Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 81

Apa Maksudé Yésus lan Bapaké Kuwi Siji?

Apa Maksudé Yésus lan Bapaké Kuwi Siji?

YOHANES 10:22-42

  • ”AKU LAN BAPAK KUWI SIJI”

  • YÉSUS MBANTAH WEKTU DITUDHUH DADI ALLAH

Yésus saiki ana ing Yérusalèm kanggo ngrayakké Riyaya Penahbisan (utawa, Hanukah). Riyaya iki dianakké kanggo mèngeti penahbisan manèh bait. Luwih saka satus taun sakdurungé, Raja Antiokhus IV Epifanes saka Siria mbangun mésbah ing ndhuwuré mésbah agung ing baité Allah. Banjur, anak-anaké lanang sawijiné imam Yahudi ngrebut manèh Yérusalèm lan nahbiské manèh bait kuwi kanggo Yéhuwah. Wiwit wektu kuwi, penahbisan dirayakké saben taun ing tanggal 25 Khislew. Sasi Khislew kuwi padha kaya akir sasi November nganti wiwitané sasi Desember.

Wektu kuwi musim dingin. Yésus lagi mlaku ing bait, ing Serambi Salomo, banjur wong-wong Yahudi ngubengi Yésus lan takon, ”Nganti kapan kowé nggawé aku kabèh penasaran? Nèk kowé Kristus, ngomonga terus terang.” (Yohanes 10:22-24) Yésus njawab, ”Aku wis ngandhani kowé, nanging kowé ora percaya.” Yésus pancèn ora tau ngandhani langsung nèk dhèwèké kuwi Kristus, kaya omongané mbiyèn marang wong wadon Samaria ing cedhak sumur. (Yohanes 4:25, 26) Nanging, Yésus tau kandha, ”Sakdurungé Abraham lair, aku wis ana.”​—Yohanes 8:58.

Yésus péngin wong-wong nyimpulké dhéwé nèk Yésus kuwi Kristus, kanthi cara mbandhingké mukjijat sing wis ditindakké karo ramalan bab tumindaké Kristus. Kuwi sebabé Yésus bola-bali nglarang para muridé kanggo ngandhani wong-wong nèk Yésus kuwi Mèsias. Nanging saiki, Yésus kanthi terus terang ngandhani mungsuh-mungsuhé, ”Gawéan sing tak tindakké nganggo asmané Bapakku, kuwi sing mènèhi kesaksian bab aku. Nanging kowé ora percaya.”​—Yohanes 10:25, 26.

Apa sebabé padha ora percaya? Yésus kandha, ”Kowé ora percaya, merga kowé dudu wedhus-wedhusku. Wedhus-wedhusku ngrungokké swaraku, lan aku kenal wedhus-wedhusku, lan wedhus-wedhusku ngetutké aku. Aku bakal mènèhi wedhus-wedhusku urip saklawasé, lan wedhus-wedhusku ora bakal disirnakké. Ora ana siji-sijia sing bakal ngrebut wedhus-wedhusku saka tanganku. Apa sing diparingké Bapakku marang aku kuwi luwih aji ketimbang liya-liyané.” Yésus banjur ngandhani sepira cedhaké hubungané karo Bapaké, kandhané, ”Aku lan Bapak kuwi siji.” (Yohanes 10:26-30) Yésus ana ing bumi, lan Bapaké ana ing swarga, mula kuwi dudu tegesé nèk Yésus lan Bapaké pribadi sing padha. Nanging, Yésus lan Bapaké kuwi nduwé tujuan sing padha.

Omongané Yésus kuwi nggawé wong-wong Yahudi nesu lan njupuk watu kanggo mbandhemi Yésus. Nanging Yésus ora wedi, lan kandha, ”Aku nduduhké marang kowé akèh gawéan sing apik saka Bapak. Gawéan endi sing marahi kowé péngin mbandhemi aku?” Wong-wong kuwi njawab, ”Aku kabèh mbandhemi kowé ora merga gawéan sing apik, nanging merga kowé ngrèmèhké Gusti Allah . . . kowé ndadèkké awakmu sawijiné allah.” (Yohanes 10:31-33) Yésus ora tau ngaku-ngaku dadi allah, dadi apa sebabé Yésus ditudhuh kaya ngono?

Yésus ngomong nèk dhèwèké isa nindakké bab-bab sing miturut wong Yahudi mung isa ditindakké karo Gusti Allah. Contoné, bab ”wedhus”, Yésus kandha, ”Aku bakal mènèhi wedhus-wedhusku urip saklawasé,” kuwi bab sing ora mungkin isa ditindakké manungsa. (Yohanes 10:28) Wong Yahudi lali nèk Yésus tau terus terang ngakoni nèk dhèwèké éntuk kuwasa saka Bapaké.

Kanggo mbantah tudhuhan kuwi, Yésus takon, ”Ing Tauratmu, [ing Jabur 82:6] kan ana tulisan kaya ngéné, ’Aku ngendika, ”Kowé kabèh kuwi allah-allah,”’ lan awaké dhéwé uga ngerti nèk apa sing ditulis ing kitab suci kuwi ora isa  diowahi. Nèk wong-wong sing dikutuk karo pangandikané Gusti Allah waé disebut ’allah-allah’, ngapa kowé ngarani aku, ’Kowé ngrèmèhké Gusti Allah’, mung merga aku kandha, ’Aku iki anaké Gusti Allah’, padahal aku disucèkké lan diutus Bapak menyang donya?”​—Yohanes 10:34-36.

Kitab Suci pancèn nyebut hakim-hakim manungsa sing ora adil kuwi ”allah-allah”. Dadi, wektu Yésus kandha, ”Aku iki anaké Gusti Allah”, ngapa kok wong Yahudi dadi nesu? Yésus banjur kandha, ”Nèk aku ora nindakké gawéan saka Bapakku, aja percaya karo aku. Nanging nèk aku nindakké kuwi, percayaa marang gawéan sing tak tindakké senajan kowé ora percaya karo aku, supaya kowé isa ngerti lan saya ngerti nèk Bapak nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo Bapak.”​—Yohanes 10:37, 38.

Wektu krungu kuwi, wong Yahudi malah ngupaya nangkep Yésus, nanging Yésus isa mlayu saka kono. Yésus lunga saka Yérusalèm, lan nyabrang Kali Yordan menyang dhaérah panggonané Yohanes mulai mbaptis wong, patang taun sakdurungé. Kayané, panggonan iki ora adoh saka pesisir kidul Laut Galiléa.

Akèh wong ing kana marani Yésus lan kandha, ”Yohanes ora nggawé mukjijat siji-sijia, nanging kabèh sing diomongké Yohanes bab wong iki, kuwi bener.” (Yohanes 10:41) Dadi, akèh wong Yahudi sing padha nduwé iman marang Yésus.