Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 48

Yésus Nggawé Mukjijat, Nanging Akèh sing Nolak

Yésus Nggawé Mukjijat, Nanging Akèh sing Nolak

MATIUS 9:27-34; 13:54-58 MARKUS 6:1-6

  • YÉSUS MARÈKKÉ WONG WUTA LAN WONG BISU

  • WONG-WONG ING NAZARÈT NOLAK YÉSUS

Yésus sibuk banget dina iki. Sakwisé ninggalké dhaérah Dékapolis, Yésus marèkké wong wadon sing lara pendarahan lan nguripké manèh anaké Yairus. Nanging, isih ana manèh sing bakal ditindakké Yésus ing dina kuwi. Sakwisé ninggalké omahé Yairus, ana wong wuta loro sing ngetutké Yésus karo mbengok, ”Welasana aku, Putrané Daud.”​—Matius 9:27.

Wong loro kuwi nyebut Yésus ”Putrané Daud” merga nduwé iman nèk Yésus kuwi Mèsias lan ahli waris tahtané Daud. Yésus kayané sengaja ora nggagas, mungkin kanggo ndelok apa wong-wong kuwi bener-bener péngin dimarèkké, lan pancèn kaya ngono. Wektu Yésus mlebu ing salah siji omah, wong loro kuwi mèlu mlebu. Yésus takon, ”Apa kowé nduwé iman nèk aku isa marèkké kowé?” Wong-wong kuwi kandha, ”Iya, Gusti.” Yésus banjur ndemèk mripaté wong wuta mau lan kandha, ”Merga kowé nduwé iman, kuwi bakal kelakon.”​—Matius 9:28, 29.

Ing wektu kuwi uga, wong loro mau isa ndelok. Kaya biasané, Yésus nglarang wong loro kuwi crita marang wong liya. Nanging merga saking senengé, wong loro kuwi banjur nyritakké bab Yésus ing ngendi-endi.

Sakwisé wong loro kuwi lunga, wong-wong banjur nggawa wong lanang sing bisu merga kesurupan roh jahat. Yésus ngusir roh jahat kuwi, lan wong lanang kuwi langsung isa ngomong. Akèh sing nggumun lan kandha, ”Durung tau ana kedadéan kaya ngéné iki ing Israèl.” Wong Farisi sing uga ana ing kono, ora isa mbantah nèk Yésus isa nggawé mukjijat. Mula, wong-wong kuwi mbalèni tudhuhané, ”Dhèwèké ngusir roh jahat merga dibantu panguwasané roh jahat.”​—Matius 9:33, 34.

Ora let suwé, Yésus bali menyang kutha asalé yaiku Nazarèt dikancani para muridé. Kira-kira setaun sakdurungé, Yésus mulang ing sinagogé ing kana. Mauné wong-wong seneng krungu piwulangé, nanging banjur padha nentang lan ngupaya matèni Yésus. Saiki, Yésus ngupaya manèh mbantu wong-wong kuwi.

Ing dina Sabat, Yésus mulang ing sinagogé. Akèh wong padha nggumun, banjur takon, ”Saka endi wong iki isa éntuk kawicaksanan lan kuwasa kanggo nggawé mukjijat? Wong iki kan anaké tukang kayu kuwi, ta? Sing ibuné jenengé Maria, lan adhi-adhiné lanang jenengé Yakobus, Yusuf, Simon, lan Yudas? Adhi-adhiné wadon uga ana ing kéné. Dadi, saka endi dhèwèké isa éntuk kawicaksanan lan kuwasa kanggo nggawé mukjijat?”​—Matius 13:54-56.

Wong-wong kuwi nganggep Yésus mung wong Nazarèt biasa. Wong-wong kuwi kandha, ’Awaké dhéwé kan ngerti cilikané, mosok dhèwèké kuwi Mèsias?’ Akibaté, wong-wong kuwi nolak Yésus senajan ana akèh bukti, klebu kawicaksanané lan kuwasané kanggo nggawé mukjijat. Malah keluargané Yésus dhéwé uga ora nduwé iman marang Yésus. Mula, Yésus kandha, ”Ing ngendi-endi nabi mesthi diajèni, nanging ing dhaérah asalé lan ing omahé dhéwé ora diajèni.”​—Matius 13:57.

Yésus nggumun ngapa wong-wong kuwi padha ora nduwé iman. Mula, Yésus ora nggawé mukjijat ing kono, kejaba ”mung numpangké tangané marang sapérangan wong sing lara lan marèkké wong-wong kuwi”.​—Markus 6:5, 6.