Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Nanging Padha Éling-ingélingna ing Sadina-dina”

”Nanging Padha Éling-ingélingna ing Sadina-dina”

”Bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi nglairaken.”​—PR. 13:15.

LAGU: 53, 45

1, 2. Apa sebabé penting kanggo nggedhèkké atiné wong liya?

CRISTINA, sing umuré 18 taun, kandha, ”Wong tuwaku ora tau ngalem aku, ning malah ngelokké terus. Omongané kadhang kala nylekit. Aku diarani isih kaya cah cilik, lemu, lan ora tau gelem sinau. Mula, aku kerep nangis lan pilih ora omongan waé. Aku rumangsa ora guna.” [1] (Deloken katrangan ing kaca 8.) Urip ora nyenengké nèk ora tau ana sing ngalem utawa nggedhèkké ati.

2 Nggedhèkké atiné wong liya kuwi penting. Rubén kandha, ”Pirang-pirang taun aku rumangsa ora guna. Ning, wektu nginjil karo pinituwa sing ngertèni kahananku, dhèwèké ngrungokké tenanan wektu aku nyritakké perasaanku. Banjur, dhèwèké ngélingké bab-bab apik sing wis tak tindakké, uga ngélingké kandhané Yésus nèk awaké dhéwé kabèh iki luwih aji timbang manuk glathik. Aku kerep ngéling-éling ayat kuwi, lan atiku dadi trenyuh. Omongané pinituwa mau nggedhèkké atiku.”​—Mt. 10:31.

3. (a) Apa kandhané Paulus bab nggedhèkké ati liyané? (b) Apa sing bakal dirembug ing wulangan iki?

3 Alkitab kandha nèk awaké dhéwé perlu ajeg nggedhèkké ati liyané. Rasul Paulus kandha marang wong Kristen ing Ibrani, ”Hé, para sadulur, pada diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya amarga murtad nyingkur marang Gusti Allah kang asipat gesang. Nanging padha éling-ingélingna ing sadina-dina.” Paulus banjur nerangké alesané, ”Supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atiné, marga saka pamblithuking dosa.” (Ib. 3:12, 13) Mesthi panjenengan seneng wektu ana sing nggedhèkké ati. Mula, apa sebabé kita perlu nggedhèkké ati sedulur liya? Apa sing isa ditiru saka carané Yéhuwah, Yésus, lan Paulus wektu nggedhèkké ati liyané? Lan piyé carané nggedhèkké ati liyané? Ayo dirembug pitakonan-pitakonan kuwi.

KABÈH BUTUH DIGEDHÈKKÉ ATINÉ

4. Sapa waé sing perlu dialem? Apa sebabé saiki akèh wong ora tau ngalem liyané?

4 Kita kabèh butuh digedhèkké atiné. Wong tuwa kususé perlu ngalem kanggo nggedhèkké ati anaké. Guru sing jenengé Timothy Evans nerangké nèk bocah kuwi ”butuh dialem kaya tanduran butuh banyu”. Dhèwèké kandha, ”Nèk dialem, bocah isa rumangsa kanggo lan diajèni.” Ning, merga awaké dhéwé urip ing ”dina-dina wekasan”, akèh wong sing ”ora bisa atindak tresna” marang siji lan sijiné. (2 Tm. 3:1-5) Ana wong tuwa sing ora tau ngalem anaké merga ndhisik ora tau dialem wong tuwané dhéwé. Wong diwasa uga perlu dialem, ning kuwi arang kelakon. Contoné, akèh sing sambat nèk ora tau dialem wektu nyambut gawé.

Ngalem bab apik sing wis ditindakké wong liya

5. Piyé carané nggedhèkké atiné wong liya?

5 Awaké dhéwé isa nggedhèkké ati liyané nganggo cara ngalem bab apik sing wis ditindakké. Awaké dhéwé uga isa ngalem sipat-sipat apiké lan nglipur wektu ana sing susah utawa cilik ati. (1 Ts. 5:14) Merga kerep srawung, awaké dhéwé nduwé akèh kesempatan kanggo nggedhèkké ati sedulur liyané. (Wacanen Kohèlèt 4:9, 10.) Mula pikirna, ’Apa wong liya ngerti alesané aku ngajèni lan nresnani? Lan apa aku nindakké iki kapan waé aku isa?’ Gatèkna kandhané Alkitab, ”Iba beciké tembung kang patitis ing wektu kang cocog.”​—WB. 15:23.

