Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 76

Yésus Maem Bareng karo Wong Farisi

Yésus Maem Bareng karo Wong Farisi

LUKAS 11:37-54

  • YÉSUS NGELOKKÉ WONG FARISI SING MUNAFIK

Ing Yudéa, Yésus nampa undangan maem saka wong Farisi. Kayané iki undangan kanggo maem ing wayah awan. (Lukas 11:37, 38) Sakdurungé maem, wong Farisi nduwé kebiasaan ngwijiki tangané nganti tekan sikut. Nanging Yésus ora. (Matius 15:1, 2) Kebiasaan iki ora nglanggar Hukumé Gusti Allah, nanging sakjané kuwi ora diwajibké.

Wong Farisi kagèt wektu Yésus ora nindakké kebiasaan iki. Yésus ngerti lan kandha, ”Kowé kabèh, wong Farisi, kowé ngresiki bagéan njabané cangkir lan piring, nanging ing njero atimu, kowé kebak keserakahan lan kejahatan. Kowé kabèh wong sing ora masuk akal! Gusti Allah sing nggawé bagéan njaba uga nggawé bagéan njeroné, ta?”​—Lukas 11:39, 40.

Sing dadi masalah kuwi dudu soal ngwijiki tangan sakdurungé maem, nanging soal kemunafikané para pemimpin agama. Wong Farisi lan liyané sing nindakké kebiasaan ngwijiki tangan iki ora ngresiki atiné. Mula Yésus mènèhi naséhat, ”Nèk kowé mènèhi sedhekah, wènèhna kuwi saka ati, lan kowé bakal resik sakabèhé.” (Lukas 11:41) Mènèhi kuwi pancèn kudu saka ati sing tulus, dudu merga péngin dialem wong liya.

Kuwi dudu tegesé wong Farisi ora mènèhi apa-apa. Yésus kandha, ”Kowé mènèhi persepuluhan saka tanduran mint, inggu, lan kabèh rempah liyané, nanging kowé nyepèlèkké keadilan lan katresnan marang Gusti Allah! Mènèhi persepuluhan pancèn wajib ditindakké, nanging sing liyané kuwi ya ora éntuk disepèlèkké.” (Lukas 11:42) Hukumé Gusti Allah ngongkon wong Israèl mènèhi persepuluhan saka panènané. (Pangandharing Torèt 14:22) Kuwi klebu tanduran mint, inggu, lan kabèh rempah liyané. Wong Farisi pancèn mènèhi, malah nganti rincian-rincian sing paling cilik. Nanging, apa wong Farisi uga nindakké bab sing luwih penting sing dipréntahké Hukum Taurat, contoné nindakké keadilan lan andhap asor?​—Mikha 6:8.

Yésus kandha manèh, ”Cilaka kowé wong-wong Farisi, merga kowé seneng lungguh ing kursi sing ngarep dhéwé ing sinagogé lan seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum. Cilaka banget kowé kabèh, merga kowé kaya kuburan sing ora ana tengeré, mula wong ora ngerti nèk kuwi kuburan wektu mlaku ing ndhuwuré.” (Lukas 11:43, 44) Pancèn, wong isa dadi kesandhung nèk liwat kuburan sing ora ana tengeré, lan dadi najis. Yésus nggunakké conto kuwi kanggo nduduhké kanthi cetha nèk wong Farisi sakjané najis, senajan kétoké apik.​—Matius 23:27.

Salah siji wong sing pinter bab hukum Taurat kandha marang Yésus, ”Guru, omongané panjenengan kuwi uga ngrèmèhké aku kabèh.” Nanging, wong Farisi pancèn kudu dikandhani nèk ora isa mbantu wong liya. Yésus kandha, ”Cilaka uga kowé kabèh sing pinter bab hukum Taurat, merga kowé nggawé wong-wong mikul beban sing abot, nanging kowé dhéwé ora gelem ndemèk beban kuwi senajan mung nganggo drijimu siji waé. Cilaka kowé, merga kowé nggawé kuburan kanggo para nabi, padahal leluhurmu dhéwé sing matèni para nabi kuwi.”​—Lukas 11:45-47.

Beban sing dimaksudké Yésus iki yaiku tradhisi lisan lan aturan sing digawé dhéwé wong Farisi bab Hukumé Gusti Allah. Wong Farisi ora nggawé uripé wong dadi gampang, nanging malah meksa kabèh wong mikul beban sing abot. Para leluhuré matèni para nabi wiwit jamané Habél nganti sakterusé. Saiki, wong-wong kuwi nggawé kuburan kanggo para nabi, kayané  bèn dikira ngajèni para nabi. Nanging sikap lan tumindaké niru para leluhuré. Wong Farisi malah ngupaya matèni Nabiné Gusti Allah sing paling penting. Yésus kandha nèk Gusti Allah bakal ngukum wong-wong kuwi. Lan iki kelakon tenan kira-kira 38 taun sakbanjuré, yaiku taun 70 M.

Yésus kandha, ”Cilaka kowé sing pinter bab hukum Taurat, merga kowé wis njupuk kunciné kawruh. Kowé dhéwé ora mlebu lan kowé ngalang-alangi wong-wong sing arep mlebu!” (Lukas 11:52) Wong Farisi malah ngalang-alangi wong-wong sing kuduné dibantu bèn ngerti bab Pangandikané Gusti Allah.

Piyé tanggepané wong Farisi lan para ahli Taurat? Wektu Yésus lunga saka kono, wong-wong kuwi mulai ngincim Yésus, uga ngejokké pitakonan-pitakonan sing luwih akèh. Wong-wong kuwi takon ora merga péngin sinau, nanging kanggo njebak Yésus bèn ngomongké bab sing isa dienggo alesan kanggo nangkep Yésus.