Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 116

Yésus Ngwijiki Sikilé Para Rasulé

Yésus Ngwijiki Sikilé Para Rasulé

MATIUS 26:20 MARKUS 14:17 LUKAS 22:14-18 YOHANES 13:1-17

  • YÉSUS MAEM JAMUAN PASKAH SING PUNGKASAN BARENG PARA RASULÉ

  • YÉSUS NGWIJIKI SIKILÉ PARA RASULÉ KANGGO MULANG BAB SIPAT ANDHAP ASOR

Pétrus lan Yohanes ana ing Yérusalèm kanggo nyiapké Paskah, kaya préntahé Yésus. Banjur, Yésus lan sepuluh rasul liyané mangkat menyang Yérusalèm. Wektu Yésus lan para rasulé mudhun saka Gunung Zaitun, dinané wis soré lan srengéngéné wis arep angslup. Iki sing pungkasané Yésus ndelok Yérusalèm saka Gunung Zaitun nganti sakwisé Yésus diuripké manèh.

Ora let suwé, Yésus lan para rasulé tekan ing Yérusalèm, banjur padha lunga menyang omah sing arep digunakké kanggo maem jamuan Paskah. Wong-wong kuwi munggah ing lantai ndhuwur, ing ruangan sing amba. Kabèh persiapan kanggo jamuan Paskah wis siap ing kono. Yésus kandha, ”Aku wis kepéngin banget mangan Paskah iki bareng karo kowé kabèh sakdurungé aku ngalami sengsara.”​—Lukas 22:15.

Ing jaman semono, ngiderké cawan sing isiné anggur wis dadi kebiasaan wektu acara Paskah. Mula, sakwisé njupuk cawan anggur, Yésus ngucap sokur lan kandha, ”Jupuken cawan iki lan iderna menyang saben wong ing antaramu, merga aku ngandhani kowé kabèh, wiwit saiki aku ora bakal ngombé anggur manèh nganti Kratoné Allah teka.” (Lukas 22:17, 18) Omongané Yésus cetha nduduhké nèk dhèwèké sedhéla manèh arep séda.

Ing tengah-tengah acara, Yésus ngadeg, nyopot klambi njabané, lan njupuk andhuk. Banjur ngisèni baskom sing ana ing cedhak kono nganggo banyu lan mulai ngwijiki sikilé para rasulé. Biasané, sing nduwé omah bakal ngongkon pembantuné kanggo nindakké gawéan iki. (Lukas 7:44) Nanging wektu kuwi, sing nduwé omah ora ana ing kono, mula Yésus sing nindakké gawéan kuwi. Senajan para rasul sakjané isa nindakké iki, nanging ora ana sing gelem. Apa merga isih padha padu bab sapa sing paling penting? Apa waé alesané, sing mesthi para rasul isin wektu sikilé diwijiki Yésus.

Wektu tekan gilirané Simon Pétrus, dhèwèké protès, ”Aja nganti panjenengan ngwijiki sikilku.” Yésus njawab, ”Nèk aku ora ngwijiki sikilmu, kowé ora isa bareng aku.” Pétrus kandha manèh, ”Gusti, aja mung ngwijiki sikilku, nanging uga tangan lan sirahku.” Yésus njawab, ”Wong sing wis adus, mung perlu diwijiki sikilé, merga badané wis resik. Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh ing antaramu resik.” (Yohanes 13:8-10) Jawabané Yésus iki mesthi nggawé Pétrus kagèt banget.

Yésus ngwijiki sikilé kabèh rasulé, klebu sikilé  Yudas Iskariot. Sakwisé nganggo klambi njabané lan lungguh manèh, Yésus takon, ”Apa kowé ngerti ngapa aku nindakké kuwi mau marang kowé? Kowé nyebut aku, ’Guru’ lan ’Gusti’, lan kuwi pancèn bener. Nèk aku waé, senajan Gusti lan Guru, gelem ngwijiki sikilmu, kowé uga kudu padha ngwijiki sikilé siji lan sijiné. Aku wis mènèhi tuladha kanggo kowé, supaya kowé uga nindakké apa sing tak tindakké marang kowé. Saktenané aku kandha marang kowé, budhak ora ngungkuli majikané, lan wong sing diutus ora ngungkuli wong sing ngutus. Saiki kowé ngerti bab-bab iki, nanging kowé bakal bungah nèk kowé nindakké kuwi.”​—Yohanes 13:12-17.

Iki piwulang sing apik banget bab sipat andhap asor. Pengikuté Yésus ora éntuk nggolèk panggonan sing utama, mikir nèk dhèwèké luwih penting lan kudu dilayani. Nanging, para murid kudu niru contoné Yésus. Iki dudu tegesé para murid kudu ngwijiki sikilé wong liya, nanging gelem nglayani kanthi andhap asor lan ora mbédak-mbédakké.