Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 100

Umpama bab Sepuluh Mina

Umpama bab Sepuluh Mina

LUKAS 19:11-28

  • UMPAMA SING DIWULANGKÉ YÉSUS BAB SEPULUH MINA

Senajan tujuané arep menyang Yérusalèm, nanging kayané Yésus isih ana ing omahé Zakhéus karo para muridé. Para murid ngira nèk ”Kratoné Allah” sedhéla manèh bakal madeg lan Yésus bakal dadi Rajané. (Lukas 19:11) Nanging, para murid salah paham bab iki. Mula, Yésus mènèhi umpama sing bakal mbantu para muridé ngerti nèk Kratoné Allah isih bakal madeg sukmbèn.

Yésus kandha, ”Ana bangsawan lunga menyang negara sing adoh kanggo dadi raja, sakwisé kuwi dhèwèké bakal bali.” (Lukas 19:12) Perjalanan kaya ngono mesthi butuh wektu. Yésus kuwi ”bangsawan” sing lunga menyang ”negara sing adoh” yaiku swarga, panggonan wektu Yésus nampa kuwasa dadi Raja saka Bapaké.

Ing umpama kuwi, sakdurungé lunga, ”bangsawan” mau ngundang sepuluh budhaké lan mènèhi saben wong sak mina, lan kandha, ”Gunakna dhuwit iki kanggo bisnis nganti aku bali.” (Lukas 19:13) Sak mina kuwi jumlahé padha kaya opah sing ditampa buruh tani sing kerja luwih saka telung sasi.

Para murid mungkin ngerti nèk sing dimaksud sepuluh budhak mau ya para murid kuwi dhéwé, merga Yésus wis tau madhakké para murid kaya buruh tani sing nglumpukké panènan. (Matius 9:35-38) Hasil panènané dudu gandum, nanging wong-wong sing uga bakal mréntah ing Kratoné Allah. Para murid nggunakké apa waé sing diduwèni kanggo nindakké tugas kuwi.

Yésus nduduhké bab liya manèh saka umpama iki. Yésus kandha nèk penduduk negara kuwi ”sengit marang [bangsawan kuwi]. Wong-wong kuwi ngirim utusan kanggo kandha, ’Aku kabèh ora gelem kowé dadi rajaku.’” (Lukas 19:14) Para murid ngerti nèk wong-wong Yahudi ora gelem nampa Yésus, malah ana sing arep matèni dhèwèké. Sakwisé Yésus séda lan munggah ing swarga, wong Yahudi uga nganiaya para muridé Yésus. Cetha, nèk para penentang kuwi ora gelem Yésus dadi Raja.​—Yohanes 19:15, 16; Kisah 4:13-18; 5:40.

Piyé 10 budhak kuwi nggunakké mina sing diwènèhké mau? Yésus kandha, ”Sakwisé dadi raja, akiré [bangsawan kuwi] bali. Banjur dhèwèké ngundang budhak-budhak sing wis diwènèhi dhuwit. Dhèwèké péngin ngerti pira hasil bisnisé wong-wong kuwi. Banjur budhak sing kapisan mara lan kandha, ’Ndara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung sepuluh mina.’ Dhèwèké kandha, ’Apik banget! Kowé pancèn budhak sing apik! Merga kowé setya ing perkara sing cilik banget, kowé bakal nduwé kuwasa kanggo sepuluh kutha.’ Banjur budhak sing kapindho mara. Budhak kuwi kandha, ’Ndara, nganggo dhuwit mina siji sing panjenengan wènèhké marang aku, aku éntuk untung limang mina. Dhèwèké uga kandha karo budhak mau, ’Kowé uga bakal nduwé kuwasa kanggo limang kutha.’”​—Lukas 19:15-19.

Kaya budhak-budhak sing sregep mau, para murid kudu nggunakké apa waé sing diduwèni kanggo nggawé luwih akèh wong dadi muridé Yésus. Nganggo cara kuwi, Yésus bakal seneng lan mberkahi wong-wong kuwi. Pancèn, ora kabèh muridé Yésus nduwé kahanan, kesempatan, utawa kesanggupan sing padha. Nanging, nèk terus setya nindakké gawéan kuwi, Yésus sing wis ”dadi raja”, bakal ngajèni lan mberkahi.​—Matius 28:19, 20.

Ana budhak sing béda banget karo wong-wong kuwi. Yésus crita, ”Nanging budhak sing liyané mara. Budhak kuwi kandha, ’Ndara, iki dhuwit mina panjenengan, tak buntel nganggo  kain. Ngéné Ndara, aku wedi karo panjenengan merga panjenengan kuwi wong sing kasar. Panjenengan njupuk dhuwit sing ora panjenengan tabung, lan panjenengan manèn sing ora panjenengan sebar.’ Dhèwèké kandha marang budhak mau, ’Budhak sing jahat! Saka omonganmu dhéwé kuwi aku bakal ngadili kowé. Kowé wis ngerti nèk aku wong sing kasar, sing njupuk dhuwit sing ora tak tabung lan manèn sing ora tak sebar. Terus ngapa kowé ora nglebokké dhuwitku ing bank? Dadi wektu aku bali, aku isa njupuk dhuwit kuwi karo bungané.’ Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong sing ngadeg ing kono, ’Jupuken dhuwit mina kuwi saka dhèwèké lan wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh mina.’”​—Lukas 19:20-24.

Merga ora ngupaya kanggo nambahi bandhané majikané, budhak kuwi bakal kélangan apa sing diduwèni. Para rasul ngerti nèk Yésus bakal dadi Raja ing Kratoné Allah. Mula, omongané Yésus marang budhak sing pungkasan iki mau, kayané nggawé para rasul sadhar nèk ora sregep, wong-wong kuwi ya ora bakal isa mréntah ing Kratoné Allah bareng Yésus.

Omongané Yésus mesthi nyemangati para murid sing setya kanggo ngupaya luwih sregep manèh. Yésus nyimpulké, ”Aku kandha marang kowé, sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh. Nanging, sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké.” Yésus banjur kandha nèk mungsuh-mungsuhé, sing ora gelem Yésus dadi ”rajané”, bakal dihukum mati. Sakwisé kuwi, Yésus neruské perjalanané menyang Yérusalèm.​—Lukas 19:26-28.