Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 35

Ceramah ing Gunung

Ceramah ing Gunung

MATIUS 5:1–7:29 LUKAS 6:17-49

  • CERAMAH ING GUNUNG

Yésus mesthi wis kesel sakwisé ndonga sewengi muput lan milih 12 murid dadi rasulé. Saiki wis awan, nanging Yésus isih sanggup lan péngin mbantu wong-wong. Dhèwèké nindakké kuwi ing lèrèng gunung ing Galiléa, kayané ora adoh saka panggonané Yésus nginep, yaiku ing Kapernaum.

Akèh wong padha teka marani Yésus saka dhaérah-dhaérah sing adoh. Ana sing saka kidul, yaiku saka Yérusalèm lan dhaérah-dhaérah ing Yudéa. Sing liyané saka Tirus lan Sidon, kutha-kutha ing cedhak laut. Apa sebabé wong-wong kuwi nggolèki Yésus? ”Kanggo ngrungokké Yésus lan dimarèkké saka penyakité.” Lan kuwi sing kedadéan, Yésus nggawé ’kabèh wong-wong kuwi mari’. Bayangna, kabèh wong sing lara dimarèkké! Yésus uga marèkké wong sing kesurupan, yaiku ”wong sing diganggu roh najis”.​—Lukas 6:17-19.

Yésus banjur nggolèk panggonan sing rata ing lèrèng gunung, lan akèh wong padha ngumpul ngubengi Yésus. Para muridé, kususé 12 rasul, mungkin lungguh paling cedhak karo Yésus. Kabèh wong péngin banget ngrungokké guru sing isa nindakké akèh mukjijat. Yésus nyampèkké ceramah sing maédahi kanggo wong-wong sing ngrungokké, klebu kita saiki. Kuwi merga Yésus nyampèkké wulangan sing bener lan jero nganggo cara sing sedherhana lan jelas. Yésus nggunakké conto-conto lan bab-bab sing dingertèni akèh wong. Iki nggawé piwulangé gampang dingertèni wong-wong sing péngin urip luwih apik miturut tuntunané Gusti Allah. Apa waé bab-bab penting saka ceramahé Yésus sing nggawé ceramah kuwi dadi istiméwa?

SAPA WONG SING BENER-BENER BUNGAH?

Yésus ngerti nèk kabèh wong péngin bungah, mula Yésus miwiti ceramahé nganggo cara nerangké sapa wong sing bener-bener bungah kuwi. Wong-wong mesthi dadi péngin nggatèkké. Nanging, ana bab-bab sing wong-wong kuwi ora ngerti.

Yésus kandha, ”Bungah wong-wong sing mbutuhké tuntunané Gusti Allah, merga Kraton swarga bakal dadi duwèké. Bungah wong-wong sing sedhih, merga bakal dilipur. . . . Bungah wong-wong sing luwé lan ngelak marang apa sing bener, merga bakal dipuaské. . . . Bungah wong-wong sing dianiaya merga apa sing bener, merga Kraton swarga bakal dadi duwèké. Bungah kowé nèk ana wong sing ngécé, nganiaya, lan mitenah kowé nganggo tudhuhan-tudhuhan palsu merga aku. . . . Padha bungaha lan senenga.”​—Matius 5:3-12.

Apa maksudé Yésus wektu kandha ”bungah”? Kuwi dudu mung perasaan seneng utawa ceria wektu ngrasakké kahanan sing apik. Kabungahan sing sejati luwih saka kuwi. Wong sing bungah bener-bener ngrasa puas, uripé marem lan ana tujuané.

Yésus kandha nèk wong sing mbutuhké tuntunané Gusti Allah, wong sing sedhih merga kahanané sing dosa, lan wong sing kenal sarta ngabdi marang Gusti Allah kuwi wong sing bener-bener bungah. Senajan disengiti utawa dianiaya merga nindakké kersané Gusti Allah, wong-wong kuwi bungah merga ngerti nèk wis nyenengké Gusti Allah lan Gusti Allah bakal maringi urip langgeng.

Miturut akèh wong, sing nggawé bungah kuwi nèk nduwé akèh bandha lan isa seneng-seneng terus. Sewaliké, Yésus malah kandha, ”Cilaka kowé sing sugih, merga kowé wis ngrasakké kabèh kesenengan ing urip sing sakjané bakal kok tampa sukmbèn. Cilaka kowé sing saiki wareg, merga kowé bakal luwé. Cilaka kowé sing saiki ngguyu, merga kowé bakal ngrasakké susah lan nangis. Cilaka kowé nèk kabèh wong ngalem kowé, merga mbiyèn leluhuré wong-wong kuwi uga ngalem nabi-nabi palsu.”​—Lukas 6:24-26.

