Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 118

Bebantahan bab Sapa sing Paling Penting

Bebantahan bab Sapa sing Paling Penting

MATIUS 26:31-35 MARKUS 14:27-31 LUKAS 22:24-38 YOHANES 13:31-38

  • YÉSUS MÈNÈHI NASÉHAT BAB SIPAT ANDHAP ASOR

  • RAMALAN BAB PÉTRUS SING ORA NGAKONI YÉSUS

  • KATRESNAN KUWI TANDHA PENGIKUTÉ YÉSUS

Ing wengi sing pungkasan karo para rasulé, Yésus mulang bab sipat andhap asor kanthi cara ngwijiki sikilé para rasulé. Apa sebabé naséhat iki cocog? Merga senajan ngabdi marang Gusti Allah, nanging para rasul isih padu bab sapa sing paling penting. (Markus 9:33, 34; 10:35-37) Ing wengi iki, para rasul nduduhké manèh kelemahan kuwi.

Para rasul ”padha bebantahan bab sapa sing paling penting ing antarané murid-murid”. (Lukas 22:24) Yésus mesthi sedhih banget ndelok para rasulé padu manèh. Apa sing bakal ditindakké Yésus?

Ketimbang nyenèni para rasulé, Yésus kanthi sabar ngejak nalar: ”Para raja ing ndonya iki padha mréntah rakyaté, lan wong-wong sing nduwé wewenang marang rakyaté disebut Dermawan. Nanging kowé kabèh aja kaya ngono. . . . Endi sing luwih penting, wong sing mangan apa wong sing ngladèni?” Banjur Yésus ngélingké para rasulé bab tuladha sing terus Yésus duduhké. Yésus kandha, ”Nanging ing antaramu, aku dadi wong sing ngladèni.”​—Lukas 22:25-27.

Senajan ora sampurna, para rasul terus bareng karo Yésus ngadhepi akèh kahanan sing ora gampang. Mula, Yésus kandha, ”Aku nggawé perjanjian karo kowé kanggo sawijiné kraton, kaya Bapakku wis nggawé perjanjian karo aku.” (Lukas 22:29) Wong-wong kuwi pancèn pengikuté Yésus sing setya. Liwat perjanjian iki, Yésus njamin nèk para rasulé bakal mréntah bareng Yésus ing Kraton swarga.

Senajan nduwé pangarep-arep sing nggumunké iki, para rasul isih manungsa sing ora sampurna. Yésus ngandhani wong-wong kuwi, ”Sétan wis njaluk kanggo napèni kowé kabèh kaya gandum.” (Lukas 22:31) Yésus uga ngélikké, ”Ing wengi iki, kowé kabèh bakal kesandhung merga kedadéan sing bakal tak alami, merga Kitab Suci kandha, ’Aku bakal nyerang pangoné, lan wedhus-wedhusé bakal kocar-kacir.’”​—Matius 26:31; Zakharia 13:7.

Pétrus kanthi yakin kandha, ”Senajan kabèh kesandhung merga kedadéan sing bakal panjenengan alami, aku ora bakal kesandhung!” (Matius 26:33) Yésus kandha nèk sakdurungé pitik jago kluruk ping pindho, Pétrus bakal ora ngakoni Yésus. Yésus kandha manèh, ”Nanging aku wis nyuwun marang Gusti Allah kanggo kowé, supaya imanmu aja nganti ilang. Lan sakwisé kowé mertobat, kuwatna sedulur-sedulurmu.” (Lukas 22:32) Pétrus kandha kanthi luwih yakin, ”Senajan aku kudu mati karo panjenengan, ora mungkin aku ora ngakoni panjenengan.” (Matius 26:35) Para rasul liyané ya ngomong kaya ngono.

Yésus ngandhani para rasulé, ”Wektuku karo kowé mung kari sedhéla. Kowé bakal nggolèki aku. Nanging, apa sing tau tak omongké marang wong-wong Yahudi saiki uga tak omongké marang kowé, ’Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana.’ Aku mènèhi kowé préntah anyar, yaiku kowé kudu padha nresnani siji lan sijiné. Kaya aku wis nresnani kowé, kowé uga kudu padha nresnani siji lan sijiné. Nganggo cara iki, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku: yaiku nèk kowé padha nresnani siji lan sijiné.”​—Yohanes 13:33-35.

Wektu krungu omongané Yésus sing kandha nèk wektuné mung kari sedhéla, Pétrus takon, ”Gusti, panjenengan arep menyang ngendi?” Yésus njawab, ”Saiki, kowé ora isa mèlu aku menyang panggonan sing arep tak parani, nanging sukmbèn kowé bakal mèlu aku mrana.”  Merga bingung, Pétrus kandha, ”Gusti, ngapa aku ora isa mèlu panjenengan saiki? Aku bakal masrahké nyawaku kanggo panjenengan.”​—Yohanes 13:36, 37.

Saiki, Yésus ngomongké bab pengalamané para rasul, wektu diutus kanggo nginjil ing Galiléa tanpa nggawa kanthong dhuwit utawa kanthong panganan. (Matius 10:5, 9, 10) Yésus takon, ”Kowé ora kekurangan apa-apa, ta?” Para rasul njawab, ”Ora!” Saiki, Yésus ngandhani, ”Nanging saiki, nèk kowé nduwé kanthong dhuwit utawa kanthong panganan, gawanen kuwi. Nèk kowé ora nduwé pedhang, edolen klambimu njaba lan tukua pedhang. Merga aku ngandhani kowé nèk apa sing wis ditulis bab aku kudu kelakon, yaiku, ’Dhèwèké dianggep wong sing nglanggar hukum.’ Lan iki lagi kelakon marang aku.”​—Lukas 22:35-37.

Yésus lagi ngomongké bab wektuné dhèwèké bakal dipaku ing cagak bareng karo para penjahat, utawa pelanggar hukum. Sakwisé kuwi, para pengikuté bakal ngadhepi aniaya. Para rasul rumangsa wis siap lan kandha, ”Gusti, deloken! Iki ana pedhang loro.” Yésus njawab, ”Kuwi wis cukup.” (Lukas 22:38) Bar iki, Yésus bakal mènèhi piwulang penting wektu salah siji rasulé nggunakké salah siji pedhang mau.