6. Apa sebabé Sétan péngin nggawé wong-wong cilik ati? Wènèhana conto upayané Sétan.

6 Wulang Bebasan 24:10 kandha, ”Saupama ing dina karubedan atimu semplah, iku nélakaké kuranging kekuwatanmu.” Sétan ngerti awaké dhéwé isa dadi adoh saka Yéhuwah, nèk cilik atiné. Sétan ngupaya nggawé Ayub sengsara supaya cilik ati. Ning, upayané Sétan gagal. Ayub tetep setya marang Yéhuwah. (Ay. 2:3; 22:3; 27:5) Awaké dhéwé uga isa nglawan Sétan bèn upayané gagal. Nèk terus nggedhèkké atiné keluarga lan para sedulur ing jemaat, awaké dhéwé isa mbantu siji lan sijiné bèn seneng lan tetep cedhak karo Yéhuwah.

CONTO-CONTO SING ISA DITIRU

7, 8. (a) Piyé carané Yéhuwah nggedhèkké atiné wong-wong? (b) Piyé carané wong tuwa isa niru Yéhuwah? (Deloken gambar ing kaca 3.)

7 Yéhuwah nggedhèkké atiné wong-wong. Sing nulis buku Jabur kandha, ”Pangéran Yéhuwah ana ing sacedhaké para wong kang rempu atiné, sarta para wong kang pepes budiné padha dipitulungi.” (Ms. 34:19) Wektu nabi Yérémia wedi lan cilik ati, Yéhuwah janji arep nulungi. (Ym. 1:6-10) Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo nguwatké nabi Dhanièl sing wis tuwa, lan nyebut dhèwèké ”wong kang kinasihan”. (Dn. 10:8, 11, 18, 19) Apa panjenengan isa nggedhèkké atiné sedulur liya, klebu para perintis lan wong-wong sing wis tuwa sing ora isa tumindak akèh kaya mbiyèné?

Wong tuwa, bantunen anak panjenengan ngadhepi tantangan ing sekolahan

8 Senajan wis akrab banget, Yéhuwah ngerti nèk Yésus isih butuh digedhèkké atiné wektu ing bumi. Wektu Yésus mulai nginjil lan ing taun pungkasané ing bumi, Yésus krungu Bapaké ngendika saka swarga, ”Iki Putra-Ku, sing Daktresnani, sing gawé renaning penggalih-Ku.” (Mt. 3:17; 17:5, Basa Jawi Padintenan) Wektu krungu Bapaké ngendika kaya ngono, Yésus mesthi rumangsa digedhèkké atiné. Bengi sakdurungé séda, Yésus krasa kuwatir. Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo nguwatké lan nglipur Yésus. (Lk. 22:43) Wong tuwa isa niru Yéhuwah nèk kerep ngalem anaké. Panjenengan isa ngalem wektu anak panjenengan tumindaké apik. Lan wektu dhèwèké ngadhepi tantangan ing sekolahan, panjenengan isa ngupaya nguwatké lan mbantu bèn isa tetep setya.

9. Apa sing isa disinau saka tumindaké Yésus marang para muridé?

9 Yésus uga mènèhi conto sing apik. Bengi sakdurungé séda, Yésus ngwijiki sikilé para muridé lan kandha pentingé dadi wong sing andhap asor. Ning para muridé malah dadi sombong lan udur-uduran sapa sing paling gedhé. Pétrus uga sombong banget lan kandha nèk ora bakal ninggalké Yésus. (Lk. 22:24, 33, 34) Yésus ora terus mikirké kesalahané para muridé, ning malah ngalem merga muridé tetep setya. Yésus janji nèk murid-muridé bakal isa nindakké perkara-perkara sing luwih gedhé. Yésus uga mbantu para muridé yakin nèk Yéhuwah tresna marang murid-muridé. (Lk. 22:28; Yo. 14:12; 16:27) Coba pikirna, ’Apa aku niru Yésus lan ngalem sipat-sipat apiké wong liya timbang terus mikirké kesalahané?’

10, 11. Piyé carané Paulus nggedhèkké ati para seduluré, lan dhèwèké gelem nindakké apa?

10 Rasul Paulus kerep ngalem para seduluré. Dhèwèké kerep lunga bareng lan akrab karo sedulur-sedulur. Senajan ngerti nèk para sedulur kuwi ora sampurna, Paulus ora ngèlèk-èlèk ning malah ngomongké sing apik bab para sedulur. Contoné, Paulus kandha nèk Timotéus kuwi ’anaké kang kinasih lan kang setya ana ing Gusti’ lan dhèwèké yakin nèk Timotéus bakal nggatèkké sedulur liyané. (1 Kr. 4:17; Fp. 2:19, 20) Paulus kandha nèk Titus isa dipercaya lan mempeng nyambut gawéné. (2 Kr. 8:22, 23) Timotéus lan Titus mesthi rumangsa digedhèkké atiné wektu ngerti pandhangané Paulus kuwi.

