Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 109

Yésus Ngelokké Para Pemimpin Agama

Yésus Ngelokké Para Pemimpin Agama

MATIUS 22:41–23:24 MARKUS 12:35-40 LUKAS 20:41-47

  • KRISTUS KUWI PUTRANÉ SAPA?

  • YÉSUS MBUKAK SIPAT MUNAFIKÉ PARA MUNGSUHÉ

Para pemimpin agama sing nentang Yésus gagal njebak Yésus lan ora isa nyerahké Yésus marang pamréntah Romawi. (Lukas 20:20) Saiki tanggal 11 Nisan lan Yésus isih ana ing bait. Yésus miwiti rembugan lan nduduhké sapa sejatiné dhèwèké kanthi takon, ”Apa pendapatmu bab Kristus? Dhèwèké kuwi putrané sapa?” (Matius 22:42) Wong Yahudi ngerti nèk Kristus utawa Mèsias kuwi keturunané Daud. Mula para pemimpin agama mènèhi jawaban kaya ngono.​—Matius 9:27; 12:23; Yohanes 7:42.

Yésus takon manèh, ”Nèk ngono, ngapa Daud sing dituntun roh suci isa nyebut Kristus kuwi Gusti, wektu dhèwèké kandha, ’Yéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu”’? Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut putrané Daud?”​—Matius 22:43-45.

Wong Farisi ora isa njawab, merga wong-wong kuwi ngarep-arep Mèsias asalé saka keturunané Daud lan bakal mbébaské saka penjajahan Romawi. Nanging, Yésus nyuplik omongané Daud sing dicathet ing Jabur 110:1, 2 kanggo nduduhké nèk Mèsias ora mung manungsa biasa sing dadi pemimpin. Dhèwèké kuwi Gustiné Daud, sing bakal mréntah sakwisé lungguh ing sisih tengené Gusti Allah. Jawabané Yésus iki nggawé para penentangé ora isa ngomong apa-apa.

Wong Farisi lan ahli Taurat ”nduwé wewenang sing padha karo Musa” kanggo mulang Hukumé Gusti Allah. Saiki, Yésus ngélikké para murid lan akèh wong liyané bab wong-wong kuwi. Yésus kandha, ”Tindakna kabèh sing wis diwulangké, nanging aja niru kelakuané, merga wong-wong kuwi mung ngomong nanging ora nglakoni.”​—Matius 23:2, 3.

Yésus banjur mènèhi conto tumindaké para pemimpin agama sing munafik, ”Wong-wong kuwi nggawé luwih gedhé kothak-kothak sing isiné ayat, sing dienggo dadi jimat.” Sapérangan wong Yahudi nganggo kothak cilik isiné cuplikan ayat saka hukum Taurat ing bathuk utawa lengené. Nanging, wong Farisi nggawé luwih gedhé kothak kuwi kanggo nduduhké nèk manut banget karo hukum Taurat. Sakliyané kuwi, wong Israèl pancèn dipréntahké kanggo nggawé gombyok ing pucuk jubahé. Nanging, wong Farisi nggawé ’pucuk jubahé luwih dawa’. (Wilangan 15:38-40) Kuwi ditindakké ”mung supaya didelok wong”.​—Matius 23:5.

Para muridé Yésus ya isa waé péngin dadi sing utama, mula Yésus mènèhi naséhat, ”Kowé aja disebut Rabi, merga Gurumu mung siji, lan kowé kabèh kuwi sedulur. Uga, aja nyebut sapa waé ing bumi bapak, merga Bapakmu mung siji yaiku sing ana ing swarga. Uga, kowé aja disebut pemimpin merga Pemimpinmu mung siji yaiku Kristus.” Banjur, para murid kudu piyé? Yésus kandha, ”Sapa sing paling utama ing antaramu kudu ngladèni liyané. Sapa waé sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diasorké, lan sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.”​—Matius 23:8-12.

Yésus banjur ngumumké cilaka kanggo para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé nutup lawangé Kraton swarga ing ngarepé wong-wong. Kowé dhéwé ora mlebu, lan kowé uga ngalang-alangi wong sing arep mlebu.”​—Matius 23:13.

Yésus ngutuk wong Farisi merga ora ngajèni  bab-bab sing dianggep Yéhuwah penting, lan kuwi kétok saka penalarané sing ora masuk akal. Contoné, wong-wong kuwi kandha, ”Nèk ana wong sumpah demi bait, sumpahé kuwi ora ana artiné. Nanging nèk wong sumpah demi emas sing ana ing bait, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.” Wong-wong kuwi luwih mentingké emas ing bait ketimbang fungsiné bait kanggo dadi panggonan ngibadah marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi ”nyepèlèkké bab-bab sing luwih penting ing hukum Taurat, yaiku kaadilan, welas asih, lan kasetyan”.​—Matius 23:16, 23; Lukas 11:42.

Yésus kandha marang wong Farisi, ”Penuntun-penuntun wuta! Nyamuk kok saring saka ombèn-ombènmu, nanging unta malah kok eleg.” (Matius 23:24) Wong-wong kuwi nyaring nyamuk saka ombèn-ombèné merga miturut Taurat nyamuk kuwi najis. Nanging, wong-wong kuwi nyepèlèkké bab-bab sing luwih penting saka Taurat, kaya-kaya ngeleg unta, sing uga kéwan najis nanging luwih gedhé timbang nyamuk.​—Kaimaman 11:4, 21-24.