Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 74

Piwulang bab Seneng Nampa Tamu lan bab Donga

Piwulang bab Seneng Nampa Tamu lan bab Donga

LUKAS 10:38–11:13

  • YÉSUS MARA ING OMAHÉ MARTA LAN MARIA

  • PENTINGÉ TERUS NDONGA

Ing lèrèng sisih wétan Gunung Zaitun, kira-kira telung kilomèter saka kutha Yérusalèm, ana désa sing jenengé Bétani. (Yohanes 11:18) Yésus mrana lan mlebu ing omahé Marta lan Maria. Marta, Maria lan seduluré lanang sing jenengé Lazarus kuwi kancané Yésus, lan wong-wong kuwi seneng nampa Yésus ing omahé.

Isa ditekani Mèsias kuwi bener-bener pakurmatan gedhé. Mula, kanggo mènèhi sing paling apik, Marta nyiapké macem-macem panganan kanggo Yésus. Nanging saksuwéné Marta tandang gawé, Maria lungguh ing cedhak sikilé Yésus lan terus ngrungokké omongané. Akiré, Marta ngandhani Yésus, ”Gusti, apa panjenengan ora weruh nèk Maria ngejarké aku nandangi kabèh dhèwèkan? Kongkonen dhèwèké ngéwangi aku.”​—Lukas 10:40.

Yésus ora nyenèni Maria, nanging malah mènèhi Marta naséhat supaya ora terlalu kuwatir karo bab-bab matèri. Yésus kandha, ”Marta, Marta, kowé terlalu nguwatirké akèh perkara. Padahal sing dibutuhké mung sithik, utawa malah mung siji. Nèk Maria, dhèwèké wis milih bagéan sing paling apik, lan kuwi ora bakal dijupuk saka dhèwèké.” (Lukas 10:41, 42) Dadi, Yésus nduduhké nèk ora perlu ngentèkké wektu kanggo nyiapké macem-macem panganan. Sak macem panganan waé wis cukup.

Karepé Marta pancèn apik. Marta péngin dadi wong sing loma marang tamuné. Nanging merga terlalu nggatèkké bab panganan, Marta dadi kélangan kesempatan sing aji kanggo ngrungokké piwulang saka Putrané Gusti Allah. Yésus ngalem Maria merga nggawé pilihan sing wicaksana, sing bakal mènèhi paédah saksuwéné Maria urip, lan isa dadi piwulang kanggo kita saiki.

Ing kesempatan liya, Yésus mulangké bab penting liyané. Ana murid sing takon marang Yésus, ”Gusti, ajarana aku kabèh carané ndonga, kaya Yohanes uga ngajari murid-muridé.” (Lukas 11:1) Kira-kira siji setengah taun sakdurungé, wektu Ceramah ing Gunung, Yésus wis ngajari carané ndonga. (Matius 6:9-13) Nanging, kayané murid iki ora teka wektu kuwi, mula Yésus mbalèni manèh bab-bab sing penting saka isi dongané. Banjur mènèhi umpama kanggo nduduhké pentingé terus ndonga.

”Saumpama salah siji saka antaramu nduwé kanca, lan kowé marani kancamu kuwi ing tengah wengi banjur kandha, ’Kanca, aku silihana roti telu, merga kancaku sing lagi lelungan mampir ing omahku lan aku ora nduwé apa-apa kanggo disuguhké.’ Nanging, kancamu njawab saka njero omahé, ’Aja ngrépoti aku. Lawang wis tak kunci, lan anak-anakku lagi turu bareng karo aku. Dadi aku ora isa tangi lan mènèhi apa-apa marang kowé.’ Aku ngandhani kowé, senajan kowé kancané, kancamu kuwi ora gelem tangi lan mènèhi apa-apa marang kowé. Nanging, merga kowé terus ngotot, kancamu kuwi mesthi bakal tangi lan mènèhi apa sing kok butuhké.”​—Lukas 11:5-8.

Sing dimaksud Yésus kuwi dudu nèk Yéhuwah ora gelem maringi, kaya kanca ing umpama mau. Nanging, Yésus lagi nduduhké nèk kanca sing mauné ora gelem nulung kuwi waé akiré gelem nulungi merga kancané terus nyuwun, apa manèh Yéhuwah. Yéhuwah kuwi Bapak sing kebak katresnan, mula bakal njawab dongané wong setya sing terus-terusan nyuwun. Yésus kandha, ”Aku kandha marang kowé, terusa njaluk lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog lan kowé bakal dibukakké lawang. Merga saben wong sing njaluk bakal nampa, lan saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang.”​—Lukas 11:9, 10.

Kanggo nandheské inti piwulangé, Yésus mbandhingké Yéhuwah karo bapak manungsa, ”Ing antaramu, apa ana bapak sing bakal mènèhi ula nèk anaké njaluk iwak, utawa mènèhi kalajengking nèk anaké njaluk endhog? Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal maringi roh suci marang wong sing nyuwun marang Panjenengané.” (Lukas 11:11-13) Bener-bener jaminan sing nentremké merga Yéhuwah gelem mirengké lan maringi apa sing kita butuhké.