Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 21

Ing Sinagogé ing Nazarèt

Ing Sinagogé ing Nazarèt

LUKAS 4:16-31

  • YÉSUS MACA GULUNGAN TULISAN NABI YÉSAYA

  • WONG-WONG NAZARÈT AREP MATÈNI YÉSUS

Luwih saka setaun sakdurungé, Yésus ninggalké Nazarèt kanggo dibaptis Yohanes. Mauné, Yésus kuwi mung tukang kayu. Nanging saiki, Yésus terkenal merga isa nggawé akèh mukjijat. Mula ora nggumunké nèk saiki ing Nazarèt, kutha asalé Yésus, wong-wong padha gègèr merga péngin banget ndelok Yésus nggawé mukjijat.

Wong-wong kuwi saya penasaran wektu Yésus mlebu ing sinagogé kaya kebiasaané. Ibadah ing kono klebu ndonga lan maca kitab-kitab Musa, kaya sing biasa ditindakké ”ing sinagogé-sinagogé ing saben dina sabat”. (Kisah 15:21) Sapérangan bagéan saka kitab para nabi uga diwacakké. Wektu ngadeg kanggo maca, kayané Yésus titèn karo wong-wong sing mbiyèn kerep teka ing sinagogé iki. Gulungan tulisan Nabi Yésaya banjur diserahké marang Yésus lan Yésus nemokké ayat sing kandha bab wong sing dilantik Yéhuwah nganggo roh suci. Ayat kuwi ditulis ing Yésaya 61:1, 2.

Yésus maca bab apa sing bakal diwartakké wong sing dilantik kuwi, yaiku nèk wong sing ditawan bakal dibébaské, wong wuta bakal ndelok manèh, lan bab taun welas asihé Yéhuwah sing bakal teka. Yésus banjur mbalèkké gulungan kuwi marang petugas lan lungguh manèh. Kabèh wong padha nyawang Yésus. Yésus banjur mènèhi penjelasan sing mungkin rada dawa, klebu ngandhani bab penting iki: ”Dina iki, ayat sing lagi waé kok rungokké wis kelakon.”​—Lukas 4:21.

Wong-wong padha nggumun karo ”omongané Yésus sing nyenengké, sing metu saka tutuké”, lan padha kandha marang siji lan sijiné, ”Dhèwèké kuwi anaké Yusuf, ta?” Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi péngin ndelok mukjijaté Yésus, mula Yésus kandha, ”Kowé mesthi bakal nggunakké umpama iki kanggo aku, ’Dokter, marèkna awakmu dhéwé,’ lan kowé kabèh bakal kandha, ’Aku kabèh wis krungu apa sing kok tindakké ing Kapernaum, tindakna uga kuwi ing kéné, ing dhaérah asalmu.’” (Lukas 4:22, 23) Wong-wong Nazarèt mungkin rumangsa dirèmèhké Yésus merga ngrasa nèk Yésus kuduné marèkké dhisik wong-wong saka dhaérah asalé, bar kuwi lagi wong liyané.

Merga ngerti sing dipikirké wong-wong kuwi, Yésus banjur nyebutké conto-conto sing tau kedadéan ing Israèl. Pas jamané Élia, ana akèh randha ing Israèl. Nanging, Élia ora diutus marang para randha kuwi. Élia mung diutus marang randha siji sing dudu wong Israèl, sing manggon ing Zaréfat, kutha cedhak Sidon lan nggawé mukjijat sing nylametké uripé randha kuwi lan anaké. (1 Para Raja 17:8-16) Pas jamané Élisa, ana akèh wong lara kusta ing Israèl, nanging sing dimarèkké Élisa mung Naaman, wong Siria.​—2 Para Raja 5:1, 8-14.

Liwat conto-conto mau, wong Nazarèt kayané ngrasa nèk Yésus lagi ngelokké wong-wong kuwi sing mung mikirké kepentingané dhéwé lan ora nduwé iman. Wong-wong kuwi dadi nesu banget, banjur ngadeg lan cepet-cepet nyèrèd Yésus ing pinggir jurang sing ana ing njaba kutha, lan arep nguncalké Yésus saka kono. Nanging Yésus nrobos kumpulan wong kuwi lan ngalih saka kono. Saiki, Yésus lunga menyang Kapernaum, ing pesisir barat-laut saka Laut Galiléa.