Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 88

Wong Lanang Sugih lan Lazarus

Wong Lanang Sugih lan Lazarus

LUKAS 16:14-31

  • UMPAMA BAB WONG LANANG SUGIH LAN LAZARUS

Yésus lagi waé mènèhi naséhat marang para muridé bab nggunakké bandha matèri. Wong-wong Farisi uga ana ing kono, lan kuduné ya isa sinau saka piwulangé Yésus kuwi. Apa sebabé? Merga wong-wong kuwi ”ngutamakké mburu bandha”. Nanging wektu krungu kuwi, wong-wong mau ”mulai ngécé Yésus”.​—Lukas 15:2; 16:13, 14.

Senajan ngono Yésus ora wedi. Yésus kandha, ”Kowé nduduhké nèk kowé kuwi wong bener ing ngarepé manungsa, nanging Gusti Allah ngerti isi atimu. Apa sing dianggep penting kanggoné manungsa sakjané njijiki kanggoné Gusti Allah.”​—Lukas 16:15.

Saksuwéné iki, wong Farisi ”dianggep penting kanggoné manungsa”. Nanging, kahanané bakal malih. Wong-wong sing dianggep penting, contoné wong sugih, para pejabat, lan para pemimpin agama, bakal direndhahké. Wong-wong biasa sing dianggep butuh diwulang luwih akèh bab Gusti Allah bakal diunggulké. Yésus nduduhké nèk owah-owahan gedhé iki lagi kelakon. Yésus kandha:

”Taurat lan Tulisan Para Nabi diwartakké nganti jamané Yohanes. Wiwit wektu kuwi, Kratoné Allah diwartakké dadi kabar apik, lan saben wong ngupaya tenanan kanggo mlebu ing kono. Senajan langit lan bumi iki sirna, sak huruf utawa sak titik waé ing Taurat mesthi bakal kelakon.” (Lukas 3:18; 16:16, 17) Piyé omongané Yésus iki nduduhké nèk owah-owahan gedhé iki lagi kelakon?

Para pemimpin agama Yahudi bangga banget merga rumangsa wis manut Hukum Musa. Mbiyèn, wektu Yésus marèkké wong lanang wuta ing Yérusalèm, wong Farisi sing sombong kandha, ”Aku kabèh muridé Musa. Aku kabèh ngerti nèk Gusti Allah ngendika marang Musa.” (Yohanes 9:13, 28, 29) Salah siji tujuané Hukum Musa yaiku kanggo nuntun wong sing andhap asor marang Mèsias, yaiku Yésus. Yohanes Pembaptis nduduhké nèk Yésus kuwi Cempéné Gusti Allah. (Yohanes 1:29-34) Wiwit pelayanané Yohanes, wong Yahudi sing dianggep rendhah, kususé wong miskin, isa krungu bab ”Kratoné Allah”. ”Kabar apik” iki kanggo kabèh wong sing péngin dadi rakyat lan éntuk paédah saka Kratoné Allah.

Wektu kuwi, Hukum Musa lagi digenepi, merga Hukum kuwi mbantu wong-wong isa nitèni Mèsias lan sadhar nèk butuh bantuané. Wektu Hukum kuwi wis digenepi, umaté Gusti Allah ora perlu nindakké Hukum Musa manèh. Contoné, Hukum Musa ngijinké wong pegatan merga werna-werna alesan, nanging saiki Yésus kandha, ”Saben wong sing megat bojoné lan nikah karo wong wadon liyané nindakké laku jina. Lan wong lanang sing nikah karo wong wadon  sing dipegat bojoné mau uga nindakké laku jina.” (Lukas 16:18) Wong Farisi, sing seneng nggawé akèh aturan, nesu banget wektu krungu kuwi.

Yésus banjur nyritakké umpama sing nduduhké sepira gedhéné owah-owahan sing lagi kelakon wektu kuwi. Ing umpama iki, ana wong lanang loro, sing kahanan, utawa kedudukané bener-bener malih. Wektu maca, élinga nèk ing antarané wong sing padha ngrungokké ana wong Farisi sing mata dhuwiten lan dianggep penting ing masyarakat.

Yésus crita, ”Ana wong lanang sugih sing nganggo klambi ungu lan kain linen sing larang regané. Dhèwèké urip méwah saben dina. Ana wong ngemis jenengé Lazarus sing kerep digawa ing ngarep gerbang omahé wong sugih kuwi. Awaké kebak gudhig. Wong ngemis kuwi péngin ngisèni wetengé nganggo sisa panganan sing tiba saka méjané wong sugih kuwi. Malah asu-asu kerep teka lan ndilati gudhigé.”​—Lukas 16:19-21.

”Wong lanang sugih” ing umpama kuwi mesthi maksudé wong Farisi sing mata dhuwiten. Para pemimpin agama Yahudi seneng nganggo klambi sing larang lan méwah. Ora mung sugih, malah kayané wong-wong kuwi uga éntuk akèh pakurmatan lan perlakuan istiméwa. Mula, cocog nèk klambi ungu méwah nggambarké kedudukané sing istiméwa lan kain linen putih nggambarké sikapé sing sok suci.​—Dhanièl 5:7.

Piyé para pemimpin agama sing sugih iki nganggep wong-wong miskin, utawa rakyat biasa? Wong-wong kuwi ngrèmèhké lan nyebut  wong-wong kaya ngono kuwi am haarets, sing ora paham Taurat lan ora pantes diwulang bab Taurat. (Yohanes 7:49) Wong-wong kuwi kaya ”wong ngemis jenengé Lazarus”, sing péngin banget éntuk ”sisa panganan sing tiba saka méjané wong sugih”. Lan kaya Lazarus sing awaké kebak gudhig, rakyat biasa kuwi dirèmèhké, kaya-kaya lara rohaniné.

