BAGÉAN 3
Pelayanané Yésus ing Galiléa
’Yésus mulai nginjil, ”Kraton Swarga wis cedhak.”’—Matius 4:17
ING BAGÉAN IKI
BAB 20
Mukjijat sing Kapindho ing Kutha Kana
Yésus marèkké cah lanang saka jarak kira-kira 26 kilomèter.
BAB 21
Ing Sinagogé ing Nazarèt
Apa sing diomongké Yésus sing nggawé wong-wong Nazarèt arep matèni dhèwèké?
BAB 22
Papat Muridé Yésus Dadi Tukang Njala Manungsa
Yésus ngundang papat muridé bèn ninggalké gawéané dadi nelayan kanggo nindakké gawéan liyané.
BAB 23
Yésus Nindakké Mukjijat-Mukjijat ing Kapernaum
Wektu ngusir roh-roh jahat, Yésus nglarang roh-roh kuwi ngandhani wong-wong nèk Yésus kuwi Putrané Gusti Allah. Apa sebabé?
BAB 24
Nginjil ing Dhaérah-Dhaérah Liya ing Galiléa
Akèh wong padha teka marang Yésus kanggo dimarèkké, nanging Yésus nerangké nèk nduwé tujuan sing luwih penting ketimbang kuwi.
BAB 25
Yésus Marèkké Wong Lara Kusta
Liwat omongan lan tumindaké marang wong lara kusta, Yésus nduduhké nèk dhèwèké bener-bener perduli karo wong sing dhèwèké marèkké.
BAB 28
Apa Sebabé Murid-Muridé Yésus Ora Pasa?
Yésus nggunakké umpama bab wadhah anggur kanggo mènèhi jawaban.
BAB 29
Apa Éntuk Tumindak Apik Pas Dina Sabat?
Apa sebabé wong-wong Yahudi mungsuhi Yésus wektu marèkké wong lanang sing wis lara suwéné 38 taun?
BAB 30
Yésus Kuwi Putrané Gusti Allah
Miturut wong-wong Yahudi, Yésus madhakké dhèwèké dhéwé kaya Gusti Allah, nanging Yésus nduduhké nèk kedudukané luwih rendhah ketimbang Gusti Allah.
BAB 32
Apa sing Éntuk Ditindakké ing Dina Sabat?
Senajan ora lumrah, wong-wong Farisi lan Saduki nglumpuk merga nduwé tujuan sing padha.
BAB 33
Netepi Ramalané Yésaya
Apa sebabé Yésus ngongkon wong-wong sing dimarèkké bèn ora ngandhani liyané bab sapa dhèwèké lan gawéan sing ditindakké?
BAB 36
Sawijiné Perwira Nduduhké Iman sing Gedhé
Apa sebabé tumindaké perwira Romawi nggawé Yésus nggumun?
BAB 37
Yésus Nguripké Manèh Anaké Randha
Wong-wong sing ndelok kedadéan kuwi ngerti nèk Gusti Allah wis nggatèkké umaté manèh.
BAB 38
Yohanes Péngin Krungu Langsung saka Yésus
Ngapa Yohanes Pembaptis takon apa Yésus kuwi Mèsias? Apa Yohanes dadi ragu-ragu?
BAB 39
Wong-Wong sing Ora Tanggap Dikutuk
Yésus kandha nèk ing Dina Pengadilan, hukuman kanggo Kapernaum bakal luwih abot ketimbang kutha Sodom.
BAB 40
Piwulang bab Ngapurani
Wektu ngapurani wong wadon sing ora nggenah, apa kuwi tegesé Yésus nglanggar hukumé Gusti Allah?
BAB 44
Yésus Ngendhegké Angin Gedhé ing Laut
Wektu ngendhegké angin lan ombak, Yésus mulang bab sing penting sing bakal kelakon ing pamréntahan Kratoné Allah.
BAB 46
Larané Mari Merga Ndemèk Klambi Njabané Yésus
Yésus nduduhké kuwasané lan welas asihé ing kedadéan sing nrenyuhké ati iki.
