Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 46

Larané Mari Merga Ndemèk Klambi Njabané Yésus

Larané Mari Merga Ndemèk Klambi Njabané Yésus

MATIUS 9:18-22 MARKUS 5:21-34 LUKAS 8:40-48

  • WONG WADON MARI SAKWISÉ NDEMÈK PUCUK KLAMBI NJABANÉ YÉSUS

Warta bab Yésus sing bali saka Dékapolis nyebar ing antarané wong Yahudi sing manggon ing pesisir barat-laut saka Laut Galiléa. Kayané, akèh wong wis krungu nèk Yésus ngendhegké angin gedhé lan marèkké wong sing kesurupan roh jahat. Mula, ”akèh wong” padha nglumpuk ing pinggir laut, kayané ing dhaérah Kapernaum kanggo nyambut Yésus. (Markus 5:21) Wektu Yésus mudhun saka prau, wong-wong kuwi dadi semangat lan nduwé harapan sing gedhé.

Salah siji wong sing péngin banget ketemu Yésus yaiku ketua sinagogé sing jenengé Yairus. Dhèwèké sujud ing sikilé Yésus lan terus-terusan nyuwun, ”Anakku wadon sing isih cilik lara parah. Tulung maraa ing omahku lan tumpangna tanganmu ing ndhuwuré supaya dhèwèké séhat lan tetep urip.” (Markus 5:23) Bocah wadon sing umuré lagi 12 taun kuwi anaké Yairus siji-sijiné, lan aji banget kanggo Yairus. Mula, piyé tanggepané Yésus marang panyuwuné Yairus?​—Lukas 8:42.

Ing perjalanan menyang omahé Yairus, Yésus bakal ngadhepi kahanan sing nrenyuhké ati. Akèh wong sing ngetutké Yésus péngin banget ndelok Yésus nindakké mukjijat liyané. Nanging, ing antarané kumpulan wong kuwi, ana wong wadon sing mung péngin supaya penyakité sing parah isa mari.

Wong wadon Yahudi kuwi wis 12 taun lara pendarahan. Dhèwèké wis nggolèk tamba marang akèh dokter nganti kabèh bandhané entèk. Nanging, dhèwèké ora mari, ”malah saya parah”.​—Markus 5:26.

Coba bayangna, penyakit kuwi ora mung nggawé wong wadon kuwi sengsara, nanging uga isin lan dirèmèhké. Wong sing lara penyakit iki biasané ora bakal crita-crita marang wong liya. Apa manèh miturut Hukum Musa, wong wadon sing ngetokké getih dianggep najis. Sapa waé sing ndemèk dhèwèké utawa klambiné sing gupak getih, kudu adus lan dadi najis nganti srengéngé angslup.​—Kaimaman 15:25-27.

Wong wadon kuwi wis ”krungu bab Yésus”, lan saiki dhèwèké nggolèki Yésus. Merga kahanané sing najis, dhèwèké ndhesel ing sak tengahé wong akèh, lan ngupaya bèn ora konangan. Dhèwèké mbatin, ’Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.’ Wektu dhèwèké akiré ndemèk pucuk klambi njabané Yésus, wong wadon kuwi langsung ngrasa nèk pendarahané mandheg. Dhèwèké ”wis mari saka penyakit sing nggawé dhèwèké sengsara”.​—Markus 5:27-29.

Yésus banjur kandha, ”Sapa sing ndemèk aku?” Miturut panjenengan, piyé perasaané wong wadon mau wektu krungu kuwi? Merga ngrasa pitakonan kuwi anèh, Pétrus kandha, ”Guru, ing sakiwa-tengené panjenengan ana akèh wong sing dhesek-dhesekan.” Mula, apa sebabé Yésus takon kaya ngono? Yésus nerangké, ”Ana sing ndemèk aku, merga aku ngerti ana kuwasa sing metu saka awakku.”​—Lukas 8:45, 46.

Merga ngerti nèk konangan, wong wadon kuwi banjur sujud ing ngarepé Yésus, karo kewedèn lan ndredheg. Ing ngarepé wong akèh, dhèwèké crita bab penyakité lan nèk dhèwèké lagi waé mari. Kanthi alus Yésus kandha, ”Ndhuk, imanmu wis nggawé kowé mari. Lungaa kanthi tentrem. Kowé wis mari saka penyakitmu sing nggawé kowé sengsara.”​—Markus 5:34.

 Cetha banget nèk Pribadi sing dipilih Gusti Allah kanggo mréntah bumi kuwi Pribadi sing perduli lan nduwé welas asih marang manungsa. Ora mung kuwi, dhèwèké uga nduwé kuwasa kanggo nulungi manungsa.