Kolose 3:1-25

  • Kepribadian sing lawas lan kepribadian sing anyar (1-17)

    • Kudu matèni kabèh kepénginan sing salah (5)

    • Kudu sayang karo liyané bèn bener-bener bersatu (14)

  • Naséhat kanggo keluarga Kristen (18-25)

3  Nèk Gusti Allah nguripké kowé manèh bèn kowé isa urip bareng Kristus,+ kowé kudu terus ngupaya bèn éntuk apa waé sing ana ing ndhuwur. Ing kana, Kristus lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah.+ 2  Kowé kudu terus mikirké apa waé sing ana ing ndhuwur,+ dudu sing ana ing bumi.+ 3  Kowé wis mati, lan uripmu dipercayakké marang Kristus. Kuwi sesuai karo karepé Gusti Allah. 4  Wektu Kristus sing nggawé awaké dhéwé urip+ nduduhké kemuliaané, kowé ya bakal nduduhké kemuliaan bareng karo dhèwèké.+ 5  Mula, kowé kudu matèni kabèh kepénginanmu sing salah,*+ yaiku kepénginan kanggo nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* tumindak sing najis, nafsu sèks sing ora isa dikendhalèni,+ kejahatan, lan keserakahan. Kabèh tumindak kuwi padha waé karo nyembah brahala. 6  Kabèh tumindak kuwi nggawé Gusti Allah nesu. 7  Mbiyèn, tumindakmu ya kaya ngono.+ 8  Saiki, aja nganti kowé ngamuk, nesu, nindakké apa sing jahat,+ ngrèmèhké,+ utawa ngomong sing saru-saru.+ 9  Aja ngapusi wong liya.+ Kowé kudu nyingkirké kepribadian sing lawas+ lan kebiasaanmu sing mbiyèn. Kuwi dipadhakké kaya nèk kowé nyopot klambi. 10  Terus, kowé kudu nganggo kepribadian sing anyar,+ kaya nganggo klambi sing anyar. Gusti Allah nggawé kepribadiané awaké dhéwé dadi anyar lan dadi saya mirip karo kepribadiané wektu awaké dhéwé nduwé pengetahuan sing bener soal Dhèwèké.+ 11  Ora ana manèh wong Yunani utawa wong Yahudi, wong disunat utawa wong ora disunat, wong asing utawa wong Skit,* budhak utawa wong sing bébas. Kristus dadi apa waé, lan awaké dhéwé bersatu karo dhèwèké.+ 12  Mula, merga awaké dhéwé wong-wong pilihané Gusti Allah,+ sing suci lan ditresnani, awaké dhéwé kudu sayang karo liyané, nduwé rasa mesakké,+ apikan, rendah hati,+ nduwé watak sing alus,+ lan sabar.+ 13  Senajan ana alesan kanggo tersinggung,+ kowé kudu terus sabar lan tulus ngapura liyané.+ Kowé kudu tulus ngapura wong liya, kaya Yéhuwah* tulus ngapura kowé.+ 14  Ning sakliyané kuwi, kowé kudu sayang karo liyané,+ merga kuwi sing nggawé wong-wong bener-bener bersatu.+ 15  Muga-muga Kristus nggawé kowé ayem,+ merga Gusti Allah wis milih kowé bèn kowé dadi sak badan. Kowé kudu terus ngucap syukur. 16  Muga-muga omongané Kristus ngebaki awakmu lan mènèhi kowé kabèh kawicaksanan.* Kowé kudu terus mulang lan nguwatké* wong liya nganggo mazmur,+ lagu pujian kanggo Gusti Allah, lan lagu kanggo ngibadah sing dinyanyèkké nganggo rasa syukur.* Kowé kudu nyanyi kanggo Yéhuwah* saka atimu.*+ 17  Apa waé sing mbok omongké lan mbok tindakké, tindakna kabèh kuwi nganggo jenengé Gusti Yésus. Kowé kudu ngucap syukur marang Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, liwat dhèwèké.+ 18  Wong-wong wédok, kowé kudu manut marang bojomu,+ kaya sing kuduné ditindakké muridé Gusti. 19  Wong-wong lanang, kowé kudu terus nresnani bojomu,+ lan aja kasar* karo bojomu.+ 20  Bocah-bocah, kowé kudu manut karo wong tuwamu,+ merga kuwi nggawé Gusti seneng. 21  Bapak-bapak, aja nggawé anak-anakmu lara ati,+ bèn anak-anakmu ora cilik ati. 22  Budhak-budhak, kowé kudu terus manut karo majikanmu sing ana ing bumi.+ Aja nindakké kuwi mung pas ana sing ndelok, kaya-kaya mung péngin nyenengké manungsa. Ning, kowé kudu tulus nindakké kuwi merga wedi marang* Yéhuwah.* 23  Nèk kowé nindakké apa waé, kowé kudu nindakké kuwi sepenuh jiwamu* kaya kanggo Yéhuwah,*+ dudu kanggo manungsa. 24  Kowé ngerti nèk Yéhuwah* sing bakal mènèhi kowé upah, yaiku warisan.+ Kowé kudu nyambut gawé dadi budhak kanggo Kristus, Majikané awaké dhéwé. 25  Wong sing nindakké salah mesthi dihukum menurut kesalahané,+ merga Gusti Allah ora pilih kasih.+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”kabèh anggota badanmu”.
^ Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
^ Wong Skit kuwi wong-wong sing isih primitif.
^ Deloken Lamp. A5.
^ Utawa ”lan mènèhi naséhat marang”.
^ Utawa ”sing nyenengké”.
^ Deloken Lamp. A5.
^ Utawa ”ing atimu”.
^ Utawa ”aja seneng nesu”.
^ Deloken Lamp. A5.
^ Deloken Lamp. A5.
^ Deloken Lamp. A5.