Mazmur 116:1-19

  • Lagu syukur

    • ”Piyé carané aku isa mbales Yéhuwah?” (12)

    • Ngucap syukur merga wis dislametké (13)

    • ”Aku bakal nepati janjiku marang Yéhuwah” (14, 18)

    • Yéhuwah ngrasa kélangan banget nèk abdiné sing setya mati (15)

116  Aku sayang karo YéhuwahMerga Dhèwèké ngrungokké* aku wektu aku njaluk tulung.+  2  Dhèwèké ngrungokké* aku,+Lan aku bakal njaluk tulung marang Dhèwèké sakjegé uripku.  3  Aku kaya digubed taliné kematian.+ Aku sedhih lan susah. Aku ngrasa nèk wis arep mati.+  4  Aku ndonga marang Yéhuwah lan nyebut jenengé,+”Oh Yéhuwah, tulung slametna aku.”  5  Yéhuwah kuwi bener lan apikan.*+ Gusti Allahé awaké dhéwé kuwi gampang mesakké.+  6  Yéhuwah nuntun wong sing ora nduwé pengalaman.+ Dhèwèké nylametké aku pas aku ngrasa putus asa.  7  Aku ora bakal kuwatir manèhMerga Yéhuwah apikan karo aku.  8  Njenengan nylametké aku bèn aku ora mati. Njenengan nggawé aku ora nangis manèh lan njaga aku bèn ora ambruk.+  9  Uripku bakal tak gunakké kanggo ngabdi marang Yéhuwah.* 10  Merga nduwé iman, aku ngomongké apa sing tak percayani,+Senajan aku ngrasa susah banget, 11  Saking wediné, aku nganti ngomong,”Kabèh manungsa kuwi tukang ngapusi.”+ 12  Piyé carané aku isa mbales YéhuwahMerga Dhèwèké wis apikan karo aku? 13  Aku bakal ngombé nganggo* gelas bèn isa ngucap syukur merga Dhèwèké wis nylametké aku. Aku bakal muji jenengé Yéhuwah. 14  Aku bakal nepati janjiku marang YéhuwahIng ngarepé kabèh umaté.+ 15  Yéhuwah ngrasa kélangan banget*Nèk para abdiné sing setya mati.+ 16  Oh Yéhuwah, aku njaluk tulungMerga aku iki abdi-Mu. Aku ngabdi marang Njenengan, kaya ibuku sing ngabdi marang Njenengan. Njenengan mbébaské aku saka tali sing nggubed aku.+ 17  Aku bakal mènèhi persembahan yaiku ucapan syukur.+ Aku bakal muji jenengé Yéhuwah. 18  Aku bakal nepati janjiku marang Yéhuwah+Ing ngarepé kabèh umaté,+ 19  Ing halaman omahé Yéhuwah,+Ing tengah-tengahé Yérusalèm. Pujinen Yah.*+

Cathetan Ngisor

^ Utawa mungkin ”Aku sayang merga Yéhuwah ngrungokké”.
^ Utawa ”mbungkuk lan ngrungokké”.
^ Utawa ”murah hati”.
^ Lit.: ”Aku bakal mlaku ing ngarepé Yéhuwah ing tanahé wong urip”.
^ Utawa ”ngangkat”.
^ Lit.: ”Berharga kanggo Yéhuwah”.
^ Utawa ”Haléluyah!” ”Yah” kuwi singkatan saka jeneng Yéhuwah.