Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 29

Apa Éntuk Tumindak Apik Pas Dina Sabat?

Apa Éntuk Tumindak Apik Pas Dina Sabat?

YOHANES 5:1-16

  • YÉSUS NGINJIL ING YUDÉA

  • YÉSUS MARÈKKÉ WONG LANANG LUMPUH ING KOLAM BÈTZATA

Ana akèh sing wis ditindakké Yésus saksuwéné pelayanané ing Galiléa. Nanging, Yésus kandha, ”Aku uga kudu martakké kabar apik bab Kratoné Allah ing kutha-kutha liya.” Sing dipikirké Yésus ora mung Galiléa. Mula, Yésus banjur ”martakké kabar apik ing sinagogé-sinagogé ing Yudéa”. (Lukas 4:43, 44) Saiki wektu sing pas, merga lagi musim semi lan bakal ana riyaya ing Yérusalèm.

Kisah pelayanané Yésus ing Yudéa sing dicathet ing kitab-kitab Injil, ora pati akèh nèk dibandhingké karo kisah pelayanané ing Galiléa. Senajan wong-wong Yudéa akèh-akèhé ora nggatèkké wartané Yésus, nanging Yésus terus nginjil lan nindakké apa sing apik ing ngendi waé.

Yésus banjur lunga menyang ibukotané Yudéa, yaiku Yérusalèm, kanggo ngrayakké Paskah taun 31 M. Ing dhaérah sing ramé cedhak Gerbang Wedhus Gèmbèl, ana kolam sing disebut Bètzata. Akèh wong sing lara, wuta, lan lumpuh mara ing kolam kuwi. Apa sebabé? Akèh wong percaya nèk wong lara sing nyemplung kolam kuwi wektu banyuné kocak, wong kuwi isa mari.

Dina kuwi dina Sabat. Ing pinggir kolam kuwi, Yésus weruh wong lanang sing wis lara suwéné 38 taun. Yésus takon, ”Apa kowé péngin séhat?” Wong kuwi njawab, ”Pak, ora ana sing mbantu aku nyemplung menyang kolam kuwi wektu banyuné kocak. Saben aku arep mrono, wong liya wis ndhisiki aku.”​—Yohanes 5:6, 7.

Wong lanang kuwi lan wong-wong ing kono kagèt wektu krungu Yésus kandha, ”Ngadega! Angkaten klasamu [paturonmu] lan mlakua.” (Yohanes 5:8) Ing wektu kuwi uga, wong sing lara mau mari, banjur ngangkat klasané lan mulai mlaku.

Sapérangan wong Yahudi sing ndelok bab sing nggumunké iki kuduné seneng, nanging malah kandha marang wong lanang mau, ”Saiki dina Sabat. Miturut hukum, kowé ora éntuk ngangkat klasamu.” Wong lanang mau njawab, ”Wong sing marèkké aku, ngongkon aku, ’Angkaten klasamu lan mlakua.’” (Yohanes 5:10, 11) Wong-wong Yahudi ora seneng merga ana sing marèkké wong pas dina Sabat.

Wong-wong Yahudi takon, ”Sapa sing ngongkon kowé, ’Angkaten klasamu lan mlakua’?” Apa sebabé wong-wong Yahudi takon kaya ngono? Merga Yésus wis ”lunga saka kono lan mlebu ing antarané kumpulan wong akèh ing kono”. Lan wong lanang kuwi ya ora ngerti jenengé Yésus. (Yohanes 5:12, 13) Nanging, wong lanang kuwi ketemu manèh karo Yésus ing bait, lan dadi ngerti sapa sing wis marèkké dhèwèké.

Wong lanang kuwi banjur ngandhani wong-wong Yahudi sing takon mau nèk sing marèkké dhèwèké kuwi Yésus. Bar krungu kuwi, wong-wong Yahudi mau langsung marani Yésus. Apa tujuané merga péngin ngerti piyé carané Yésus nindakké kuwi? Ora, nanging kanggo nggolèki kesalahané Yésus sing tumindak apik pas dina Sabat. Wong-wong Yahudi kuwi malah mulai nentang Yésus.