1 Timotius 1:1-20

  • Salam (1, 2)

  • Kudu ngati-ati karo guru-guru palsu (3-11)

  • Gusti Allah apikan banget karo Paulus (12-16)

  • Raja sing langgeng (17)

  • ”Berjuang demi tujuan sing apik” (18-20)

1  Surat saka Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus sesuai karo préntahé Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé lan Kristus Yésus sing dadi harapané awaké dhéwé.+  Surat iki kanggo Timotius,*+ sedulur seiman sing kaya anakku dhéwé.+ Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.  Mbiyèn, wektu aku arep mangkat menyang Makédonia, aku tau njaluk supaya kowé tetep manggon ing Éfésus. Saiki aku ya njaluk marang kowé kanggo nindakké sing padha, supaya kowé isa ngélikké wong-wong bèn ora nyebarké ajaran palsu,  ora nggatèkké crita-crita palsu+ lan daftar jenengé nènèk moyang. Kabèh kuwi ora ana gunané.+ Kuwi mung omongan sing ora isa dibuktèkké. Kuwi dudu saka Gusti Allah lan ora isa nguwatké iman.  Sakjané, petunjuk* iki diwènèhké bèn awaké dhéwé nduwé katresnan+ sing asalé saka ati sing resik, saka hati nurani sing apik, lan saka iman+ sing tulus.*  Ana wong-wong sing nolak kuwi. Mula, wong-wong kuwi malah ngomongké apa waé sing ora ana gunané.+  Wong-wong kuwi péngin dadi guru+ hukum. Wong-wong kuwi yakin banget wektu ngomong lan mulang, ning sakjané wong-wong kuwi dhéwé ora ngerti apa sing diomongké.  Awaké dhéwé ngerti nèk Hukum Musa kuwi apik nèk ditindakké nganggo cara sing bener.  Hukum digawé ora kanggo wong sing bener, ning kanggo wong sing seneng nglanggar hukum,+ sing seneng nglawan, sing ora ngajèni Gusti Allah, sing nindakké dosa, sing ora setya,* sing ngrèmèhké apa waé sing suci, sing matèni bapak ibuné lan wong liya, 10  sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* sing nindakké homosèks,* sing seneng nyulik, sing seneng ngapusi, sing nglanggar sumpah,* lan sing tumindaké ora cocog karo ajaran sing bener.+ 11  Ajaran iki asalé saka Gusti Allah sing bahagia, sesuai karo kabar apik sing mulya sing wis diwènèhké marang aku.+ 12  Aku ngucap syukur marang Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé sing mènèhi aku kuwasa, merga dhèwèké nganggep aku setya lan mènèhi aku tugas kanggo nglayani.+ 13  Aku diwènèhi tugas kuwi senajan aku mbiyèn wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan wong sing sombong banget.+ Wektu kuwi aku ora ngerti apa sing tak tindakké lan aku ora nduwé iman. Ning senajan ngono, Kristus apikan banget karo aku. 14  Gustiné awaké dhéwé wis apikan banget karo aku. Gusti mbantu aku percaya marang dhèwèké lan mbantu aku nduwé katresnan sing asalé saka Kristus Yésus. 15  Kristus Yésus teka menyang donya iki kanggo nylametké wong-wong sing dosa.+ Ing antarané wong-wong kuwi, aku sing paling dosa.+ Sing tak omongké iki bener lan pantes dipercaya. 16  Ning, Gusti wis mesakké karo aku. Mula liwat aku, yaiku wong sing paling dosa iki, Kristus Yésus isa nduduhké kesabarané. Aku didadèkké conto kanggo wong-wong sing bakal nduwé iman marang dhèwèké bèn isa éntuk urip saklawasé.+ 17  Gusti Allah kuwi mung siji.+ Dhèwèké kuwi Raja sing langgeng,+ sing urip saklawasé,+ lan sing ora kétok.+ Muga-muga Dhèwèké dihormati lan diluhurké saklawasé. Amin. 18  Petunjuk* iki tak percayakké marang kowé, Timotius anakku, sesuai karo ramalan-ramalan soal kowé. Ramalan-ramalan kuwi bakal nyemangati kowé bèn kowé terus berjuang demi tujuan sing apik.+ 19  Kuwi ya bakal mbantu kowé bèn kowé nduwé iman sing kuwat lan hati nurani sing apik.+ Ana wong-wong sing ora nggatèkké soal kuwi nganti imané kaya kapal sing karam. 20  Himénéus+ lan Alèksander termasuk ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi wis tak serahké marang Sétan+ bèn hukuman kuwi nggawé wong-wong kuwi ora ngrèmèhké Gusti Allah manèh.

Katrangan Tambahan

Artiné ”Wong sing Ngajèni Gusti Allah”.
Utawa ”préntah”.
Utawa ”sing ora munafik”.
Utawa ”sing ora nduwé katresnan sing langgeng”.
Utawa ”sing nggawé sumpah palsu”.
Lit.: ”wong lanang sing turu karo wong lanang”.
Utawa ”Préntah”.