Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 102

Sang Raja Mlebu Yérusalèm kanthi Nunggang Keledai

Sang Raja Mlebu Yérusalèm kanthi Nunggang Keledai

MATIUS 21:1-11, 14-17 MARKUS 11:1-11 LUKAS 19:29-44 YOHANES 12:12-19

  • YÉSUS DISAMBUT WEKTU MLEBU ING YÉRUSALÈM

  • RAMALAN BAB YÉRUSALÈM SING BAKAL DISIRNAKKÉ

Ing dina sakbanjuré, yaiku dina Minggu tanggal 9 Nisan, Yésus lan para muridé lunga saka Bétani menyang Yérusalèm. Wektu mèh tekan Bètfagé ing Gunung Zaitun, Yésus ngutus muridé cacahé loro:

”Lungaa menyang désa ing ngarep kuwi. Kowé bakal ndelok keledai karo anaké sing lagi dicencang. Uculana taliné lan gawanen mréné loro-loroné. Nèk ana wong sing takon, jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’ Banjur wong kuwi bakal langsung ngekèkké.”​—Matius 21:2, 3.

Wektu kuwi para murid durung paham nèk préntahé Yésus kuwi ana hubungané karo ramalan ing Alkitab. Nanging, akiré wong-wong kuwi padha ngerti nèk kuwi nggenepi ramalané Nabi Zakharia. Zakharia mènèhi ramalan nèk Raja sing dijanjèkké Gusti Allah bakal mlebu ing Yérusalèm kanthi ”lembah panggalihé, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan”.​—Zakharia 9:9.

Wektu para murid tekan ing Bètfagé lan nguculi keledai kuwi lan anaké, wong-wong sing lagi ngadeg ing kono kandha, ”Ngapa kok kowé nguculi anak keledai kuwi?” (Markus 11:5) Nanging wektu ngerti nèk Gusti mbutuhké keledai kuwi, wong-wong kuwi ngejarké murid-murid lunga. Para murid banjur ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré loro keledai kuwi, banjur Yésus lungguh ing ndhuwuré keledai enom.

Wektu Yésus mlebu ing Yérusalèm karo nunggang keledai, ana akèh wong sing nggelar klambi njabané ing dalan. Ana uga sing ”ngethok pang-pangé wit saka ladhang” lan ndèlèhké kuwi ing dalan. Wong-wong kuwi padha mbengok, ”Paringana keslametan! Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah! Muga diberkahi Kraton sing bakal teka, Kratoné Daud, bapak kita!” (Markus 11:8-10) Wong Farisi sing ana ing kana dadi nesu lan kandha marang Yésus, ”Guru, élikna murid-muridmu.” Yésus njawab, ”Aku kandha marang kowé, nèk murid-muridku tetep meneng, watu-watu iki sing bakal mbengok.”​—Lukas 19:39, 40.

Wektu ndelok Yérusalèm, Yésus mulai nangis lan kandha, ”Coba waé kowé ngerti perkara-perkara sing isa nggawé kowé dadi tentrem, nanging saiki perkara-perkara kuwi didhelikké saka kowé.” Yérusalèm bakal dihukum merga sengaja ora manut. Yésus mènèhi ramalan, ”Mungsuh-mungsuhmu nggawé bèntèng saka kayu-kayu lancip ing sak ubengmu. Mungsuh-mungsuhmu bakal ngepung lan nyerang kowé saka arah ngendi-endi. Mungsuh-mungsuhmu bakal nggempur kowé nganti rata karo lemah lan nyirnakké anak-anakmu. Wong-wong kuwi ora bakal ngejarké siji-sijia watu isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.” (Lukas 19:42-44) Lan kaya kandhané Yésus, Yérusalèm pancèn disirnakké ing taun 70 M.

Wektu Yésus mlebu ing Yérusalèm, ”wong sak kutha padha gègèr, lan kandha, ’Sapa wong iki?’” Akèh wong sing ngetutké Yésus kandha, ”Iki Yésus, nabi saka Nazarèt ing Galiléa!” (Matius 21:10, 11) Wong-wong ing rombongan kuwi sing ndelok Yésus nguripké manèh Lazarus ngandhani wong liyané bab mukjijat kuwi. Wong Farisi dadi ora seneng merga rumangsa upayané gagal, banjur padha kandha, ”Wong sak donya wis padha dadi pengikuté.”​—Yohanes 12:18, 19.

Kaya biasané wektu mara ing Yérusalèm, Yésus mlebu ing bait kanggo mulang. Ing kana Yésus marèkké wong wuta lan wong lumpuh. Wektu para imam kepala lan ahli Taurat ngerti tumindaké Yésus iki lan krungu nèk bocah-bocah lanang ing bait padha mbengok, ”Gusti  Allah, paringana keslametan marang Putrané Daud!”, wong-wong kuwi nesu. Banjur kandha marang Yésus, ”Apa kowé krungu omongané bocah-bocah kuwi?” Yésus njawab, ”Ya, aku krungu. Apa kowé durung tau maca tulisan ing Kitab Suci sing kandha, ’Panjenengan nyebabké cangkemé bocah-bocah lan bayi-bayi ngucapké pujian’?”​—Matius 21:15, 16.

Yésus banjur nyawang sakiwa-tengené. Pas wis soré, Yésus mulih bareng karo para rasulé menyang Bétani sakdurungé tanggal 10 Nisan dimulai. Yésus nginep ing Bétani dina Minggu wengi.