Kolose 4:1-18

  • Naséhat kanggo para majikan (1)

  • ”Kowé kudu terus ndonga” (2-4)

  • Kudu wicaksana wektu urusan karo wong-wong sing dudu anggota jemaat (5, 6)

  • Salam penutup (7-18)

4  Para majikan, tumindakmu kudu bener lan adil marang budhak-budhakmu, merga kowé dhéwé ya nduwé Majikan ing swarga.+ 2  Kowé kudu terus ndonga.+ Aja nganti kowé lali ndonga lan ngucap syukur.+ 3  Tulung kowé ya ndongakké aku,+ bèn Gusti Allah mènèhi aku kesempatan kanggo martakké omongan lan rahasia suci soal Kristus. Aku dipenjara merga nindakké kuwi.+ 4  Tulung dongakké aku bèn aku isa nyritakké kuwi nganggo cara sing jelas kaya sing kudu tak tindakké. 5  Kowé kudu wicaksana* wektu urusan karo wong-wong sing dudu anggota jemaat. Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting.*+ 6  Omonganmu kudu nyenengké, kaya panganan sing dibumboni nganggo uyah.+ Dadi, kowé bakal ngerti carané mènèhi jawaban marang saben wong.+ 7  Tikhikus,+ sedulur sing tak tresnani, bakal ngandhani kowé soal kabarku. Dhèwèké kuwi budhak sing setya nglayani Gusti kaya aku. 8  Aku ngongkon dhèwèké marani kowé bèn kowé isa ngerti keadaanku lan bèn dhèwèké isa menghibur kowé. 9  Dhèwèké bakal teka bareng Onésimus,+ sedulur sing setya lan sing tak tresnani sing asalé saka dhaérahmu. Wong loro kuwi bakal nyritakké kabèh sing kelakon ing kéné. 10  Aristarkhus,+ sing dipenjara bareng aku, ngirim salam kanggo kowé. Markus+ sepupuné Barnabas ya ngirim salam (soal Markus, kowé wis nampa petunjuk nèk kowé kudu ramah lan apikan+ wektu dhèwèké teka). 11  Yésus sing disebut Yustus ya ngirim salam. Kabèh sedulur kuwi wong Yahudi.* Mung sedulur-sedulur kuwi sing nyambut gawé bareng karo aku demi Kerajaané Gusti Allah, lan sedulur-sedulur kuwi sing menghibur aku. 12  Épafras,+ budhaké Kristus Yésus sing asalé saka dhaérahmu, ya ngirim salam kanggo kowé. Dhèwèké terus ndongakké kowé bèn kowé tetep nduwé iman sing kuwat* lan yakin karo apa sing dikarepké Gusti Allah. 13  Kowé tak kandhani, dhèwèké kuwi nyambut gawé tenanan demi kowé lan demi sedulur-sedulur ing Laodikia lan Hiérapolis. Kowé isa percaya karo omonganku iki. 14  Lukas,+ dokter sing awaké dhéwé tresnani, lan Démas+ ngirim salam kanggo kowé. 15  Aku titip salam kanggo sedulur-sedulur ing Laodikia, kanggo Nimfa, lan kanggo jemaat sing ngibadah ing omahé.+ 16  Sakwisé surat iki mbok wacakké ing jemaatmu, tulung surat iki dikirim marang jemaat Laodikia bèn ya diwacakké ing kana.+ Terus, surat sing tak kirim marang jemaat Laodikia ya kudu mbok wacakké ing jemaatmu. 17  Sakliyané kuwi, kowé kudu ngandhani Arkhipus,+ ”Kowé kudu kerja keras ngrampungké gawéan sing mbok tampa saka Gusti.” 18  Iki salam saka aku, Paulus, sing tak tulis dhéwé.+ Tulung kowé terus éling karo aku sing saiki lagi dipenjara.+ Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé.

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”Tukunen wektu”.
^ Lit.: ”wong sing disunat”.
^ Utawa ”tetep déwasa”.