Apa sebabé wong sing sugih, sing ngguyu, lan sing dialem malah disebut cilaka? Merga nèk seneng marang bab-bab kuwi, wong isa ora ngutamakké ibadah marang Gusti Allah manèh, sing sakjané dadi kabungahan sejati. Yésus ora kandha nèk wong miskin utawa luwé mesthi bungah. Nanging, wong sing kekurangan kerep-kerepé malah sing gelem ngrungokké piwulangé Yésus lan éntuk kabungahan sejati.

Yésus kandha marang murid-muridé, ”Kowé kuwi uyahé donya.” (Matius 5:13) Mesthiné murid-muridé Yésus kuwi dudu uyah tenanan. Nanging, uyah kuwi salah siji bahan pengawèt. Ing cedhak mésbah ing baité Gusti Allah, ana sak tumpuk uyah sing didèlèhké ing kono kanggo mbumboni persembahan. Uyah uga nglambangké kahanan sing ora rusak utawa ora bosok. (Kaimaman 2:13; Yéheskièl 43:23, 24) Murid-muridé Yésus kuwi ”uyahé donya” merga murid-muridé Yésus isa mbantu wong-wong supaya aja nganti kélangan hubungan sing apik karo Yéhuwah, lan mbantu wong-wong supaya aja nganti moralé rusak.

Yésus uga ngandhani murid-muridé, ”Kowé kuwi pepadhangé donya.” Lampu minyak ora didèlèhké ing ngisor kranjang nanging ing panggonan sing dhuwur bèn isa madhangi. Mula Yésus kandha, ”Duduhna pepadhangmu liwat tumindak sing apik, supaya wong-wong isa ndelok tumindakmu sing apik kuwi lan ngluhurké Bapakmu sing ana ing swarga.”​—Matius 5:14-16.

PATHOKAN SING LUHUR KANGGO PARA PENGIKUTÉ YÉSUS

Para pemimpin agama Yahudi nganggep Yésus kuwi wong sing nglanggar Hukumé Gusti Allah, lan nduwé rencana kanggo matèni Yésus. Mula Yésus kandha, ”Aja mikir nèk aku teka kanggo nyirnakké Taurat utawa Kitab Para Nabi. Aku teka ora kanggo nyirnakké, nanging kanggo netepi kuwi kabèh.”​—Matius 5:17.

Cetha nèk Yésus ngajèni banget Hukumé Gusti Allah lan ngongkon wong liya nindakké sing padha. Yésus kandha, ”Sapa waé sing nglanggar salah siji préntah mau senajan sing paling cilik, lan ngajari liyané supaya nindakké sing padha, bakal dianggep paling cilik ing bab Kraton swarga.” Maksudé, wong kaya ngono ora bakal mlebu ing Kraton swarga. Yésus kandha manèh, ”Nanging, sapa waé sing nindakké préntah kuwi, lan ngajari liyané nindakké sing padha, bakal dianggep gedhé ing bab Kraton swarga.”​—Matius 5:19.

Yésus ngutuk pikiran lan sikap sing isa nggawé wong nglanggar Hukumé Gusti Allah. Sakwisé nyuplik hukum Taurat sing kandha, ”Aja matèni”, Yésus banjur kandha, ”Saben wong sing terus nesu marang seduluré bakal digawa menyang pengadilan.” (Matius 5:21, 22) Terus nesu karo wong liya kuwi mbebayani lan mungkin isa nggawé wong dadi matèni. Kuwi sebabé, Yésus nerangké nèk kita kudu ngupaya rukun, ”Mula, nèk kowé nggawa kurban ing mésbah lan ing kono kowé kèlingan sedulurmu lagi jèngkèl marang kowé, tinggalen kurbanmu ing ngarepé mésbah, lan lungaa. Rukuna dhisik karo sedulurmu, banjur balia lan wènèhna kurbanmu.”​—Matius 5:23, 24.

Hukum Taurat uga nglarang laku jina. Yésus kandha, ”Kowé wis krungu omongan, ’Aja laku jina.’ Nanging aku kandha marang kowé nèk saben wong sing terus nyawang wong wadon nganti nduwé nafsu marang dhèwèké, kuwi wis laku jina ing njero atiné.” (Matius 5:27, 28) Sing dimaksud Yésus kuwi ora mung bab-bab saru sing metu sedhéla ing pikiran, nanging Yésus nandheské bahayané nèk wong ”terus nyawang”. Nèk terus-terusan nyawang isa nggawé wong nduwé nafsu. Banjur nèk ana kesempatan, dhèwèké isa laku jina. Piyé carané bèn aja nganti nindakké kuwi? Dhèwèké kudu nggawé pangurbanan sing gedhé. Yésus kandha, ”Dadi saiki, nèk mripatmu tengen nyebabké kowé nindakké dosa, cungkilen kuwi lan buwangen. . . . Nèk tanganmu tengen nyebabké kowé nindakké dosa, tugelen kuwi lan buwangen.”​—Matius 5:29, 30.