Kahanan sing mesakké iki wis kelakon suwé, nanging Yésus ngerti nèk saiki kahanané bakal bener-bener malih.

OWAH-OWAHAN SING DIALAMI WONG LANANG SUGIH LAN LAZARUS

Yésus nyritakké apa sing kelakon, ”Sakwisé kuwi, wong ngemis mau mati lan para malaékat nggawa dhèwèké ing sisihé Abraham. Wong sugih kuwi uga mati lan dikubur. Wektu lagi ngrasakké sengsara ing Kuburan, wong sugih kuwi ndhangak. Dhèwèké ndelok Abraham saka kadohan lan ana Lazarus ing sisihé.”​—Lukas 16:22, 23.

Wong-wong sing ngrungokké Yésus wektu kuwi ngerti nèk Abraham wis suwé mati, lan ana ing Kuburan. Kitab Suci nduduhké nèk kabèh wong sing ana ing Kuburan, utawa Syéol ora isa ndelok utawa ngomong, klebu Abraham. (Kohèlèt 9:5, 10) Dadi, apa maksudé Yésus?

Yésus lagi waé ngomongké bab owah-owahan kanthi kandha nèk ’Taurat lan Tulisan Para Nabi diwartakké nganti jamané Yohanes, nanging wiwit wektu kuwi, Kratoné Allah diwartakké dadi kabar apik’. Dadi, liwat kabar apik sing diwartakké Yohanes lan Yésus Kristus, uripé Lazarus lan wong lanang sugih kuwi dadi malih.

Wong-wong sing dianggep rendhahan utawa miskin, kaya Lazarus, wis suwé kekurangan ing bab rohani. Mauné wong-wong kuwi urip saka ’sisa panganan sing tiba saka méja rohani’ duwèké para pemimpin agama, nanging wong-wong kuwi banjur padha nanggepi warta bab Kraton sing disampèkké Yohanes Pembaptis lan Yésus. Saiki, wong-wong kuwi éntuk panganan rohani yaiku wulangan sing bener lan penting saka Kitab Suci, kususé bab-bab nggumunké sing diterangké Yésus. Lan akiré wong-wong kuwi éntuk kedudukan sing apik ing ngarsané Yéhuwah.

Sewaliké, para pemimpin agama sing sugih lan nduwé pengaruh ora gelem nampa warta bab Kraton sing disampèkké Yohanes lan Yésus. (Matius 3:1, 2; 4:17) Wong-wong kuwi malah nesu banget lan kesiksa karo warta sing isiné bab paukuman saka Gusti Allah sing bakal teka. (Matius 3:7-12) Para pemimpin agama sing mata dhuwiten iki péngin supaya Yésus lan para muridé mandheg nyampèkké warta saka Gusti Allah, supaya wong-wong kuwi ora kesiksa manèh. Wong-wong kuwi kaya wong sugih  ing umpama mau, sing kandha, ”Bapak Abraham, welasana aku. Kongkonen Lazarus nyelupké pucuk drijiné ing banyu lan nyegerké ilatku. Aku sengsara banget ing geni sing mulad-mulad iki.”​—Lukas 16:24.

Nanging, wong-wong kuwi bakal tetep kesiksa. Apa sebabé? Akèh-akèhé para pemimpin agama ora gelem nggawé owah-owahan. Wong-wong kuwi ora gelem ”ngrungokké tulisané Musa lan Para Nabi”, sing kuduné isa nggawé wong-wong kuwi nampa Yésus dadi Mèsias lan Raja sing dipilih Gusti Allah. (Lukas 16:29, 31; Galatia 3:24) Wong-wong kuwi ora andhap asor lan ora gelem dikandhani wong-wong miskin sing wis dadi muridé Yésus. Murid-muridé Yésus ora bakal kompromi utawa ngèncèrké wulangan sing bener mung bèn para pemimpin agama seneng. Ing umpama iki, Yésus nduduhké bab kuwi saka omongané ”Bapak Abraham” marang wong lanang sugih mau:

”Lé, élinga nèk wektu kowé isih urip, kowé éntuk akèh perkara sing apik, nanging Lazarus éntuk perkara-perkara sing èlèk. Saiki dhèwèké lagi dilipur ing kéné, nanging kowé sengsara banget. Sakliyané kuwi, ana jurang gedhé sing digawé ing antarané aku kabèh lan kowé. Saka kéné, ora ana sing isa lunga menyang panggonanmu. Lan saka kana uga ora ana sing isa nyabrang ing panggonanku.”​—Lukas 16:25, 26.

Owah-owahan iki bener-bener adil. Ana jurang gedhé ing antarané para pemimpin agama sing sombong lan wong-wong andhap asor sing wis dadi muridé Yésus lan akiré disegerké lan éntuk panganan rohani. (Matius 11:28-30) Jurang iki bakal saya gedhé pirang-pirang sasi sakbanjuré wektu Hukum Musa diganti nganggo perjanjian anyar. (Yérémia 31:31-33; Kolosé 2:14; Ibrani 8:7-13) Wektu Gusti Allah ngesokké roh suciné ing dina Péntakosta taun 33 M, kétok cetha nèk para muridé Yésus sing akiré nduwé kedudukan apik ing ngarsané Gusti Allah, dudu wong Farisi lan pemimpin agama.