Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 61

Yésus Marèkké Cah Lanang sing Kesurupan Roh Jahat

Yésus Marèkké Cah Lanang sing Kesurupan Roh Jahat

MATIUS 17:14-20 MARKUS 9:14-29 LUKAS 9:37-43

  • DIBUTUHKÉ IMAN SING KUWAT KANGGO MARÈKKÉ BOCAH SING KESURUPAN

Wektu mudhun saka gunung, Yésus, Pétrus, Yakobus, lan Yohanes ndelok ana akèh wong padha ngumpul. Para ahli Taurat ngubengi para murid lan bebantahan karo para murid. Wong-wong padha kagèt wektu weruh Yésus, banjur padha mlayu marani Yésus kanggo ngucapké salam. Yésus takon, ”Kowé kabèh lagi bebantahan karo wong-wong kuwi bab apa?”​—Markus 9:16.

Salah siji wong lanang saka kumpulan wong kuwi sujud ing ngarepé Yésus lan kandha, ”Guru, aku nggawa anakku lanang marang panjenengan, merga dhèwèké kesurupan roh jahat sing marahi dhèwèké bisu. Saben roh jahat kuwi nyerang, bocah iki dibanting ing lemah, cangkemé metu busané, lan untuné kerot-kerot, uga kentèkan tenaga. Aku wis nyuwun tulung murid-muridé panjenengan kanggo ngusir roh jahat kuwi, nanging murid-muridé panjenengan ora isa.”​—Markus 9:17, 18.

Kayané, para ahli Taurat ngelokké lan ngécé upayané para murid merga ora isa marèkké cah lanang kuwi. Mula, ketimbang nanggepi bapaké cah lanang mau, Yésus kandha marang wong akèh ing kono, ”Kowé kabèh kuwi wong-wong sing ora nduwé iman lan kebak dosa, nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé kabèh?” Iki omongan sing tegas saka Yésus kanggo para ahli Taurat sing nggawé masalah karo para murid wektu Yésus ora ana. Banjur, Yésus kandha marang bapaké cah kuwi, ”Gawanen dhèwèké mréné.”​—Matius 17:17.

Wektu cah lanang kuwi digawa marang Yésus, roh jahat sing ngleboni cah kuwi langsung nggawé cah kuwi kejang-kejang. Sakwisé tiba ing lemah, cah kuwi gulung-gulung lan cangkemé metu busané. Yésus takon karo bapaké cah kuwi, ”Wiwit kapan anakmu kaya ngéné iki?”  Bapaké njawab, ”Wiwit cilik. Roh jahat kuwi kerep nguncalké dhèwèké ing geni lan ing banyu kanggo matèni dhèwèké.” Bapaké nyuwun, ”Nanging nèk panjenengan isa, nyuwun tulung welasana aku lan tulungana aku.”​—Markus 9:21, 22.

Bapaké cah kuwi wis putus asa banget, merga para muridé Yésus waé ya ora isa mbantu dhèwèké. Kanggo nanggepi panyuwuné bapak kuwi, Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé ngomong, ’Nèk panjenengan isa’? Ora ana sing mustahil kanggo wong sing nduwé iman.” Bapaké cah kuwi langsung mbengok, ”Aku nduwé iman! Tulungana supaya imanku luwih kuwat!”​—Markus 9:23, 24.

Yésus ndelok wong akèh padha mlayu nyedhak. Ing ngarepé akèh wong, Yésus nggetak roh najis kuwi, ”Hé, roh bisu lan budheg, kowé tak préntahké, metua saka bocah iki lan aja bali manèh!” Wektu arep metu, roh jahat kuwi nggawé cah lanang mau mbengok lan kejang-kejang. Cah kuwi kétok kaya wong sing wis mati. Mula akèh wong padha kandha, ”Dhèwèké mati!” (Markus 9:25, 26) Nanging wektu Yésus nyekel tangané bocah mau, cah kuwi banjur tangi lan ”ing wektu kuwi uga, bocah kuwi mari”. (Matius 17:18) Wis mesthi, wong-wong dadi padha nggumun karo tumindaké Yésus.

Mbiyèn, wektu diutus Yésus kanggo nginjil, para muridé isa ngusir roh-roh jahat. Mula saiki, wektu mung karo Yésus, para murid takon, ”Apa sebabé aku ora isa ngusir roh jahat kuwi?” Yésus nerangké nèk kuwi merga para muridé kurang iman. Yésus kandha, ”Sing kaya ngono kuwi mung isa diusir nganggo donga.” (Markus 9:28, 29) Iman sing kuwat lan ndonga njaluk bantuané Gusti Allah dibutuhké kanggo ngusir roh jahat sing kuwat.

Yésus nyimpulké, ”Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak wiji sesawi waé, kowé bakal isa ngongkon gunung iki, ’Pindhaha mrana,’ lan gunung kuwi bakal pindhah. Ora ana sing mustahil kanggo kowé.” (Matius 17:20) Kuwasané iman pancèn gedhé banget.

Tantangan lan kahanan sing angèl wektu nglayani Yéhuwah isa waé ora isa diatasi lan ora isa disingkirké kaya gunung sing gedhé. Nanging, nèk nguwatké iman, kita isa ngatasi tantangan lan kahanan sing angèl sing gedhéné sak gunung.