2 Timotius 2:1-26

  • Kudu mulang wong-wong sing isa dipercaya (1-7)

  • Sabar ngadhepi kabèh kesusahan demi kabar apik (8-13)

  • Mulang lan njelaské apa sing bener (14-19)

  • Ngedohi kepénginané cah enom (20-22)

  • Carané ngadhepi wong-wong sing seneng mbrontak (23-26)

2  Mula, anakku,+ kowé kudu terus ngupaya bèn isa éntuk kekuwatan merga Kristus Yésus apikan banget.  Kabèh sing wis mbok rungokké saka aku, sing diteguhké karo akèh seksi,+ kudu mbok wulangké marang wong-wong sing isa dipercaya, sing bakal sanggup mulang wong liyané.  Merga dadi prajurité+ Kristus Yésus sing apik, kowé kudu siap ngalami kesusahan.+  Wong sing dadi prajurit ora sibuk nggolèk dhuwit* merga dhèwèké péngin nyenengké wong sing ndaftarké dhèwèké dadi prajurit.  Sakliyané kuwi, ing pertandingan, wong sing mèlu tandhing ora bakal nampa hadiah* nèk ora manut karo aturan+ pertandingan.  Petani sing nyambut gawé tenanan bakal dadi sing pertama ngrasakké hasil panènané.  Terus pikirna omonganku iki, lan Gusti bakal mènèhi kowé pemahaman soal kabèh iki.  Kowé kudu éling nèk Yésus Kristus wis diuripké manèh saka antarané wong mati+ lan dhèwèké kuwi keturunané* Daud,+ sesuai karo kabar apik sing tak wartakké.+  Kuwi sing nggawé aku sengsara lan dipenjara kaya penjahat.+ Ning, omongané Gusti Allah ora isa diranté.+ 10  Kuwi sebabé, aku sabar ngadhepi kabèh kesusahan demi wong-wong sing dipilih Gusti Allah+ bèn wong-wong kuwi ya isa dislametké liwat Kristus Yésus lan dimulyakké kanggo saklawasé. 11  Sing tak omongké iki isa dipercaya: Nèk awaké dhéwé mati bareng dhèwèké, awaké dhéwé ya bakal urip bareng karo dhèwèké.+ 12  Nèk awaké dhéwé tetep sabar, awaké dhéwé ya bakal mréntah dadi raja bareng karo dhèwèké.+ Nèk awaké dhéwé nolak dhèwèké, dhèwèké ya bakal nolak awaké dhéwé.+ 13  Senajan awaké dhéwé ora setya, Gusti Allah tetep setya, merga Dhèwèké ora isa nindakké apa waé sing ora cocog karo kepribadiané. 14  Kowé kudu terus ngélingké wong-wong kuwi soal iki lan mènèhi naséhat wong-wong kuwi ing ngarepé Gusti Allah, bèn wong-wong kuwi ora padu soal kata-kata. Kuwi blas ora ana gunané merga isa nggawé rugi wong-wong sing ngrungokké. 15  Kowé kudu ngupaya sak isa-isané bèn dadi wong sing nyenengké Gusti Allah lan dadi wong sing nyambut gawé sing hasil gawéané ora isa dièlèk-èlèk. Wektu mulang lan njelaské apa sing bener, kowé kudu ngupaya tenanan nèk sing mbok omongké kuwi bener.+ 16  Ning, aja ngrungokké omongan sing ora ana gunané lan sing ngrèmèhké Gusti Allah,+ merga kuwi isa nggawé wong saya adoh saka Gusti Allah. 17  Omongan kuwi bakal nyebar kaya korèng. Himénéus lan Filétus termasuk wong-wong sing nyebarké omongan kuwi.+ 18  Wong-wong kuwi wis ninggalké ajaran sing bener lan kandha nèk wong mati wis diuripké manèh.+ Wong-wong kuwi wis ngrusak imané wong liya. 19  Ning, pondhasi sing kuwat saka Gusti Allah tetep kokoh. Ing kono ana tulisan, ”Yéhuwah* ngerti wong-wong sing dadi duwèké,”+ lan, ”Saben wong sing nyebut jenengé Yéhuwah*+ kudu nolak apa waé sing ora apik.” 20  Ing omah sing gedhé, ana alat-alat saka emas lan pérak, ning ya ana sing saka kayu lan tanah liat. Ana sing penting* lan ana sing kurang penting.* 21  Nèk wong ngedohi alat sing kurang penting,* dhèwèké bakal dadi alat sing penting.* Alat-alat sing penting kuwi digawé suci, bermanfaat kanggo sing nduwé, lan siap digunakké kanggo nindakké apa sing apik. 22  Mula, kowé kudu ngedohi kepénginané cah enom. Ning, kowé kudu ngupaya nindakké apa sing bener, nduduhké iman lan katresnan, lan ngupaya bèn isa ayem.* Kowé kudu nindakké kuwi bareng karo wong-wong sing nyebut jenengé Gusti merga nduwé ati sing murni. 23  Sakliyané kuwi, aja debat soal apa sing ora ana gunané,+ merga kuwi isa marahi padu. 24  Budhaké Gusti ora perlu padu, ning kudu alus marang kabèh wong,+ trampil wektu mulang, ora balas dendam wektu ana sing tumindak ora apik marang dhèwèké,+ 25  lan alus wektu mulang wong-wong sing seneng mbrontak,+ merga mungkin Gusti Allah bakal ngéntukké wong-wong kuwi mertobat lan akhiré nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener.+ 26  Terus, wong-wong kuwi dadi sadhar lan bébas saka jeraté Iblis sing wis nangkep wong-wong kuwi bèn nuruti kepénginané Iblis.+

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”sibuk ngurusi urusan saben dinané”.
Lit.: ”mahkota”.
Lit.: ”benihé”.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”sing berharga”.
Utawa ”sing kurang berharga”.
Utawa ”sing kurang berharga”.
Utawa ”sing berharga”.
Utawa ”rukun”.