Ana wong sing gelem mbuwang anggota badané sing kena penyakit supaya isa terus urip. Mula, masuk akal nèk Yésus kandha luwih penting ’mbuwang’ apa waé, senajan kuwi ajiné kaya mata utawa tangan, supaya isa ngedohi pikiran lan tumindak sing saru. Yésus nerangké, ”Luwih becik kowé kélangan salah siji tanganmu ketimbang badanmu sakwutuhé mlebu ing Géhéna.” Géhéna kuwi panggonan kanggo ngobong sampah sing ana ing njabané témbok Yérusalèm, lan dadi lambang hukuman sing langgeng yaiku disirnakké saklawasé.

Yésus uga mènèhi naséhat bab carané ngadhepi wong sing tumindak ora adil lan nglarani ati. Yésus kandha, ”Aja nglawan wong sing tumindak jahat. Nanging, nèk pipimu tengen ditapuk, wènèhna uga pipimu kiwa.” (Matius 5:39) Iki dudu tegesé nèk wong ora éntuk mbéla dhiri utawa nglindhungi keluargané wektu diserang. Ditapuk kuwi ora nggawé wong dadi lara parah utawa mati, nanging isa nggawé masalah. Dadi maksudé Yésus, nèk ana wong sing ngojok-ojoki kita bèn padu utawa udur-uduran, mungkin nganggo cara napuk utawa ngécé, kita ora éntuk mbales.

Naséhat iki cocog karo hukumé Gusti Allah bab nresnani wong liya. Dadi, Yésus mènèhi naséhat, ”Terus tresnaa marang mungsuh-mungsuhmu lan dongakna wong-wong sing nganiaya kowé.” Yésus ngandhani alesané, ”Supaya kowé isa kebukti dadi putra-putrané Bapakmu ing swarga, merga Panjenengané nggawé srengéngé mlethèk kanggo wong sing jahat lan wong sing apik.”​—Matius 5:44, 45.

Yésus nyimpulké bagéan ing ceramah iki kanthi kandha, ”Mula, dadia sampurna, kaya Bapakmu ing swarga sing sampurna.” (Matius 5:48) Sing dimaksud Yésus kuwi dudu supaya manungsa dadi sampurna. Nanging, nèk niru Gusti Allah, kita isa saya nresnani wong liya klebu mungsuh-mungsuh kita. Yésus kandha, ”Terus duduhna welas asih, kaya Bapakmu sing nduduhké welas asih.”​—Lukas 6:36.

DONGA LAN IMAN MARANG GUSTI ALLAH

Yésus neruské ceramahé, ”Aja tumindak apik mung supaya didelok wong.” Yésus ngutuk wong-wong munafik sing sok suci. Yésus kandha, ”Nèk kowé mènèhi sedhekah, aja dicritak-critakké marang wong liya, kaya sing ditindakké wong munafik.” (Matius 6:1, 2) Dadi, wektu kita mènèhi, ora usah dicritak-critakké.

Yésus banjur kandha, ”Wektu kowé ndonga aja kaya wong munafik. Wong-wong kuwi seneng ndonga karo ngadeg ing sinagogé lan ing prapatan supaya didelok wong. . . . Nanging wektu ndonga, mlebua ing kamar lan sakwisé lawangé kok tutup, ndongaa marang Bapakmu sing ora katon.” (Matius 6:5, 6) Yésus ora nglarang kita ndonga ing ngarepé wong akèh, merga Yésus dhéwé ya nindakké kuwi. Sing dilarang Yésus kuwi ndonga sing diucapké kanggo nggawé wong nggumun lan muji-muji kita.

