Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 103

Yésus Nggawé Resik Bait Manèh

Yésus Nggawé Resik Bait Manèh

MATIUS 21:12, 13, 18, 19 MARKUS 11:12-18 LUKAS 19:45-48 YOHANES 12:20-27

  • YÉSUS NGUTUK WIT ARA LAN NGGAWÉ RESIK BAIT

  • YÉSUS KUDU SÉDA SUPAYA AKÈH WONG ISA URIP SAKLAWASÉ

Yésus lan para muridé wis nginep ing Bétani telung wengi, wiwit wong-wong kuwi teka saka Yérikho. Saiki, dina Senèn tanggal 10 Nisan. Pas isih ésuk banget, Yésus lan para muridé lunga menyang Yérusalèm. Yésus krasa luwé, mula wektu ndelok ana wit ara, Yésus marani wit kuwi. Apa wit kuwi ana wohé?

Usum woh ara kuwi sakjané lagi ing sasi Juni, nanging wektu kuwi godhong-godhongé wis padha thukul padahal isih akir Maret. Mula, wektu marani wit mau Yésus ngira nèk bakal nemokké wohé, nanging ora ketemu. Jebulé, penampilané wit kuwi ngapusi. Yésus banjur kandha, ”Ora ana wong sing bakal mangan wohmu manèh.” (Markus 11:14) Wit ara kuwi langsung alum. Piwulang saka bab iki bakal dikandhakké Yésus sésuk ésuké.

Sakwisé kuwi, Yésus lan para muridé tekan ing Yérusalèm lan langsung lunga menyang bait. Wingi soré, sakjané Yésus wis mara ing bait. Nanging, dina iki Yésus bakal nindakké bab sing mèh padha kaya sing tau ditindakké telung taun sakdurungé pas Paskah taun 30 M. (Yohanes 2:14-16) Dina kuwi Yésus ngusir ”kabèh wong sing dol-tinuku ing bait” lan ”njungkirké méja-méjané para tukang ngijoli dhuwit lan bangku-bangkuné wong-wong sing padha dodolan manuk dara”. (Markus 11:15) Yésus uga nglarang sapa waé sing nggawa barang nrabas liwat bait.

Apa sebabé Yésus tumindak tegas kaya ngono marang wong-wong kuwi? Yésus kandha, ”Apa kowé ora ngerti sing wis ditulis ing Kitab Suci? ’Omah-Ku bakal disebut omah donga kanggo kabèh bangsa’, nanging malah kok dadèkké guwa rampok.” (Markus 11:17) Yésus nyebut wong-wong kuwi rampok merga netepké rega sing larang banget marang wong-wong sing tuku kéwan kanggo kurban. Yésus nganggep tumindak kaya ngono kuwi padha waé meres utawa ngrampok.

Para imam kepala, ahli Taurat, lan para pemimpiné wong Yahudi mesthi krungu tumindaké Yésus iki, lan dadi saya péngin matèni Yésus. Nanging, wong-wong kuwi ora ngerti piyé carané matèni Yésus merga akèh wong padha ngetutké Yésus kanggo ngrungokké piwulangé.

Sing teka ing Paskah kuwi ora mung wong Yahudi asli nanging uga para proselit, yaiku wong sing pindhah agama dadi agama Yahudi. Kuwi klebu wong Yunani sing teka kanggo ngibadah ing riyaya mau. Wong-wong Yunani iki nemoni Filipus, mungkin merga Filipus nduwé jeneng Yunani, lan takon apa isa ketemu karo Yésus. Merga ora yakin bab kuwi, Filipus rembugan karo Andréas. Andréas lan Filipus banjur ngandhani Yésus, sing kayané isih ana ing bait.

Yésus ngerti nèk pirang-pirang dina manèh bakal séda, mula saiki dudu wektuné kanggo nuruti rasa penasarané wong-wong utawa ngupaya bèn terkenal. Yésus banjur nyritakké umpama kanggo njawab rasul loro mau, ”Wektuné wis teka kanggo Putrané manungsa dimulyakké. Saktenané aku kandha, nèk wiji gandum siji ora tiba ing lemah lan ora mati, kuwi mung tetep wiji gandum siji. Nanging nèk mati, kuwi bakal ngasilké akèh woh.”​—Yohanes 12:23, 24.

Wiji gandum siji kayané ora ana ajiné. Nanging nèk wiji kuwi tiba ing lemah lan ”mati”, wiji kuwi isa ngetokké tunas lan ngasilké akèh woh. Semono uga, Yésus kuwi siji manungsa sing sampurna, lan merga setya marang Gusti Allah nganti mati, Yésus isa mbukak dalan bèn akèh wong isa urip saklawasé. Nanging, wong  kuwi kudu lila nggawé pangurbanan. Yésus kandha, ”Sapa waé sing nresnani nyawané, bakal kélangan nyawané. Nanging sapa sing lila kélangan nyawané ing donya iki, bakal nglindhungi nyawané supaya isa urip saklawasé.”​—Yohanes 12:25.

Bab para muridé, Yésus kandha, ”Nèk wong péngin nglayani aku, dhèwèké kudu ngetutké aku. Ing ngendi waé aku ana, pelayanku ya ana ing kono. Nèk wong péngin nglayani aku, Bapak bakal ngajèni dhèwèké.” (Yohanes 12:26) Iki berkah sing gedhé. Wong-wong sing diajèni Yéhuwah bakal mréntah bareng Yésus ing Kratoné Allah.

Merga ngerti nèk sedhéla manèh bakal disiksa lan dipatèni kanthi kejem, Yésus kandha, ”Saiki aku susah banget, lan apa sing kudu tak omongké? Bapak, slametna aku saka mangsa susah iki.” Kuwi dudu tegesé Yésus ora gelem nindakké kersané Gusti Allah. Yésus kandha, ”Nanging, aku teka pancèn kanggo ngadhepi mangsa susah iki.” (Yohanes 12:27) Senajan kudu nganti masrahké nyawané, Yésus tetep gelem nindakké kabèh kersané Gusti Allah.