  Senajan ngono, Paulus lan Barnabas neruské perjalanané saka Pérga nganti tekan Antiokhia ing Pisidia. Pas dina Sabat, wong loro kuwi mara ing sinagogé+ lan lungguh ing kono. 15  Sakwisé Taurat+ lan Tulisané Para Nabi diwacakké ing ngarepé wong-wong, para ketua sinagogé ngomong karo Barnabas lan Saul, ”Sedulur-sedulur, apa ana sing arep njenengan sampèkké kanggo nyemangati wong-wong sing ana ing kéné?” 16  Mula, Paulus ngadeg lan bar mènèhi tandha nganggo tangané, dhèwèké kandha, ”Hé wong Israèl lan njenengan kabèh sing wedi marang* Gusti Allah, tulung rungokna aku. 17  Gusti Allahé bangsa Israèl wis milih nènèk moyangé awaké dhéwé. Wektu nènèk moyangé awaké dhéwé dadi penduduk asing ing Mesir, Gusti Allah nulungi wong-wong kuwi. Gusti Allah ya mbébaské wong-wong kuwi nganggo kuwasané sing gedhé.+ 18  Pas ing padhang belantara,+ Gusti Allah terus sabar marang nènèk moyangé awaké dhéwé nganti 40 taun. 19  Sakwisé nyingkirké bangsa pitu ing Kanaan, Dhèwèké mbagi-mbagi negara kuwi dadi tanah warisan.+ 20  Kuwi kabèh kelakon saksuwéné kira-kira 450 taun. ”Terus, Gusti Allah mènèhi hakim-hakim nganti jamané Nabi Samuèl.+ 21  Ning sakwisé kuwi, nènèk moyangé awaké dhéwé njaluk raja.+ Mula, Gusti Allah mènèhi wong-wong kuwi raja, yaiku Saul. Saul kuwi anaké Kis saka suku Bènyamin.+ Dhèwèké dadi raja nganti 40 taun. 22  Sakwisé nyingkirké Saul, Dhèwèké ngangkat Daud dadi raja.+ Gusti Allah mènèhi kesaksian soal Daud lan kandha, ’Aku wis milih Daud anaké Isai,+ wong sing nyenengké ati-Ku.+ Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak karepké.’ 23  Kaya sing dijanjèkké, Gusti Allah mènèhi Israèl wong sing bakal nylametké, sing asalé saka keturunané* Daud, yaiku Yésus.+ 24  Sakdurungé Yésus teka, Yohanes wis martakké nèk wong-wong Israèl kudu dibaptis kanggo nduduhké nèk wis mertobat.+ 25  Ning, pas tugasé wis mèh rampung, Yohanes kandha, ’Mbok kira aku iki sapa? Aku iki dudu wong sing mbok entèn-entèni. Ning, wong kuwi bakal teka sakwisé aku, lan aku ora pantes nyopot tali sandhalé.’+ 26  ”Sedulur-sedulur, yaiku keturunané Abraham, lan njenengan kabèh sing wedi marang* Gusti Allah, awaké dhéwé wis ngerti carané Gusti Allah nylametké awaké dhéwé.+ 27  Penduduk Yérusalèm lan para penguasané ora gelem nampa Yésus, ning malah ngadili dhèwèké. Wong-wong kuwi nglakoni apa sing wis diomongké ing Tulisané Para Nabi,+ sing kerep diwacakké saben dina Sabat. 28  Wong-wong kuwi njaluk Pilatus bèn ngukum mati Yésus.+ Padahal, sakjané wong-wong kuwi ora nduwé alesan kanggo ngukum mati Yésus.+ 29  Sakwisé nglakoni kabèh sing wis ditulis soal Yésus, wong-wong kuwi ngedhunké dhèwèké saka cagak* lan ngubur dhèwèké.+ 30  Ning, Gusti Allah nguripké dhèwèké manèh.+ 31  Nganti pirang-pirang dina, dhèwèké nemoni murid-muridé sing mbiyèn ngancani dhèwèké saka Galiléa menyang Yérusalèm. Ya wong-wong kuwi sing saiki mènèhi kesaksian soal dhèwèké marang akèh wong.+ 32  ”Mula, aku lan kancaku ngandhani njenengan kabar apik soal janjiné Gusti Allah marang nènèk moyangé awaké dhéwé. 33  Gusti Allah nguripké manèh Yésus+ bèn isa nepati janji kuwi marang awaké dhéwé, yaiku anak-anaké nènèk moyang. Iki cocog karo apa sing ditulis ing Mazmur keloro sing kandha, ’Kowé anak-Ku. Mulai saiki, Aku dadi Bapakmu.’+ 34  Gusti Allah wis ngomong nèk Yésus bakal diuripké manèh, lan badané ora bakal dijarké dadi rusak.