Yésus kandha, ”Wektu ndonga, aja ngucapké tembung-tembung sing padha lan dibolan-balèni kaya sing ditindakké wong-wong saka bangsa-bangsa.” (Matius 6:7) Maksudé Yésus kuwi dudu ora éntuk ndongakké sawijiné bab ping bola-bali. Nanging sing ora éntuk kuwi nèk nggunakké tembung-tembung sing diapalké lan ”dibolan-balèni”. Yésus banjur mènèhi conto donga sing isiné pitung panyuwun. Telung panyuwun sing sepisanan ana hubungané karo haké Gusti Allah kanggo mréntah lan kersané, yaiku supaya asmané disucèkké, Kratoné rawuh, lan kersané kelakon. Sakwisé kuwi, kita lagi isa ndongakké kebutuhan kita, contoné nyuwun maeman saben dina, nyuwun pangapura, nyuwun supaya ora nyerah wektu digodha, uga nyuwun supaya dislametké saka si jahat.

Piyé kuduné sikap kita marang bandha? Yésus kandha, ”Aja nglumpukké manèh bandha ing bumi, merga renget lan tèyèng isa ngrusak kuwi, lan maling uga isa nyolong.” Naséhat iki pancèn masuk akal. Bandha matèri isa ilang lan sirna, uga ora isa nggawé kita nduwé hubungan sing cedhak karo Gusti Allah. Kuwi sebabé, Yésus kandha, ”Klumpukna bandha ing swarga.” Kita isa nindakké iki nganggo cara ngutamakké ibadah marang Gusti Allah ing urip. Ora ana sing isa ngrampas hubungan kita sing apik karo Gusti Allah utawa pangarep-arep urip langgeng. Omongané Yésus iki kebukti bener: ”Ing ngendi bandhamu, ya ing kono kuwi atimu.”​—Matius 6:19-21.

Kanggo nerangké bab iki, Yésus mènèhi umpama, ”Pepadhangé badan kuwi mripat. Dadi, nèk mripatmu fokus, badanmu sakwutuhé bakal padhang. Nanging nèk mripatmu seneng iri, badanmu sakwutuhé bakal peteng.” (Matius 6:22, 23) Nèk fungsiné apik, mripat isa kaya lampu sing madhangi kita. Bèn isa kaya ngono, kita kudu fokus ngibadah marang Gusti Allah. Nèk fokus ing perkara matèri, kita isa nggawé keputusan sing salah ing urip. Mula ’badan [kita] sakwutuhé bakal peteng’, lan kita mungkin bakal nindakké bab-bab sing ora bener.

Yésus nandheské bab kuwi kanthi kandha, ”Ora ana sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. Merga dhèwèké bakal gething marang sing siji lan nresnani sijiné, utawa dhèwèké bakal setya marang sing siji lan ngrèmèhké sijiné. Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ing wektu sing padha dadi budhaké Bandha.”​—Matius 6:24.

Sapérangan wong sing ngrungokké Yésus mungkin kuwatir bab kebutuhan matèriné. Mula, Yésus mènèhi jaminan nèk ngutamakké ibadah marang Gusti Allah, wong-wong kuwi ora perlu kuwatir. ”Coba delengen manuk-manuk ing langit. Manuk-manuk kuwi ora nyebar winih utawa manèn utawa nyimpen panganan, nanging Bapakmu ing swarga maringi pangan manuk-manuk kuwi.”​—Matius 6:26.

Ing sakiwa-tengené gunung kuwi ana kembang-kembang lili. Yésus kandha nèk ”senajan Salomo sugih banget, sandhangané [Salomo] ora luwih apik ketimbang kembang-kembang kuwi”. Apa piwulangé? ”Nèk tanduran ing kebon waé, sing saiki urip terus sésuk diobong, diparingi sandhangan sing éndah karo Gusti Allah, apa manèh kowé.” (Matius 6:29, 30) Yésus kandha, ”Aja nganti kuwatir lan kandha, ’Apa sing bakal tak pangan?’ utawa, ’Apa sing bakal tak ombé?’ utawa, ’Apa sing bakal tak enggo?’ . . . Bapakmu ing swarga ngerti nèk kowé mbutuhké kuwi kabèh. Mula, terus utamakna dhisik Kratoné Allah lan apa sing bener miturut Gusti Allah, lan kabèh perkara liyané bakal diparingké marang kowé.”​—Matius 6:31-33.

CARANÉ SUPAYA ÉNTUK URIP LANGGENG

Para rasul lan wong-wong liyané sing tulus péngin urip manut kersané Gusti Allah, nanging iki ora gampang. Akèh wong Farisi seneng nggolèk-nggolèk kesalahan lan ngadili kanthi kasar. Dadi, Yésus mènèhi naséhat wong-wong ing kono, ”Aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili, merga kowé bakal diadili miturut caramu ngadili.”​—Matius 7:1, 2.

