Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 95

Piwulang bab Pegatan lan Nresnani Bocah-Bocah

Piwulang bab Pegatan lan Nresnani Bocah-Bocah

MATIUS 19:1-15 MARKUS 10:1-16 LUKAS 18:15-17

  • YÉSUS NGANDHANI PANDHANGANÉ GUSTI ALLAH BAB PEGATAN

  • ANUGRAH ORA BEBOJOAN

  • TULADHANÉ BOCAH CILIK

Saka Galiléa, Yésus lan para muridé nyabrang Kali Yordan banjur mlaku menyang arah kidul ngliwati Péréa. Sakdurungé, pas ana ing Péréa, Yésus ngandhani wong Farisi pathokané Gusti Allah bab pegatan. (Lukas 16:18) Saiki, wong-wong kuwi ngupaya ngrembug bab kuwi manèh kanggo nguji Yésus.

Musa nulis nèk wong wadon isa dipegat nèk ’ana tindaké sing ora pantes’. (Pangandharing Torèt 24:1) Wong nduwé pendapat béda-béda bab apa sing isa dianggep dadi dhasar kanggo pegatan. Ana sing rumangsa nèk kuwi klebu bab-bab sing sepélé. Mula, wong Farisi takon, ”Apa miturut hukum wong lanang éntuk megat bojoné nganggo alesan apa waé?”​—Matius 19:3.

Ketimbang ngrembug bab pendapaté manungsa, Yésus kanthi wicaksana ngrembug piyé pandhangané Gusti Allah bab perkawinan. Yésus kandha, ”Apa kowé durung tau maca nèk saka wiwitan Gusti Allah nggawé manungsa lanang lan wadon, banjur ngendika, ’Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapaké lan ibuné, terus bakal urip bareng karo bojoné, lan loro-loroné kuwi bakal dadi siji’? Mula, wong lanang lan wong wadon kuwi dudu loro manèh, nanging siji. Kuwi sebabé, apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.” (Matius 19:4-6) Wektu ndadèkké siji Adam lan Hawa, Gusti Allah ora nggawé pengaturan kanggo pegatan.

Wong Farisi padha protès, ”Terus, apa sebabé Musa ngongkon wong mènèhi surat pegatan resmi lan ngéntukké wong megat bojoné?” (Matius 19:7) Yésus njawab, ”Kuwi merga kowé ndableg, mula Musa ngéntukké kowé megat bojomu. Nanging saka wiwitan sakjané ora kaya ngono.” (Matius 19:8) ”Wiwitan” iki maksudé wektu Gusti Allah sepisanan nggawé perkawinan ing Èden, dudu pas jamané Musa.

Yésus banjur mènèhi piwulang sing penting, ”Aku kandha marang kowé, nèk ana wong sing megat bojoné sakliyané merga hubungan sèks sing ora sah [Yunani, porneia], banjur nikah karo wong liya, kuwi tegesé wong kuwi laku jina.” (Matius 19:9) Dadi, miturut Kitab Suci, siji-sijiné dhasar kanggo pegatan kuwi mung hubungan sèks sing ora sah.

Para muridé Yésus banjur kandha, ”Nèk urip bebojoan kahanané kaya ngono, luwih becik ora bebojoan.” (Matius 19:10) Cetha, wong sing péngin nikah kudu paham nèk urip bebojoan kuwi kanggo saklawasé.

Bab ora bebojoan, Yésus nerangké nèk ana wong sing ora bebojoan merga cacad wiwit lair. Sing liyané merga didadèkké kaya ngono karo wong liya, mula ora isa nindakké hubungan sèks. Ana uga sing sakjané nduwé pepénginan sèksual, nanging ditahan merga péngin ngabdi luwih akèh kanggo Kraton swarga. Yésus mènèhi naséhat, ”Nèk ana wong sing milih tetep ora bebojoan, ya bèn dilakoni.”​—Matius 19:12.

Saiki, wong-wong mulai padha nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus. Nanging, para murid nyenèni wong-wong kuwi, kayané bèn bocah-bocah kuwi ora ngganggu Yésus. Wektu weruh iki, Yésus nesu lan kandha marang para muridé, ”Ejarna waé bocah-bocah kuwi nyedhak marang aku, aja kok alang-alangi, merga Kratoné Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono. Saktenané aku kandha, sapa waé sing ora nampa Kratoné Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.”​—Markus 10:14, 15; Lukas 18:15.

 Iki piwulang sing bener-bener apik. Bèn isa nampa Kratoné Allah, kita kudu andhap asor lan gelem diwulang kaya bocah-bocah. Yésus saiki nduduhké katresnané marang bocah cilik nganggo cara ngrangkul lan mberkahi bocah-bocah kuwi. Yésus uga nresnani kabèh wong sing ”nampa Kratoné Allah kaya bocah cilik”.​—Lukas 18:17.