Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 82

Pelayanané Yésus ing Péréa

Pelayanané Yésus ing Péréa

LUKAS 13:22–14:6

  • NGUPAYA SAKUWATÉ KANGGO MLEBU LIWAT LAWANG SING SEMPIT

  • YÉSUS BAKAL DIPATÈNI ING YÉRUSALÈM

Yésus wis mulang lan marèkké akèh wong ing Yudéa lan Yérusalèm. Sakwisé kuwi, Yésus nyabrang Kali Yordan kanggo mulang saka kutha menyang kutha ing dhaérah Péréa. Nanging, ora let suwé, Yésus arep bali manèh ing Yérusalèm.

Ing Péréa, ana wong lanang takon marang Yésus, ”Gusti, apa cacahé wong sing dislametké mung sithik?” Wong lanang iki mungkin ngerti nèk para pemimpin agama padha bebantahan bab sepira akèhé wong sing bakal dislametké. Yésus ora gelem ngrembug bab kuwi, nanging malah nerangké apa sing kudu ditindakké bèn isa slamet. Yésus kandha, ”Ngupayaa sakuwaté tenagamu kanggo mlebu liwat lawang sing sempit.” Dadi, dibutuhké upaya tenanan. Apa sebabé? Yésus nerangké, ”Merga aku ngandhani kowé, akèh sing péngin mlebu nanging ora isa.”​—Lukas 13:23, 24.

Kanggo nduduhké nèk dibutuhké upaya tenanan, Yésus kandha, ”Wektu sing nduwé omah wis ngancing lawangé, kowé bakal ngadeg ing njaba lan dhodhog-dhodhog, karo kandha, ’Ndara, bukakna lawang.’ . . . Nanging sing nduwé omah bakal njawab, ’Aku ora ngerti kowé kuwi sapa. Lungaa kana, wong-wong sing nindakké kejahatan!’”—Lukas 13:25-27.

Umpama iki nduduhké nèk wong sing teka telat ora bakal isa mlebu merga lawangé wis ditutup lan dikunci. Dhèwèké kuduné teka luwih gasik, senajan wektuné mungkin ora cocog kanggo dhèwèké. Kuwi kaya akèh wong sing kuduné éntuk paédah saka piwulangé Yésus. Wong-wong kuwi gagal nggunakké kesempatan kanggo ngutamakké ibadah sejati ing uripé. Wong-wong kuwi ya ora gelem nampa Yésus, sing wis diutus Gusti Allah kanggo nylametké. Yésus kandha nèk wong-wong kuwi bakal ”nangis lan gela banget” wektu diusir metu. Sewaliké, wong-wong saka kabèh bangsa, yaiku ’saka wétan lan kulon, uga saka lor lan kidul, bakal lungguh kanggo mangan ing Kratoné Allah’.​—Lukas 13:28, 29.

Yésus nerangké, ”Ana wong-wong sing pungkasan [contoné wong-wong Yahudi sing dirèmèhké lan wong saka bangsa liya] sing bakal dadi sing kapisan, lan ana wong-wong sing kapisan [yaiku para pemimpin agama sing sombong merga dadi keturunané Abraham] sing bakal dadi sing pungkasan.” (Lukas 13:30) Wong-wong iki bakal dadi ”sing pungkasan” merga ora nduwé matur nuwun, lan babar blas ora bakal mlebu ing Kratoné Allah.

Sapérangan wong Farisi teka marani Yésus lan kandha, ”Metua lan lungaa saka kéné, merga Hérodès [Antipas] péngin matèni kowé.” Mungkin, Raja Hérodès dhéwé sing nyebarké warta kuwi supaya Yésus wedi lan ninggalké wilayah kuwi. Hérodès wis matèni Yohanes Pembaptis, lan mungkin wedi nèk kudu matèni  manèh nabi liyané. Nanging, Yésus kandha marang wong Farisi, ”Lungaa lan kandhanana wong licik kuwi, ’Dina iki lan sésuk aku ngusir roh-roh jahat lan marèkké wong, banjur sésuké manèh aku bakal rampung.’” (Lukas 13:31, 32) Yésus ora gelem diakali utawa diatur-atur karo Hérodès utawa sapa waé. Yésus nduwé tékad kanggo nindakké tugas sing diparingké Bapaké, lan nindakké kuwi miturut jadwalé Gusti Allah, dudu manungsa.

Yésus banjur neruské perjalanané menyang Yérusalèm, merga kandhané, ”Ora mungkin nabi dipatèni ing njaba kutha Yérusalèm.” (Lukas 13:33) Ora ana ramalan ing Alkitab sing kandha nèk Mèsias kudu mati ing kutha kuwi. Dadi, apa sebabé Yésus kandha nèk bakal dipatèni ing kana? Yérusalèm kuwi pusaté ibadah, lan ing kana ana mahkamah agung Sanhèdrin sing anggotané 71 wong. Wong-wong kuwi sing biasané ngadili wong-wong sing ditudhuh dadi nabi palsu. Apa manèh, kurban-kurban uga dipersembahké ing Yérusalèm. Dadi, Yésus ngerti tenan nèk dhèwèké bakal dipatèni ing Yérusalèm.

Kanthi sedhih Yésus kandha, ”Yérusalèm, Yérusalèm, sing matèni para nabi lan mbandhemi watu wong-wong sing diutus marang kowé, wis ping bola bali aku ngupaya nglumpukké anak-anakmu kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor swiwiné. Nanging kowé padha ora gelem. Mula, baitmu bakal ditinggal dadi suwung lan sepi.” (Lukas 13:34, 35) Bangsa kuwi nolak Putrané Gusti Allah lan bakal dihukum.

Sakdurungé tekan Yérusalèm, ana pemimpiné wong Farisi sing ngundang Yésus kanggo maem ing omahé pas dina Sabat. Tamu-tamu liyané nggatèkké apa sing bakal ditindakké Yésus marang wong lanang ing kono, sing nduwé penyakit sing marakké awaké abuh (merga kakèhan cairan ing awaké, biasané ing pupu lan sikilé). Yésus takon marang wong Farisi lan para ahli Taurat, ”Apa miturut hukum éntuk marèkké wong ing dina Sabat?”​—Lukas 14:3.

Ora ana sing njawab. Yésus banjur marèkké wong lanang kuwi lan kandha, ”Nèk ing antaramu, anak utawa sapiné kecemplung sumur pas dina Sabat, mesthi bakal cepet-cepet kok angkat metu saka sumur kuwi, ta?” (Lukas 14:5) Sepisan manèh, ora ana sing isa mbantah omongané Yésus sing masuk akal kuwi.