BAB 47
Bocah Wadon sing Urip Manèh
Wong-wong nggeguyu Yésus wektu kandha nèk bocah wadon sing wis mati kuwi lagi turu. Nanging, Yésus nguripké manèh bocah wadon kuwi.
BAB 48
Yésus Nggawé Mukjijat, Nanging Akèh sing Nolak
Wong-wong ing Nazarèt nolak Yésus ora merga piwulang utawa mukjijaté, nanging merga alesan liyané.
BAB 49
Yésus Nginjil ing Galiléa lan Nglatih Para Rasul
Apa tegese ukara ”Kraton swarga wis cedhak?”
BAB 50
Disiapké kanggo Nginjil Senajan Ditentang
Wektu ana aniaya, apa sebabé Yésus ngandhani para rasulé supaya mlayu padahal wong-wong kuwi ora wedi dipatèni?
BAB 51
Pembunuhan ing Pésta Ulang Taun
Tariané Salomé nggawé Hérodès seneng nganti Hérodès sumpah arep mènèhi apa waé sing dijaluk Salomé. Apa penjaluké Salomé?
BAB 52
Mènèhi Mangan Éwonan Wong Nganggo Roti Lima lan Iwak Loro
Mukjijaté Yésus iki nggumunké banget nganti patang Injil nyathet bab kuwi.
BAB 53
Panguwasa sing Isa Ngendhalèni Angin lan Laut
Apa sing isa disinaoni para rasul wektu Yésus mlaku ing ndhuwur banyu lan ngendhegké angin gedhé?
BAB 54
Yésus Kuwi ”Roti sing Mènèhi Urip”
Apa sebabé Yésus ngelokké wong-wong senajan wong-wong kuwi wis ngupaya marani dhèwèké?
BAB 55
Omongané Yésus Ora Isa Ditampa Akèh Wong
Yésus mulangké bab sing ora isa ditampa, sing nggawé para muridé ninggalké dhèwèké.
BAB 56
Apa sing Nggawé Wong Dadi Najis?
Sing nggawé najis kuwi sing mlebu saka cangkem utawa sing metu saka kuwi?
BAB 57
Yésus Marèkké Bocah Wadon lan Wong Lanang sing Budheg
Apa sebabé wong wadon Fénisia ora lara ati wektu bangsané dipadhakké karo kirik?
BAB 58
Yésus Nggawé Mukjijat bab Roti lan Ngélikké bab Ragi
Para muridé Yésus akiré paham apa sing dimaksud Yésus wektu kandha bab ragi.
BAB 59
Putrané Manungsa Kuwi Sapa?
Kunci-kunci Kraton kuwi apa? Digunakké kanggo sapa waé, lan kepriyé?
BAB 60
Wahyu sing Nduduhké Kamulyané Kristus
Transfigurasi kuwi apa? Apa sing diduduhké saka transfigurasi kuwi?
BAB 61
Yésus Marèkké Cah Lanang sing Kesurupan Roh Jahat
Yésus kandha nèk cah lanang kuwi ora isa dimarèkké merga kurang iman, nanging imané sapa? Cah lanang kuwi, bapaké, utawa para murid?
BAB 62
Piwulang Penting bab Sipat Andhap Asor
Wong diwasa isa sinau bab sing penting saka bocah cilik.
BAB 63
Yésus Mènèhi Naséhat Penting Liyané
Yésus nerangké telung cara ngatasi masalah sing serius ing jemaat.
BAB 64
Pentingé Terus Ngapurani
Yésus nduduhké pandhangané Gusti Allah bab pentingé ngapurani wong liya nganggo umpama bab budhak sing ora nduwé welas asih.
BAB 65
Mulang Wektu ing Perjalanan menyang Yérusalèm
Ing telung omong-omongan cekak, Yésus nduduhké apa sing isa ngalang-alangi wong dadi ora ngetutké Yésus.