Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 127

Diadili Sanhèdrin, Banjur Digawa marang Pilatus

Diadili Sanhèdrin, Banjur Digawa marang Pilatus

MATIUS 27:1-11 MARKUS 15:1 LUKAS 22:66–23:3 YOHANES 18:28-35

  • DIADILI ING NGAREPÉ SANHÈDRIN PAS ISIH ÉSUK BANGET

  • YUDAS ISKARIOT NGGANTUNG DHIRI

  • YÉSUS DIGAWA MARANG PILATUS BÈN DIHUKUM MATI

Wektu kuwi wis mèh ésuk pas Pétrus ora ngakoni Yésus kanggo kaping teluné. Para anggota Sanhèdrin wis rampung ngadili banjur padha bubar. Nanging, ing dina Jumat wektu isih ésuk banget, wong-wong kuwi ngumpul manèh, kayané kanggo nggawé pengadilan mau wengi sing sakjané ora sah dadi kétok sah. Yésus banjur digawa ing ngarepé Sanhèdrin.

Wong-wong kuwi kandha manèh, ”Nèk kowé pancèn Kristus, kandhanana aku.” Yésus njawab, ”Senajan aku ngandhani kowé, kowé babar blas ora bakal percaya. Apa manèh nèk aku takon, kowé uga ora bakal njawab.” Nanging kanthi kendel, Yésus nduduhké nèk dhèwèké kuwi pribadi sing diramalké ing Dhanièl 7:13. Yésus kandha, ”Mulai saiki, Putrané manungsa bakal lungguh ing sisih tengené Gusti Allah sing kuwasa.”​—Lukas 22:67-69; Matius 26:63.

Wong-wong kuwi takon, ”Nèk ngono, apa kowé Putrané Gusti Allah?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” Kayané jawaban iki digunakké kanggo bukti nèk Yésus ngrèmèhké Gusti Allah, lan pantes dipatèni. Wong-wong kuwi kandha, ”Kanggo apa awaké dhéwé nggolèk seksi-seksi manèh?” (Lukas 22:70, 71; Markus 14:64) Yésus banjur dibanda lan digawa marang Gubernur Romawi Pontius Pilatus.

Yudas Iskariot kayané weruh wektu Yésus digawa marang Pilatus. Wektu Yudas ngerti nèk Yésus wis divonis mati, Yudas gela banget lan sedhih. Nanging, ketimbang mertobat, Yudas malah lunga mbalèkké 30 dhuwit pérak. Yudas kandha marang imam kepala, ”Aku wis dosa merga wis ngianati wong sing ora salah.” Wong-wong kuwi ora perduli, lan kandha, ”Apa urusané karo aku? Kuwi urusanmu!”​—Matius 27:4.

Yudas banjur nguncalké 30 dhuwit pérak kuwi ing njero bait, lan nambahi dosané nganggo cara bunuh dhiri. Pas Yudas nyoba nggantung dhiri, kayané pang wit sing dinggo nalèkké taliné ceklèk. Badané tiba ing ndhuwur watu, lan wetengé bedhah.​—Kisah 1:17, 18.

Wektu kuwi isih ésuk pas Yésus digawa ing panggonané Pontius Pilatus. Nanging wong Yahudi sing nggawa Yésus ora gelem mlebu, merga wedi dadi najis nèk urusan karo wong saka bangsa liya lan akiré ora éntuk mèlu maem jamuan tanggal 15 Nisan, yaiku dina kapisan Riyaya Roti Tanpa Ragi, sing uga dianggep bagéan saka Paskah.

Banjur Pilatus metu lan takon, ”Apa tudhuhanmu marang wong iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Nèk wong iki ora salah, aku ora bakal nyerahké wong iki marang panjenengan.” Mungkin merga ngerti nèk arep dipeksa kanggo ngukum mati Yésus, Pilatus kandha, ”Ya wis, gawanen wong iki lan adilana miturut hukummu dhéwé.” Wong-wong kuwi pancèn péngin Yésus mati mula digawa marang Pilatus. Nanging, wong-wong kuwi kandha, ”Aku kabèh ora éntuk matèni wong.”​—Yohanes 18:29-31.

Nèk wong-wong kuwi matèni Yésus pas Riyaya Paskah, kayané bakal nyebabké gègèran. Nanging nèk wong-wong kuwi isa nggawé wong Romawi matèni Yésus nganggo tudhuhan nglawan pamréntah, wong Yahudi ora perlu tanggung jawab. Merga wong Romawi nduwé wewenang nindakké kuwi.

Para pemimpin agama kuwi ora ngandhani Pilatus nèk wis nudhuh Yésus ngrèmèhké Gusti Allah. Saiki, wong-wong kuwi mènèhi tudhuhan palsu liyané, ”Aku kabèh ngonangi nèk wong iki [1] wis nyasarké bangsa iki, [2] nglarang wong-wong mbayar pajeg marang Kaisar, lan [3] ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi Kristus, Sang Raja.”​—Lukas 23:2.

Merga dadi wakilé pamréntah Romawi, Pilatus kuwatir karo tudhuhan sing kandha nèk Yésus ngaku-ngaku raja. Mula Pilatus mlebu ing istanané, nyeluk Yésus, lan takon, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Utawa, maksudé Pilatus, ’Apa kowé nglanggar hukum lan nglawan Kaisar kanthi cara ngaku-ngaku dadi raja?’ Yésus mungkin péngin ngerti sepira akèhé Pilatus ngerti bab Yésus, mula Yésus takon, ”Kowé takon kaya ngono kuwi merga karepmu dhéwé utawa ana wong liya sing ngandhani kowé bab aku?”​—Yohanes 18:33, 34.

Pilatus ora ngerti apa-apa bab Yésus, nanging dhèwèké péngin ngerti, mula Pilatus takon, ”Kowé kan ngerti nèk aku dudu wong Yahudi. Bangsamu dhéwé lan para imam kepala sing masrahké kowé marang aku. Apa sing wis kok tindakké?”​—Yohanes 18:35.

Yésus tetep fokus karo inti pitakonané Pilatus, yaiku bab kedudukané dadi raja. Jawabané Yésus bener-bener nggawé Gubernur Pilatus nggumun.