Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 52

Mènèhi Mangan Éwonan Wong Nganggo Roti Lima lan Iwak Loro

Mènèhi Mangan Éwonan Wong Nganggo Roti Lima lan Iwak Loro

MATIUS 14:13-21 MARKUS 6:30-44 LUKAS 9:10-17 YOHANES 6:1-13

  • YÉSUS MÈNÈHI MANGAN 5.000 WONG LANANG

Rolas rasul ngrasa seneng wektu nginjil ing dhaérah Galiléa, lan padha nyritakké marang Yésus ”kabèh sing wis ditindakké lan diwulangké para rasul kuwi”. Saiki mesthi padha kesel. Nanging, merga ana akèh wong padha teka lan lunga, wong-wong kuwi dadi ora kober mangan. Dadi, Yésus kandha, ”Ayo, awaké dhéwé lunga menyang panggonan sing sepi lan ngaso sedhéla.”​—Markus 6:30, 31.

Yésus lan para rasulé banjur numpak prau, mungkin ing cedhak Kapernaum, lan lunga menyang panggonan sing sepi ing sisih wétan Kali Yordan, rada adoh sithik saka Bètsaida. Nanging, akèh wong padha ngerti. Mula, wong-wong kuwi padha mlayu turut pantai lan tekan luwih dhisik ketimbang Yésus lan para rasulé.

Sakwisé mudhun saka prau, Yésus ndelok akèh wong lan dadi mesakké, merga wong-wong kuwi kaya wedhus gèmbèl tanpa pangon. Mula, Yésus mulai ’mulang wong-wong kuwi’ akèh perkara bab Kratoné Allah. (Markus 6:34) Yésus uga ”marèkké wong sing lara”. (Lukas 9:11) Wektu wis soré, para muridé kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi lan saiki ya wis soré. Kongkonen wong-wong kuwi mulih, supaya wong-wong kuwi isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.”​—Matius 14:15.

Yésus njawab, ”Wong-wong kuwi ora perlu lunga, kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” (Matius 14:16) Senajan ngerti apa sing kudu ditindakké, Yésus takon marang Filipus, ”Ing ngendi awaké dhéwé isa tuku roti kanggo wong-wong iki?” Yésus nakoni Filipus merga Filipus asalé saka Bètsaida, kutha cedhak kono. Nanging, tuku roti kuwi tetep ora isa ngrampungké masalah. Ing kana ana kira-kira 5.000 wong lanang. Nèk ditotal, kabèh wong kuwi mungkin jumlahé luwih saka 10.000 wong, klebu wong wadon lan bocah-bocah. Mula, Filipus njawab, ”Roti sing regané 200 dinar [sak dinar kuwi opahé wong kerja sedina] tetep ora cukup kanggo wong-wong kuwi, senajan saben wong mung éntuk sithik.”​—Yohanes 6:5-7.

Andréas mungkin ya mikir kaya ngono, mula dhèwèké kandha, ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Nanging apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?”​—Yohanes 6:9.

Wektu kuwi musim semi sakdurungé Paskah 32 M, lan suket ijo thukul kanthi subur ing bukit kuwi. Yésus ngongkon para muridé ngandhani wong akèh supaya lungguh sakelompok-sakelompok ing suket, ana sing cacahé 50 lan ana sing 100 wong. Yésus njupuk roti lima lan  iwak loro banjur ngucap sokur marang Gusti Allah, terus nyuwil-nyuwil roti lan iwak mau. Yésus mènèhké marang para muridé kanggo dibagèkké marang wong akèh. Sing nggumunké, kabèh isa mangan nganti wareg.

Bar kuwi, Yésus ngandhani para muridé, ”Sisané klumpukna, supaya ora ana sing kebuwang.” (Yohanes 6:12) Sakwisé diklumpukké sisané ana 12 kranjang.