Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 80

Pangon sing Apik lan Rong Kandhang Wedhus

Pangon sing Apik lan Rong Kandhang Wedhus

YOHANES 10:1-21

  • YÉSUS NGOMONG BAB PANGON SING APIK LAN RONG KANDHANG WEDHUS

Yésus isih mulang ing Yudéa lan saiki nyritakké bab wedhus lan kandhangé. Nanging iki dudu wedhus tenanan. Wong Yahudi mungkin kèlingan karo omongané Daud iki: ’Yéhuwah iku pangonku, aku ora kekurangan apa-apa. Aku diplegungké ana ing pangonan kang akèh suketé.’ (Jabur 23:1, 2) Ing masmur liyané, Daud ngundang bangsa Israèl, ’Ayo padha jèngkèng ana ing ngarsaning Pangéran Yéhuwah, sing nitahké kita. Awit Panjenengané iku Gusti Allah kita, kita iku padha umat ngèn-ngènané.’ (Jabur 95:6, 7) Dadi, wiwit mbiyèn bangsa Israèl dipadhakké kaya kumpulan wedhus.

Bangsa Israèl sing dipadhakké kaya ”wedhus” ana ing ”kandhang wedhus” merga wong-wong kuwi ana ing perjanjian Hukum Musa wiwit lair. Hukum kuwi kaya pager sing nglindhungi bangsa Israèl saka bangsa liya sing tumindaké ala. Nanging, ana wong-wong Israèl sing nindhes wedhus-wedhusé Gusti Allah. Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, wong sing mlebu kandhang wedhus ora liwat lawang, nanging mènèk témbok, wong kuwi maling lan rampok. Nanging wong sing mlebu liwat lawang, wong kuwi pangoné wedhus-wedhus kuwi.”​—Yohanes 10:1, 2.

Wong-wong ing kono mungkin kèlingan karo wong sing ngaku-ngaku Mèsias, utawa Kristus, sing dipadhakké kaya maling lan rampok. Wong-wong kuduné ora ngetutké para tukang ngapusi kuwi, nanging ngetutké ”pangoné wedhus-wedhus kuwi”.

Bab pangon iki Yésus kandha, ”Sing njaga lawang mbukakké lawang kanggo wong kuwi, lan wedhus-wedhusé ngrungokké swarané. Pangon kuwi nyeluk wedhusé manut jenengé dhéwé-dhéwé lan nggiring wedhus-wedhus kuwi metu. Sakwisé nggiring wedhus-wedhusé metu, dhèwèké mlaku ing ngarepé wedhus-wedhusé, lan wedhus-wedhusé ngetutké dhèwèké merga padha kenal swarané. Wedhus-wedhus kuwi ora bakal ngetutké wong sing ora dikenal, nanging bakal mlayu saka wong kuwi, merga wedhus-wedhus kuwi ora kenal swarané wong kuwi.”​—Yohanes 10:3-5.

Sakdurungé, Yohanes Pembaptis, kaya wong sing njaga lawang, wis ngandhani wong-wong sing nindakké Hukum Musa kanggo ngetutké Yésus. Lan pancèn ana wong-wong ing Galiléa lan Yudéa sing kenal karo swarané Yésus. Menyang ngendi Yésus bakal ”nggiring wedhus-wedhus kuwi metu”? Lan apa hasilé nèk ngetutké dhèwèké? Sapérangan wong sing ngrungokké umpama iki mungkin nggumun merga ’ora paham karo maksud omongané Yésus’.​—Yohanes 10:6.

Yésus nerangké, ”Saktenané aku kandha marang kowé, aku iki lawang kanggo wedhus-wedhus gèmbèl. Kabèh wong sing teka lan éthok-éthok dadi aku, wong kuwi maling lan rampok. Nanging, wedhus-wedhus kuwi ora ngrungokké wong-wong mau. Aku iki lawangé. Sapa waé sing mlebu liwat aku bakal dislametké. Dhèwèké bakal mlebu lan metu lan nemokké panggonan sing akèh suketé.”​—Yohanes 10:7-9.

Yésus ngandhani bab sing anyar. Wong-wong sing ngrungokké ngerti nèk Yésus kuwi dudu ”lawang” kanggo perjanjian Hukum Musa, sing wis ana atusan taun sakdurungé. Mula, maksudé Yésus yaiku nèk wedhus sing ’digiring metu’ mau bakal mlebu ing kandhang liyané. Apa paédahé kanggo wedhus-wedhus kuwi?

Karo nerangké tugasé, Yésus njawab, ”Aku teka supaya wedhus-wedhus gèmbèl isa nampa urip nganti saklawasé. Aku iki pangon sing apik. Pangon sing apik masrahké nyawané kanggo wedhus-wedhusé.” (Yohanes 10:10, 11) Sakdurungé, Yésus nglipur para muridé, ”Aja wedi, kelompok cilik, merga Bapakmu wis kersa kanggo maringi kowé Kraton kuwi.” (Lukas 12:32) Dadi, wong-wong sing dadi bagéan saka ”kelompok cilik” iki bakal digiring Yésus menyang kandhang sing anyar, supaya isa ”nampa urip nganti saklawasé”. Iki bener-bener berkah kanggo kelompok kuwi.

Yésus neruské omongané, ”Aku nduwé wedhus-wedhus liya, sing dudu saka kandhang iki. Wedhus-wedhus kuwi uga kudu tak gawa mlebu, lan bakal padha ngrungokké swaraku. Kabèh wedhus-wedhus kuwi bakal dadi sakelompok, lan pangoné mung siji.” (Yohanes 10:16) Miturut Yésus, ”wedhus-wedhus liya” kuwi asalé ”dudu saka kandhang iki”. Mula, wong-wong kuwi béda karo ”kelompok cilik” sing bakal nampa warisan Kraton swarga. Rong kelompok iki nduwé pangarep-arep sing béda, nanging padha-padha éntuk paédah saka pangurbanané Yésus. Yésus kandha, ”Bapak nresnani aku merga aku masrahké nyawaku.”​—Yohanes 10:17.

Wong akèh kandha, ”Dhèwèké kesurupan lan édan.” Nanging, sing liyané padha ngrungokké lan gelem ngetutké Pangon sing Apik. Wong-wong kuwi kandha, ”Wong sing kesurupan ora mungkin isa ngomong kaya ngono. Roh jahat ora mungkin isa marèkké wong wuta, ta?” (Yohanes 10:20, 21) Kayané sing diomongké wong-wong kuwi yaiku mukjijaté Yésus wektu marèkké wong lanang sing wuta wiwit lair.