* Gusti Allah ngomong, ’Aku bakal terus nresnani* kowé kaya janjiku marang Daud. Janji iki isa dipercaya.’+ 35  Ing Mazmur liyané ya dikandhakké, ’Njenengan ora bakal ngejarké badané abdi-Mu sing setya dadi rusak.’*+ 36  Nèk Daud, dhèwèké nindakké karepé Gusti Allah sakjegé uripé. Ning pas mati, dhèwèké dikubur bareng karo nènèk moyangé, lan badané dadi rusak.+ 37  Ning nèk Yésus sing diuripké manèh karo Gusti Allah, badané ora rusak.+ 38  ”Dadi sedulur-sedulur, njenengan kabèh tak kandhani nèk Gusti Allah bakal ngapura dosa-dosamu mung liwat wong kuwi.+ 39  Hukum Musa+ ora isa nggawé njenengan dianggep bener karo Gusti Allah. Ning merga wong kuwi wis mati, wong sing percaya isa dianggep bener karo Gusti Allah.+ 40  Mula, njenengan kudu ngati-ati bèn njenengan ora ngalami apa sing diomongké ing Tulisané Para Nabi, yaiku, 41  ’Hé kowé sing wis ngrèmèhké apa sing wis Tak tindakké, kowé bakal kagèt. Kowé bakal lenyap. Kuwi merga kowé ora tau percaya apa sing wis Tak tindakké pas ing jamanmu, senajan kowé wis dikandhani nganti jelas banget.’”+ 42  Pas Paulus karo Barnabas metu saka kono, wong-wong padha njaluk bèn Paulus lan Barnabas ngrembug kuwi manèh ing dina Sabat berikuté. 43  Sakwisé pakumpulan ibadah ing sinagogé rampung, akèh wong Yahudi lan wong sing pindhah agama menyang agama Yahudi padha ngetutké Paulus lan Barnabas. Paulus lan Barnabas ngongkon wong-wong kuwi supaya terus dadi wong sing pantes nampa sipat apikané Gusti Allah.+ 44  Ing dina Sabat berikuté, mèh kabèh wong ing kutha kuwi ngumpul bareng kanggo ngrungokké omongané Yéhuwah.* 45  Wektu ndelok kumpulan wong kuwi, wong Yahudi dadi iri banget. Wong-wong kuwi nentang Paulus lan ngrèmèhké omongané.+ 46  Mula, Paulus lan Barnabas ngomong terus terang karo wong-wong Yahudi kuwi, ”Omongané Gusti Allah pancèn kudu disampèkké luwih dhisik marang kowé.+ Ning kuwi malah mbok tolak lan kowé nduduhké nèk ora pantes urip saklawasé. Mula, omongan kuwi tak umumké marang bangsa-bangsa liya.+ 47  Yéhuwah* wis ngongkon aku kanggo nindakké kuwi. Dhèwèké ngomong, ’Kowé Tak lantik dadi kaya cahaya sing madhangi bangsa-bangsa bèn kowé isa nylametké kabèh wong, termasuk sing manggon ing ujung-ujung bumi.’”+ 48  Wektu krungu soal kuwi, wong-wong saka bangsa liya dadi bahagia lan ngluhurké omongané Yéhuwah.* Kabèh wong sing nduwé sikap sing bener kanggo urip saklawasé dadi percaya. 49  Wong-wong ing kabèh dhaérah ing negara kuwi dadi ngerti soal omongané Yéhuwah.* 50  Ning, wong Yahudi ngojok-ojoki wong-wong penting ing kutha kuwi, termasuk wong-wong wédok sing taat ngibadah lan wong-wong lanang liyané. Akibaté, Paulus lan Barnabas dianiaya+ lan diusir saka dhaérah kuwi. 51  Mula, Paulus lan Barnabas ngebutké debu saka sikilé kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi wis diwènèhi peringatan. Terus, wong loro kuwi lunga menyang Ikonium.+ 52  Murid-murid terus dituntun roh suci lan ngrasa bahagia.+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”prokonsul”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”meraba-raba”.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”wit”.
Utawa ”dadi bosok”.
Utawa ”terus nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”dadi bosok”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.