Yésus mènèhi umpama kanggo nduduhké bahayané manut tuntunané wong Farisi sing seneng nggolèk-nggolèk kesalahan kuwi. Yésus kandha, ”Apa wong wuta isa nuntun wong wuta? Loro-loroné mesthi bakal kecemplung kalèn, ta?” Dadi, murid-muridé Yésus ora olèh seneng nggolèk-nggolèk kesalahan, merga kuwi pelanggaran sing serius. Yésus kandha, ”Kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ’Kéné tak ilangané dami sing ana ing mripatmu,’ padahal kowé dhéwé ora ndelok ana balok kayu ing mripatmu? Wong munafik! Ilangana dhisik balok kayu saka mripatmu, banjur kowé isa ndelok cetha lan ngilangi dami sing ana ing mripaté sedulurmu.”​—Lukas 6:39-42.

Iki dudu tegesé nèk para murid ora éntuk ngadili utawa nggawé penilaian babar blas. Yésus ngélikké para murid, ”Aja mènèhké bab sing suci marang asu lan aja nguncalké mutiaramu marang babi.” (Matius 7:6) Wulangan sing bener saka Kitab Suci kuwi aji, diumpamakké kaya mutiara. Nèk ana wong-wong sing tumindak kaya kéwan, yaiku ora ngajèni wulangan sing aji, murid-murid kudu ninggalké wong-wong kuwi lan nggolèk wong liyané sing gelem nampa.

Yésus nerangké manèh pentingé terus ndonga. Yésus kandha, ”Terusa njaluk, lan kowé bakal diwènèhi.” Gusti Allah siap njawab donga. Yésus nandheské bab iki kanthi takon, ”Apa ana ing antaramu sing bakal mènèhi watu nèk anaké njaluk roti? . . . Nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal maringi apa sing apik kanggo wong-wong sing nyuwun marang Panjenengané.”​—Matius 7:7-11.

Yésus banjur ngomongké apa sing saiki disebut Aturan Emas, ”Apa sing kok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi tindakna marang wong mau.” Kita mesthi péngin terus ngéling-éling lan ngetrapké naséhat iki wektu urusan karo wong liya. Nanging, isa waé kuwi ora gampang. Yésus kandha, ”Mlebua liwat gerbang sing sempit, merga gerbang sing amba lan dalan sing jembar kuwi ngarah menyang pati, lan akèh wong sing liwat gerbang kuwi. Nanging, gerbang sing sempit lan dalan sing ciyut kuwi ngarah menyang urip, lan mung wong sithik sing nemokké kuwi.”​—Matius 7:12-14.

Ana wong-wong sing bakal nyasarké murid-murid saka dalan sing ngarah menyang urip langgeng, mula Yésus ngélikké, ”Waspadaa marang nabi-nabi palsu sing marani kowé kanthi éthok-éthok dadi wedhus gèmbèl, padahal asliné serigala sing rakus.” (Matius 7:15) Yésus kandha nèk wit sing apik lan sing èlèk isa didelok saka wohé. Kita uga isa nitèni nabi palsu saka wulangan lan tumindaké. Yésus nerangké nèk wong isa dadi muridé ora mung saka omongané, nanging uga saka tumindaké. Piyé nèk ana wong sing ngaku-ngaku Yésus kuwi Gustiné, nanging ora nindakké kersané Gusti Allah? Yésus kandha, ”Aku bakal njawab wong-wong kuwi, ’Aku ora kenal karo kowé! Kowé wong-wong sing nglanggar hukum, lungaa kana!’”—Matius 7:23.

Yésus mungkasi ceramahé kanthi kandha, ”Saben wong sing ngrungokké lan nindakké omonganku iki bakal kaya wong wicaksana sing mbangun omahé ing ndhuwur watu. Wektu ana udan deres, banjir, lan angin gedhé sing nerjang, omah kuwi ora ambruk merga dibangun ing ndhuwur watu.” (Matius 7:24, 25) Apa sing nyebabké omah kuwi tetep madeg? Merga wong sing mbangun ”nggali lemah nganti jero lan nggawé pondhasi ing ndhuwur watu”. (Lukas 6:48) Dadi, ora cukup nèk mung ngrungokké omongané Yésus, kita uga kudu ngupaya tenanan ’nindakké omongané’.

Banjur, piyé nèk wong ’ngrungokké omongané’ Yésus iki, nanging ”ora gelem nindakké”? Wong kuwi ”kaya wong bodho sing mbangun omahé ing ndhuwur pasir”. (Matius 7:26) Udan, banjir, lan angin bakal nggawé omah kuwi ambruk.

Kumpulan wong akèh kuwi nggumun karo carané Yésus mulang, merga sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya para pemimpin agama. Mungkin, akèh wong sing ngrungokké Yésus iki akiré dadi pengikuté.