Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 108

Yésus Ora Isa Dijebak

Yésus Ora Isa Dijebak

MATIUS 22:15-40 MARKUS 12:13-34 LUKAS 20:20-40

  • WÈNÈHNA MARANG KAISAR APA SING DADI DUWÈKÉ KAISAR

  • APA WONG BAKAL NIKAH SAKWISÉ DIURIPKÉ MANÈH?

  • RONG PRÉNTAH SING PALING PENTING

Para pemimpin agama padha nesu merga Yésus lagi waé mènèhi umpama sing nyingkapké sipat jahaté wong-wong kuwi. Mula, wong Farisi nggawé rencana bèn Yésus kejebak karo omongané dhéwé lan ditangkep pamréntah Romawi. Wong-wong kuwi mbayar sapérangan pengikuté kanggo njebak Yésus.​—Lukas 6:7.

Wong-wong sing wis dibayar kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk sing panjenengan omongké lan wulangké kuwi mesthi bener. Panjenengan uga ora mbédak-mbédakké wong, nanging mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah kanggo manungsa. Mula, kita éntuk mbayar pajeg kepala marang Kaisar apa ora?” (Lukas 20:21, 22) Yésus ora kapusan wektu dialem kaya ngono. Yésus ngerti wong-wong kuwi munafik lan licik. Nèk njawab, ’Ora éntuk’, Yésus isa ditudhuh nyebabké pemberontakan marang pamréntah Romawi. Nanging nèk kandha, ’Éntuk’, wong-wong ing kono, sing ora pati seneng karo pamréntah Romawi, isa salah paham lan nyerang Yésus. Mula, apa jawabané Yésus?

Yésus kandha, ”Wong munafik, ngapa kowé nguji aku? Duduhna dhuwit rècèh kanggo mbayar pajeg kuwi.” Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Banjur Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”​—Matius 22:18-21.

Wong-wong kuwi nggumun karo jawabané Yésus, banjur lunga merga ora isa ngomong apa-apa manèh. Nanging, ana wong-wong liyané  sing isih ngupaya njebak Yésus. Sakwisé wong Farisi gagal, wong Saduki banjur teka marani Yésus.

Wong Saduki, sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh, takon bab urip manèh lan perkawinan ipar: ”Guru, Musa kandha, ’Nèk wong lanang mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing mati mau, supaya wong sing mati mau nduwé keturunan.’ Ing kéné tau ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah banjur mati tanpa nduwé keturunan. Dadi, adhiné lanang terus nikah karo randha mau. Sing kapindho mau ya mati tanpa nduwé keturunan, sing katelu ya ngono. Kuwi kelakon terus nganti sing kapitu. Akiré wong wadon kuwi uga mati. Terus wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis tau dadi bojoné.”​—Matius 22:24-28.

Yésus njawab nganggo tulisané Musa, sing dipercaya karo wong Saduki mau. Yésus kandha, ”Kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah, mulané kowé klèru. Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong lanang lan wong wadon ora bakal nikah utawa dinikahké, nanging bakal dadi kaya malaékat ing swarga. Nanging bab wong mati sing diuripké manèh, apa kowé ora tau maca ing kitab Musa bab suket eri sing murub? Wektu kuwi Gusti Allah ngendika marang Musa, ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’ Panjenengané kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, nanging Gusti Allahé wong urip. Kowé klèru banget.” (Markus 12:24-27; Pangentasan 3:1-6) Akèh wong sing nggumun karo jawaban kuwi.

Wong Farisi lan Saduki ora isa mbantah omongané Yésus, mula saiki wong-wong kuwi sepakat kanggo nguji Yésus. Salah siji ahli Taurat takon marang Yésus, ”Guru, préntah endi sing paling penting ing hukum Taurat?”​—Matius 22:36.

Yésus njawab, ”Iki sing paling penting: ’Israèl, rungokna! Yéhuwah kuwi Gusti Allah kita, Yéhuwah kuwi ésa, lan tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, sakwutuhé pikiranmu, lan sakwutuhé kekuwatanmu.’ Sing kapindho, ’Tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.’ Ora ana préntah liya sing luwih penting ketimbang rong préntah kuwi.”​—Markus 12:29-31.

Banjur ahli Taurat kuwi njawab, ”Guru, jawabané panjenengan apik banget lan cocog karo apa sing bener yaiku, ’Gusti Allah kuwi ésa, lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Panjenengané’. Lan, nresnani Panjenengané nganggo sakwutuhé ati, sakwutuhé pikiran, lan sakwutuhé kekuwatan, uga nresnani pepadha kaya nresnani awaké dhéwé kuwi luwih penting ketimbang mènèhké kurban bakaran lan kurban liyané.” Merga wong lanang kuwi njawab kanthi wicaksana, Yésus kandha marang dhèwèké, ”Kowé ora adoh saka Kratoné Allah.”​—Markus 12:32-34.

Yésus mulang ing bait telung dina suwéné (tanggal 9, 10, lan 11 Nisan). Ana wong-wong sing seneng ngrungokké Yésus klebu para ahli Taurat. Senajan ngono, para pemimpin agama kuwi ”ora wani takon manèh marang Yésus”.