Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 107

Raja Ngundang Wong-Wong ing Pésta Mantènan

Raja Ngundang Wong-Wong ing Pésta Mantènan

MATIUS 22:1-14

  • UMPAMA BAB PÉSTA MANTÈNAN

Pelayanané Yésus ing bumi wis arep rampung, lan Yésus terus nggunakké akèh umpama kanggo nyingkapké sipat jahaté para ahli Taurat lan imam kepala. Mula, wong-wong kuwi péngin matèni Yésus. (Lukas 20:19) Saiki, Yésus mènèhi umpama liyané:

”Kraton swarga kuwi kaya raja sing nganakké pésta mantènan kanggo anaké lanang. Raja kuwi ngutus para budhaké kanggo nyeluk para undangan menyang pésta mantènan kuwi, nanging wong-wong mau ora gelem teka.” (Matius 22:2, 3) Yésus nyebutké bab ”Kraton swarga”, mula ”raja” kuwi mesthi maksudé Yéhuwah. ”Anaké lanang” raja kuwi maksudé Putrané Yéhuwah, yaiku Yésus sing lagi ngomongké umpama iki, lan para undangan kuwi maksudé wong-wong sing bakal mréntah bareng Putra mau ing Kraton swarga.

Sapa wong-wong sing sepisanan diundang? Wong-wong Yahudi, merga wong-wong kuwi sing wis krungu dhisik warta bab Kratoné Allah saka Yésus lan para rasulé. (Matius 10:6, 7; 15:24) Bangsa iki nampa perjanjian Hukum Musa ing taun 1513 SM, mula wong-wong kuwi sing sepisanan éntuk kesempatan dadi anggota ”karajan kaimaman”. (Pangentasan 19:5-8) Nanging, kapan wong-wong kuwi bener-bener diundang ing ”pésta mantènan”? Undangan kuwi diwènèhké ing taun 29 M, wektu Yésus mulai martakké bab Kraton swarga.

Piyé tanggepané akèh-akèhé wong Israèl? Kaya sing diomongké Yésus, ”wong-wong mau ora gelem teka”. Akèh-akèhé para pemimpin agama lan wong Israèl ora gelem nampa Yésus dadi Mèsias lan calon Raja sing dipilih Gusti Allah.

Nanging, Yésus nduduhké nèk wong Yahudi bakal éntuk kesempatan kapindho, ”Banjur raja mau ngutus budhak-budhak liyané, lan kandha, ’Omonga marang wong-wong sing wis diundang: ”Aku wis nyiapké akèh maeman. Sapi lan ternak pilihan wis tak belèh. Kabèh wis siap. Ayo padha teka ing pésta!”’ Nanging para undangan kuwi ora perduli, malah padha lunga. Ana sing menyang ladhang, ana sing ngurusi usahané, sing liyané malah nangkep para budhak mau, banjur para budhak kuwi dianiaya lan dipatèni.”  (Matius 22:4-6) Iki kelakon wektu jemaat Kristen madeg. Ing wektu kuwi, wong Yahudi sakjané isih nduwé kesempatan kanggo mréntah ing Kraton swarga. Nanging akèh-akèhé nolak, malah nganiaya ’budhak-budhaké raja’.​—Kisah 4:13-18; 7:54, 58.

Apa akibaté? Yésus kandha, ”Raja dadi nesu banget, banjur ngutus tentarané kanggo matèni kabèh sing wis matèni budhak-budhaké, lan mbakar kuthané wong-wong kuwi.” (Matius 22:7) Kuwi sing dialami wong Yahudi ing taun 70 M, wektu wong Romawi nyirnakké Yérusalèm.

Sakwisé wong-wong kuwi nolak undangané raja, apa ora ana manèh sing diundang? Ana. Yésus kandha, ”Raja ngomong marang para abdiné, ’Pésta mantènané wis siap, nanging para undangan kuwi ora pantes teka ing pésta iki. Mula, lungaa menyang dalan-dalan utama, lan undangen sapa waé sing kok temoni kanggo teka ing pésta mantènan iki.’ Para budhak mau banjur lunga lan nglumpukké sapa waé sing ditemoni ing dalan, klebu wong jahat lan apik. Panggonan kanggo pésta kuwi nganti kebak tamu.”​—Matius 22:8-10.

Iki diwiwiti wektu rasul Pétrus mbantu wong-wong saka bangsa liya dadi wong Kristen. Ing taun 36 M, Kornélius, sawijiné perwira Romawi, lan keluargané nampa roh suci, banjur éntuk kesempatan kanggo mréntah bareng Yésus ing swarga.​—Kisah 10:1, 34-48.

Yésus ngandhani nèk ora kabèh tamu bakal ditampa ”raja”. Yésus kandha, ”Wektu raja mlebu kanggo nemoni para tamu, dhèwèké ndelok ana wong lanang sing ora nganggo klambi pésta. Mula raja takon, ’Ngapa kowé teka mréné ora nganggo klambi pésta?’ Wong kuwi meneng waé. Raja banjur ngongkon para abdiné, ’Talènana tangané lan sikilé, terus uncalna ing njaba, ing pepeteng. Ing kono, dhèwèké bakal nangis lan gela banget.’ Akèh wong sing diundang, nanging sing dipilih mung sithik.”​—Matius 22:11-14.

Para pemimpin agama sing krungu omongané Yésus mungkin ora paham tegesé umpama mau. Nanging, wong-wong kuwi ora seneng, malah tékadé saya gedhé kanggo matèni Yésus merga wis ngisin-isinké wong-wong kuwi.