Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 86

Anak sing Ilang Wis Bali Manèh

Anak sing Ilang Wis Bali Manèh

LUKAS 15:11-32

  • UMPAMA BAB ANAK SING ILANG

Wektu mulang umpama bab wedhus sing kesasar lan dhuwit rècèh sing ilang, kayané Yésus isih ana ing Péréa, ing sisih wétané Kali Yordan. Rong umpama kuwi nduduhké nèk kita kudu bungah wektu ana wong dosa sing mertobat lan bali marang Gusti Allah. Wong Farisi lan para ahli Taurat ngritik Yésus merga apikan karo wong-wong kaya ngono. Nanging, apa wong Farisi lan ahli Taurat kuwi sinau saka rong umpama kuwi, lan paham piyé perasaané Bapak ing swarga nèk ana wong dosa sing mertobat? Yésus saiki mènèhi umpama liya sing uga penting.

Umpama iki nyritakké bab bapak sing nduwé anak lanang loro. Tokoh utamané yaiku anak sing ragil. Wong Farisi lan ahli Taurat uga wong liyané sing ngrungokké isa sinau saka critané Yésus bab anak ragil. Nanging, kita uga kudu nggatèkké sikapé bapak lan anaké sing mbarep. Mula, pikirna wong telu sing disebutké Yésus ing umpama iki.

Yésus banjur crita, ”Ana wong lanang sing nduwé anak lanang loro. Sing ragil kandha marang bapaké, ’Bapak, wènèhana aku bandha sing dadi bagéanku.’ Banjur bapaké ngedum bandhané kanggo anaké loro kuwi.” (Lukas 15:11, 12) Gatèkna nèk anaké sing ragil njaluk warisané padahal bapaké isih urip. Dhèwèké péngin éntuk bagéané ing wektu kuwi uga supaya dhèwèké isa seneng-seneng lan urip bébas. Banjur, apa sing dhèwèké tindakké?

Yésus neruské critané, ”Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, anak sing ragil mau nglumpukké kabèh bandhané lan lunga menyang negara sing adoh. Ing kana, dhèwèké ngentèk-entèkké bandhané lan urip sakarepé dhéwé.” (Lukas 15:13) Sakjané, anak ragil iki isa manggon kanthi aman karo bapaké, sing nresnani lan nyedhiakké kabèh kebutuhané. Nanging, anak ragil iki malah lunga menyang negara liya, lan ngentèk-entèkké bandhané sakarepé dhéwé kanggo nguja hawa nafsuné. Banjur dhèwèké ngalami kahanan sing angèl. Yésus neruské manèh critané:

 ”Sakwisé bandhané entèk, kabèh dhaérah ing negara kuwi ngalami kurang pangan sing parah. Akiré dhèwèké dadi miskin. Malah dhèwèké njaluk gawéan marang salah siji penduduk negara kuwi, lan dhèwèké dikongkon njaga babi ing ladhang. Dhèwèké luwé banget nganti péngin ngisèni wetengé nganggo pakan sing dipangan babi-babi kuwi. Nanging ora ana wong sing gelem mènèhi dhèwèké apa-apa kanggo dipangan.”​—Lukas 15:14-16.

Miturut Hukumé Gusti Allah, babi kuwi najis, nanging anak kuwi kudu kerja njaga babi. Merga luwé banget, dhèwèké nganti péngin mangan panganané babi. Wektu ngalami kahanan sing sengsara kuwi, ”dhèwèké sadhar”. Apa sing ditindakké? Dhèwèké mbatin, ’Kabèh pegawéné bapakku nduwé panganan sing akèh, nanging aku ing kéné kaliren nganti arep mati. Aku bakal mangkat lan lunga menyang omahé bapakku lan kandha marang bapakku, ”Bapak, aku wis dosa marang Gusti Allah lan marang panjenengan. Aku ora pantes manèh disebut anaké Bapak. Aku dadèkna pegawéné Bapak waé.”’ Banjur dhèwèké mangkat lan bali menyang omahé bapaké.​—Lukas 15:17-20.

Piyé tanggepané bapaké mengko? Apa bapaké bakal nyenèni lan ngunèk-unèkké anaké merga mbiyèn wis tumindak bodho wektu ninggalké omah? Apa bapaké wegah nampa manèh anaké? Piyé tanggepané panjenengan nèk dadi bapaké? Piyé nèk anak sing ilang kuwi anaké panjenengan dhéwé?

ANAK SING ILANG WIS DITEMOKKÉ

Yésus nyritakké piyé tanggepané bapak mau, ”Wektu [anak kuwi] isih adoh, bapaké weruh dhèwèké lan ngrasa mesakké. Mula bapaké mlayu, banjur ngrangkul lan ngambung dhèwèké.”  (Lukas 15:20) Senajan wis ngerti nèk anaké urip ora nggenah, nanging bapak mau gelem nampa manèh wektu anaké bali. Saka crita iki, apa para pemimpin Yahudi, sing ngaku-ngaku kenal lan ngibadah marang Yéhuwah, isa ngerti piyé perasaané Yéhuwah wektu ana wong dosa sing mertobat? Apa wong-wong kuwi paham nèk Yésus uga nduduhké perasaan sing padha kaya Yéhuwah?

