Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 106

Rong Umpama bab Kebon Anggur

Rong Umpama bab Kebon Anggur

MATIUS 21:28-46 MARKUS 12:1-12 LUKAS 20:9-19

  • UMPAMA BAB ANAK LANANG LORO

  • UMPAMA BAB PARA PETANI

Ing bait, para imam kepala lan para pemimpin lagi waé nantang wewenangé Yésus kanggo nindakké akèh perkara. Jawabané Yésus nggawé wong-wong kuwi padha meneng. Yésus saiki mènèhi umpama sing nduduhké kaya apa sejatiné wong-wong kuwi.

Yésus kandha, ”Ana wong lanang nduwé anak loro. Dhèwèké ngongkon anak sing nomer siji, ’Lé, dina iki kowé nyambut gawéa ing kebon anggur.’ Anaké kuwi njawab, ’Emoh, Pak,’ nanging bar kuwi dhèwèké gela, mula terus mangkat. Wektu ngongkon anaké sing nomer loro nindakké sing padha, anaké kuwi njawab, ’Ya, Pak,’ nanging ora mangkat. Anak sing endi sing manut karo bapaké?” (Matius 21:28-31) Jawabané jelas, anak sing nomer siji kuwi sing akiré nindakké karepé bapaké.

Yésus ngandhani para penentangé, ”Saktenané aku kandha marang kowé, para petugas pajeg lan pelacur bakal mlebu ing Kratoné Allah luwih dhisik ketimbang kowé.” Para petugas pajeg lan pelacur mauné ora ngabdi marang Gusti Allah. Nanging kaya anak sing nomer siji, wong-wong kuwi banjur mertobat lan saiki ngabdi marang Gusti Allah. Sewaliké, para pemimpin agama kaya anak sing nomer loro, sing ngakuné ngabdi marang Gusti Allah nanging ora nindakké kersané. Yésus kandha, ”Wektu Yohanes [Pembaptis] teka marang kowé kanggo mulangké sing bener, kowé ora percaya marang dhèwèké. Nanging petugas pajeg lan pelacur malah percaya marang dhèwèké. Lan kowé, senajan wis weruh iki, kowé tetep ora ngrasa gela lan ora percaya marang dhèwèké.”​—Matius 21:31, 32.

Yésus banjur nyritakké umpama liyané. Yésus nduduhké nèk para pemimpin agama ora mung ora ngabdi marang Gusti Allah, nanging uga jahat banget. Yésus crita, ”Ana wong lanang sing nggawé kebon anggur lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké uga nggawé panggonan kanggo meres anggur lan ngedegké menara jaga. Banjur dhèwèké nyéwakké kebon angguré marang para petani, terus lunga menyang luar negri. Wektu wis wayahé panèn anggur, dhèwèké ngutus salah siji budhaké marang para petani kuwi kanggo njupuk sebagéan woh anggur saka kebon anggur kuwi. Nanging para petani mau nangkep budhak kuwi, nggebugi dhèwèké, lan budhak kuwi dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. Banjur dhèwèké ngutus budhak liyané manèh, nanging para petani mau nggebugi sirahé lan tumindak sewenang-wenang marang budhak kuwi. Dhèwèké banjur ngutus budhak liyané, nanging para petani mau matèni budhak kuwi. Dhèwèké ngutus manèh akèh budhak liyané, nanging sebagéan budhak kuwi digebugi lan sebagéan dipatèni.”​—Markus 12:1-5.

Wong-wong kuwi mungkin kèlingan karo omongané Yésaya: ”Pakebonané anggur Sang Yéhuwah Gustiné sarwa tumitah iku turuné Israèl, lan para wong Yéhuda iku tetanduran kang diremeni; kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran.” (Yésaya 5:7) Padha kaya kuwi, sing nduwé kebon anggur kuwi Yéhuwah, lan kebon anggur kuwi bangsa Israèl, sing dipageri lan dilindhungi nganggo Hukumé Gusti Allah. Yéhuwah ngutus nabi-nabi kanggo mulang lan mbantu umaté ngasilké woh sing apik.

Nanging, ”para petani” tumindak jahat lan matèni ”budhak” sing diutus mau. Yésus kandha, ”Saiki sing diduwèni mung kari wong siji, yaiku anaké lanang sing ditresnani. Akiré, dhèwèké ngutus anaké marang wong-wong kuwi, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ Nanging para petani kuwi kandha marang siji lan sijiné, ’Wong kuwi ahli warisé. Ayo  dipatèni, lan warisané bakal dadi duwèké awaké dhéwé.’ Mula wong-wong kuwi nangkep, matèni, lan nyèrèd ahli waris kuwi menyang njabané kebon anggur.”​—Markus 12:6-8.

Yésus banjur takon, ”Apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi?” (Markus 12:9) Para pemimpin agama njawab, ”Merga para petani kuwi jahat, sing nduwé kebon anggur mesthi bakal matèni wong-wong kuwi lan bakal nyéwakké kebon angguré marang petani liya, sing bakal ngekèki woh wektu musim panèn anggur.”​—Matius 21:41.

Tanpa sadhar para pemimpin agama kuwi lagi ngomongké bab hukuman sing bakal ditampa wong-wong kuwi dhéwé, merga sing dimaksud ”para petani” ya wong-wong kuwi dhéwé. Woh sing dikersakké Yéhuwah saka para petani kuwi klebu nduwé iman marang Putrané, yaiku Mèsias. Yésus banjur nyawang para pemimpin agama lan kandha, ”Apa kowé ora tau maca ayat iki ing Kitab Suci? ’Watu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utama. Kuwi asalé saka Yéhuwah lan nggumunké banget kanggo kita.’” (Markus 12:10, 11) Yésus nyimpulké, ”Kuwi sebabé aku kandha marang kowé, Kratoné Allah bakal dijupuk saka kowé lan diwènèhké marang sawijiné bangsa sing nindakké kersané Gusti Allah.”​—Matius 21:43.

Para ahli Taurat lan imam kepala ngerti ”nèk wong-wong kuwi dhéwé sing lagi diomongké Yésus ing umpama mau”. (Lukas 20:19) Wong-wong kuwi saya péngin matèni Yésus, ”ahli waris” sing saktenané. Nanging Yésus ora dipatèni wektu kuwi merga wong-wong kuwi wedi karo wong akèh sing nganggep Yésus kuwi nabi.