Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 135

Yésus Nemoni Akèh Wong Sakwisé Diuripké Manèh

Yésus Nemoni Akèh Wong Sakwisé Diuripké Manèh

LUKAS 24:13-49 YOHANES 20:19-29

  • YÉSUS NEMONI LORO MURIDÉ ING PERJALANAN MENYANG ÉMAUS

  • YÉSUS NERANGKÉ KITAB SUCI MARANG PARA MURIDÉ

  • TOMAS SAIKI PERCAYA

Saiki dina Minggu tanggal 16 Nisan, lan para muridé Yésus padha nglokro, merga kuburané Yésus kosong. (Matius 28:9, 10; Lukas 24:11) Ing dina kuwi, Kléopas lan siji murid liyané lunga saka Yérusalèm menyang Émaus, sing adohé kira-kira 11 kilomèter.

Karo mlaku, murid-murid kuwi rembugan bab apa sing wis kedadéan. Banjur ana wong lanang sing mèlu mlaku bareng, lan takon, ”Kowé kabèh lagi padha ngrembug apa?” Kléopas njawab, ”Apa kowé kuwi wong asing sing manggon dhèwèkan ing Yérusalèm kok nganti ora ngerti apa-apa bab sing kedadéan pirang-pirang dina iki?” Wong kuwi takon, ”Ana kedadéan apa?”​—Lukas 24:17-19.

Murid-murid mau njawab, ”Kedadéan sing ana hubungané karo Yésus wong Nazarèt. . . . Padahal aku kabèh ngarep-arep wong iki bakal mbébaské Israèl.”​—Lukas 24:19-21.

Kléopas lan kancané banjur nyritakké kedadéan sing kelakon dina kuwi: Para wong wadon lunga menyang kuburané Yésus, nanging kuburan kuwi kosong. Banjur, wong-wong wadon kuwi ndelok bab sing nggumunké yaiku para malaékat sing kandha nèk Yésus wis urip manèh. Ana wong-wong sing wis dikabari wong wadon iki uga lunga menyang kuburan kuwi lan ”jebulé critané para wong wadon mau pancèn bener”.​—Lukas 24:24.

Loro murid kuwi ora paham maksudé kabèh kedadéan iki. Mula, wong lanang mau mbantu loro murid kuwi bèn paham lan percaya nèk Yésus wis diuripké manèh. Wong kuwi kandha, ”Ngapa kok kowé kabèh ora gelem mikir lan ora langsung percaya karo kabèh sing wis dikandhakké para nabi? Kristus kan pancèn kudu ngalami kasangsaran kuwi supaya dhèwèké dimulyakké, ta?” (Lukas 24:25, 26) Wong lanang kuwi banjur nerangké akèh bab sing ditulis ing Kitab Suci bab Kristus.

Akiré, wong telu kuwi tekan ing cedhaké Émaus. Merga isih péngin ngerti luwih akèh, loro murid mau kandha, ”Mèlua aku, merga iki wis arep wengi lan sedhéla manèh peteng.” Wong lanang kuwi banjur mèlu lan mangan bareng karo loro murid. Wektu mangan, wong lanang kuwi ndonga, nyuwil-nyuwil roti, terus diwènèhké marang loro murid. Loro murid mau dadi sadhar nèk kuwi Yésus, nanging Yésus banjur ngilang. (Lukas 24:29-31) Saiki, loro murid kuwi yakin nèk Yésus wis urip manèh.

Kanthi semangat, loro murid mau kandha marang siji lan sijiné, ”Pantes waé atiné awaké dhéwé semangat banget, wektu dhèwèké omong-omongan karo awaké dhéwé ing dalan lan nerangké isiné Kitab Suci.” (Lukas 24:32) Banjur, wong loro kuwi cepet-cepet bali menyang Yérusalèm lan ketemu karo para rasul lan liyané. Sakdurungé crita, Kléopas lan kancané dicritani nèk ”Gusti pancèn wis urip manèh lan dhèwèké nemoni Simon”. (Lukas 24:34) Bar kuwi, Kléopas lan kancané nyritakké pengalamané.

Ujug-ujug Yésus njedhul, lan kabèh murid padha kagèt. Padahal lawangé wis dikunci kabèh merga para murid wedi karo wong Yahudi. Nanging, Yésus ngadeg ing tengahé wong-wong kuwi lan kandha, ”Muga-muga kowé tentrem rahayu.” Murid-murid kewedèn. Kaya sakdurungé, para murid ”ngira nèk sing didelok kuwi makhluk roh”.​—Lukas 24:36, 37; Matius 14:25-27.

Kanggo mbuktèkké nèk dudu makhluk roh utawa mung khayalané para murid, Yésus nduduhké tangan lan sikilé. Yésus kandha, ”Ngapa kowé padha bingung, lan ngapa atimu ragu-ragu?  Iki aku! Deloken tangan lan sikilku, lan demoken aku. Makhluk roh ora nduwé daging lan balung kaya sing kok delok ana ing aku.” (Lukas 24:36-39) Wong-wong kuwi padha seneng banget lan nggumun, nanging isih durung percaya tenan.

Kanggo ngyakinké para muridé, Yésus kandha, ”Apa kowé nduwé panganan?” Wong-wong kuwi banjur mènèhi iwak bakar sak iris, lan Yésus maem kuwi. Yésus banjur kandha, ”Wektu aku isih bareng karo kowé [sakdurungé séda], aku tau kandha nèk kabèh sing ditulis bab aku ing Hukum Musa, Tulisan Para Nabi, lan Mazmur kudu kelakon.”​—Lukas 24:41-44.

Yésus wis mbantu Kléopas lan kancané bèn paham isiné Kitab Suci, lan saiki Yésus uga mbantu kabèh wong sing ngumpul ing kono. Yésus kandha, ”Kitab Suci kandha nèk Kristus bakal sengsara, mati, lan urip manèh ing dina katelu. Lan atas dhasar asmané, warta bab pertobatan kanggo pangapurané dosa bakal diwartakké ing kabèh bangsa, wiwit saka Yérusalèm. Kowé kudu dadi seksi kanggo kuwi kabèh.”​—Lukas 24:46-48.

Rasul Tomas wektu kuwi ora teka. Mula, ing dina-dina sakbanjuré para murid kanthi semangat ngandhani Tomas, ”Aku kabèh wis ndelok Gusti!” Tomas njawab, ”Nèk aku durung ndelok bekas paku ing tangané lan ndemèk bekas paku kuwi nganggo drijiku, uga nèk aku durung ndemèk bagéan igané, aku ora bakal percaya.”​—Yohanes 20:25.

Wolung dina sakbanjuré, para murid ngumpul manèh ing njero omah sing lawangé dikancing. Tomas uga ana ing kono. Yésus njedhul lan ngadeg ing tengah-tengahé para murid, banjur kandha, ”Muga-muga kowé padha tentrem rahayu.” Banjur Yésus kandha marang Tomas, ”Demèken tanganku nganggo drijimu, lan demèken bagéan igaku. Aja ragu-ragu manèh, nanging percayaa.” Tomas kandha, ”Gustiku lan Allahku!” (Yohanes 20:26-28) Saiki, Tomas bener-bener yakin nèk Yésus, sing dadi utusané Yéhuwah, wis urip manèh dadi makhluk roh.

Yésus kandha, ”Apa kowé percaya merga wis ndelok aku? Bungah wong sing percaya senajan ora ndelok.”​—Yohanes 20:29.