Saka èksprèsi wajahé anaké sing gela banget, kétoké bapak sing wicaksana kuwi ngerti nèk anaké wis mertobat. Anak kuwi banjur ngakoni dosané. Anak kuwi kandha, ”Bapak, aku wis dosa marang Gusti Allah lan marang panjenengan. Aku ora pantes manèh disebut anaké Bapak.” (Lukas 15:21) Anak kuwi dadi luwih gampang ngakoni dosané merga katresnan sing diduduhké bapaké kanggo nyambut dhèwèké.

Bapak mau banjur ngongkon budhak-budhaké, ”Cepet! Jupukna jubah sing paling apik lan enggokna marang dhèwèké. Drijiné enggonana cincin lan sikilé enggonana sandhal. Uga njupuka anak sapi sing lemu banjur belèhen. Ayo kita padha mangan lan ngrayakké iki, merga anakku iki wis mati nanging urip manèh.” Wong-wong kuwi banjur ”padha bungah”.​—Lukas 15:22-24.

Wektu kuwi, anaké sing mbarep lagi ana ing ladhang. Yésus crita, ”Wektu mulih lan wis arep tekan omah, dhèwèké krungu swara musik lan tarian. Mula, dhèwèké nyeluk salah siji pelayan lan takon apa sing lagi kelakon. Pelayan kuwi njawab, ’Adhiné panjenengan wis mulih, lan bapaké panjenengan mbelèh anak sapi sing lemu, merga adhiné panjenengan mulih kanthi slamet.’ Nanging dhèwèké nesu lan ora gelem mlebu. Banjur bapaké metu lan ngerih-erih supaya dhèwèké mlebu. Dhèwèké kandha marang bapaké, ’Wis pirang-pirang taun aku nyambut gawé kaya budhak kanggo Bapak, lan babar blas aku ora tau nglawan préntahé Bapak.  Nanging Bapak ora tau mènèhi aku anak wedhus kanggo dimaem bareng karo kanca-kancaku. Nanging wektu anaké Bapak kuwi mulih, anak sing ngentèk-entèkké bandhané Bapak bareng karo para pelacur, Bapak malah mbelèh anak sapi sing lemu kanggo dhèwèké.’”​—Lukas 15:25-30.

Para ahli Taurat lan wong Farisi kuwi kaya anak sing mbarep, sing ngritik welas asih lan sipat perduliné Yésus marang wong biasa lan wong dosa. Dadi, Yésus mènèhi umpama iki kanggo ngelokké wong-wong kuwi. Kabèh wong sing ngritik welas asihé Gusti Allah uga kudu sinau saka umpama iki.

Yésus nyimpulké umpama iki nganggo omongan sing dikandhakké bapak mau marang anak sing mbarep: ”Anakku, kowé terus ana ing kéné karo Bapak. Kabèh duwèké Bapak, kuwi uga duwèkmu. Nanging, awaké dhéwé kudu ngrayakké iki lan seneng-seneng, merga adhimu wis mati nanging urip manèh. Dhèwèké ilang nanging wis ditemokké.”​—Lukas 15:31, 32.

Yésus ora nyritakké apa sing akiré ditindakké anak sing mbarep. Nanging, sakwisé Yésus séda lan diuripké manèh, ”akèh imam uga dadi wong percaya”. (Kisah 6:7) Kuwi mungkin klebu sapérangan wong sing ngrungokké langsung umpama bab anak sing ilang iki. Ya, malah wong-wong kaya ngono kuwi uga isa sadhar, mertobat, lan bali marang Gusti Allah.

Kabèh pengikuté Yésus kudu mikirké tenanan piwulang-piwulang penting saka umpama iki. Piwulang sing kapisan yaiku kita kudu tetep ana bareng karo umaté Gusti Allah supaya isa dilindhungi Yéhuwah, Bapak sing nresnani lan nyukupi kebutuhan kita. Aja nganti kita kegodha kanggo nggolèk kesenengan ing ”negara sing adoh”.

Piwulang sing kapindho yaiku nèk kita ngedoh saka Gusti Allah, kita kudu kanthi andhap asor bali marang Yéhuwah, Bapak kita, supaya isa ngrasakké katresnané manèh.

Piwulang sing katelu isa kita delok nèk mbandhingké sikapé bapak sing gelem ngapura karo anak sing mbarep sing ora gelem nyambut adhiné. Umaté Gusti Allah mesthi péngin ngapurani lan nyambut wong-wong sing wis tenanan mertobat lan bali menyang ’omahé Bapak’. Ayo kita padha bungah wektu ana sedulur kita sing ”mati nanging urip manèh”, lan ’ilang nanging ditemokké’.