Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 70

Yésus Marèkké Wong Lanang sing Wuta Wiwit Lair

Yésus Marèkké Wong Lanang sing Wuta Wiwit Lair

YOHANES 9:1-18

  • PENGEMIS SING WUTA WIWIT LAIR DIMARÈKKÉ

Yésus isih ing Yérusalèm pas dina Sabat. Wektu lagi mlaku, Yésus lan para muridé weruh pengemis sing wuta wiwit lair. Para murid takon, ”Rabi, sapa sing dosa, wong iki apa wong tuwané, kok nganti dhèwèké wuta wiwit lair?”​—Yohanes 9:2.

Para murid mungkin péngin ngerti apa wong isa nduwé dosa sakdurungé lair. Yésus njawab, ”Dudu merga dosané wong iki utawa dosané wong tuwané, nanging iki kelakon supaya wong-wong isa weruh kuwasané Gusti Allah liwat wong kuwi.” (Yohanes 9:3) Dadi, wong lanang kuwi wuta dudu merga dosané dhéwé utawa dosané wong tuwané. Nanging, merga dosané Adam, kabèh manungsa wis ora sampurna wiwit lair lan isa ngalami cacad, contoné dadi wuta. Senajan ngono, kahanané wong lanang kuwi isa mènèhi Yésus kesempatan kanggo nduduhké kuwasané Gusti Allah kaya sing wis ditindakké Yésus wektu marèkké wong lara.

Yésus nandheské pentingé nindakké kuwi. Yésus kandha, ”Awaké dhéwé kudu nindakké gawéané Panjenengané sing ngutus aku mumpung isih awan, merga nèk wis bengi, ora ana wong sing isa nyambut gawé. Saksuwéné aku isih ana ing donya iki, aku iki pepadhangé donya.” (Yohanes 9:4, 5) Sedhéla manèh, Yésus bakal mati kaya-kayané mlebu ing kuburan sing peteng ndhedhet lan ora isa nindakké apa-apa. Nanging saksuwéné isih urip, Yésus kuwi pepadhangé donya.

Yésus bakal marèkké wong lanang kuwi. Piyé carané? Yésus ngidu ing lemah lan nyampurké iduné karo lemah, banjur dilèlètké ing mripaté wong lanang wuta mau lan kandha, ”Lungaa lan raupa ing kolam Siloam.” (Yohanes 9:7) Wong lanang kuwi manut. Sakwisé raup, dhèwèké isa ndelok kanggo sing sepisanan ing uripé. Bayangna rasa senengé wong lanang kuwi.

Tangga-tangga lan wong sing ngerti nèk wong lanang kuwi wuta, dadi padha nggumun, kandhané, ”Wong iki kan sing biasané lungguh lan ngemis kaé, ta?” Liyané njawab, ”Iya, kuwi wongé.” Sing liyané ora percaya lan kandha, ”Dudu, mung mirip waé.” Wong lanang kuwi banjur kandha, ”Iya, aku pancèn wongé.”​—Yohanes 9:8, 9.

Mula wong-wong kuwi takon, ”Terus, kok mripatmu saiki isa ndelok?” Dhèwèké njawab, ”Wong sing jenengé Yésus nggawé campuran lan nglèlètké kuwi ing mripatku, terus ngongkon aku, ’Lungaa lan raupa ing kolam Siloam.’ Mula aku lunga lan raup, terus aku isa ndelok.” Wong-wong kuwi banjur takon, ”Terus wongé ing ngendi?” Pengemis kuwi njawab, ”Aku ora ngerti.”​—Yohanes 9:10-12.

Wong-wong kuwi nggawa wong lanang mau  marang wong Farisi sing uga péngin ngerti carané wong lanang kuwi dimarèkké. Wong lanang mau kandha, ”Dhèwèké nglèlètké campuran ing mripatku, banjur aku raup, lan aku isa ndelok.” Kuduné wong Farisi kuwi seneng, nanging malah nudhuh Yésus, ”Wong iki dudu utusané Gusti Allah, merga dhèwèké ora nindakké Sabat.” Sing liyané kandha, ”Apa ya mungkin wong dosa isa nggawé mukjijat kaya ngono?” (Yohanes 9:15, 16) Mula, ana pendapat sing béda-béda ing antarané wong Farisi.

Wong Farisi banjur takon manèh marang wong lanang sing mauné wuta, ”Mripatmu kan wis dimarèkké dhèwèké, dadi miturutmu, wong kuwi sapa?” Tanpa ragu-ragu wong lanang kuwi njawab, ”Dhèwèké kuwi nabi.”​—Yohanes 9:17.

Wong Farisi ora gelem percaya, lan mungkin mikir nèk Yésus lan wong lanang kuwi wis sepakat ngapusi wong-wong. Mula, wong Farisi péngin takon langsung marang wong tuwané pengemis mau kanggo ngerti apa dhèwèké pancèn wuta tenan.