KITAB SUCI TERJEMAHAN DONYA ANYAR

Isiné Alkitab

Jawa
Isiné Alkitab
https://cms-imgp.jw-cdn.org/img/p/1001061100/univ/wpub/1001061100_univ_sqr_xl.jpg
nwt hlm. 5

Isiné Alkitab

Gusti Allah mènèhi tuntunan kanggo awaké dhéwé liwat Alkitab. Alkitab nduduhké carané bèn uripé awaké dhéwé ayem tentrem lan carané nyenengké Gusti Allah. Alkitab ya njawab pitakonan-pitakonan iki:

CARANÉ NGGOLÈKI AYAT ALKITAB

Alkitab kuwi gabungan saka 66 buku. Alkitab kuwi dibagi dadi rong bagian yaiku: Kitab-Kitab Ibrani-Aram (”Perjanjian Lawas”) lan Kitab-Kitab Yunani Kristen (”Perjanjian Anyar”). Ing saben buku, ana bab lan ayat. Nèk ana ayat sing ditulis ing buku iki, angka sing ngarep disebut bab, lan angka sing mburi disebut ayat. Contoné, Purwaning Dumadi 1:1 kuwi maksudé Purwaning Dumadi bab 1, ayat 1.