11 Paulus lan Barnabas toh nyawa kanggo nguwatké para seduluré. Contoné, senajan ngerti nèk akèh wong ing kutha Listra péngin matèni wong loro kuwi, Paulus lan Barnabas malah balik mrono manèh kanggo nguwatké para murid sing isih anyar bèn tetep setya marang Yéhuwah. (PR. 14:19-22) Banjur, ing Éfesus, senajan ngadhepi wong-wong sing ngamuk, wong loro kuwi tetep manggon rada suwé ing kono kanggo nguwatké para sedulur. Para Rasul 20:1, 2 kandha, ”Paulus tumuli nimbali para siswa padha disantosakaké atiné lan sawisé pamitan banjur bidhal menyang ing tanah Makédhonia; ndlajahi talatah kono sarta nyantosakaké atiné para sadulur ing kono kalawan pitutur akèh-akèh. Banjur rawuh ing tanah Yunani.”

NGGEDHÈKKÉ ATI SIJI LAN SIJINÉ

12. Apa sebabé kudu ajeg teka ing pakumpulan ibadah?

12 Yéhuwah péngin awaké dhéwé seneng. Mula Yéhuwah ndhawuhi awaké dhéwé ajeg teka ing pakumpulan ibadah, bèn isa sinau bab Yéhuwah lan isa nguwatké siji lan sijiné. (1 Kr. 14:31; wacanen Ibrani 10:24, 25.) Cristina, sing dicritakké ing kaca 3, kandha, ”Aku seneng teka ing pakumpulan ibadah merga ing kono aku ditresnani lan dikuwatké. Kadhang kala atiku susah wektu teka ing Balé Ibadah. Ning sedulur-sedulur wédok nyedhaki, ngrangkul, lan ngalem nèk aku kétok ayu. Uga kandha nèk padha tresna karo aku lan seneng ndelok kemajuan rohaniku. Kuwi nggawé aku rumangsa luwih ayem.” Mula, nggedhèkké ati siji lan sijiné kuwi penting banget.​—Rm. 1:11, 12.

13. Apa sebabé para sedulur sing wis suwé ngabdi uga butuh dikuwatké?

13 Para sedulur sing wis suwé ngabdi uga butuh dikuwatké. Wektu bangsa Israèl arep mlebu ing tanah sing dijanjèkké, Yéhuwah ndhawuhi Musa bèn nggedhèkké atiné Yusak, senajan Yusak sakjané wis suwé dadi abdiné Yéhuwah. Yéhuwah ngendika, ”Sira préntaha marang Yusak; sira bombonga lan sira santosakna atiné, marga iku kang bakal nyabrang ngirid lakuné bangsa iki, iya dhèwèké iku kang bakal nuntun nganti padha ndarbèni nagara kang bakal sira deleng iku.” (PT. 3:27, 28) Yusak bakal dadi pemimpiné bangsa Israèl. Dhèwèké bakal maju perang lan nurut cathetan Alkitab wis tau kalah paling ora sepisan. Mula Yusak butuh dikuwatké. (Ys. 7:1-9) Saiki, awaké dhéwé isa nggedhèkké atiné para pinituwa lan pinituwa wilayah, sing wis kerja mempeng ngopèni umaté Yéhuwah. (Wacanen 1 Tésalonika 5:12, 13.) Ana pinituwa wilayah sing kandha, ”Kadhang kala para sedulur ngirimi surat sing isiné rasa maturnuwun merga seneng wis tak parani. Surat-surat kuwi tak simpen lan tak waca manèh wektu cilik ati. Kuwi bener-bener nguwatké aku.”

Wektu wong tuwa ngalem anaké, kuwi isa mbantu bocah kuwi nyedhak marang Yéhuwah (Deloken paragraf 14)

14. Apa sing isa mbantu kita kabèh terus nindakké sing bener?

14 Rasul Paulus mènèhi wejangan kanggo jemaat ing Korinta. Wektu jemaat ing kono ngetrapké wejangané, Paulus ngalem wong-wong kuwi. (2 Kr. 7:8-11) Kuwi mesthi nguwatké jemaat ing Korinta kanggo terus nindakké sing bener. Saiki, para pinituwa lan wong tuwa isa niru Paulus. Andreas, sing nduwé anak loro, kandha, ”Nèk bocah dialem, kuwi isa marahi gedhè atiné lan dadi cedhak karo Yéhuwah, sarta apa sing diwulangké isa mlebu ing atiné. Senajan bocah-bocah ngerti sing bener, ning kanggo nindakké sing bener, perlu kerep digedhékké atiné.”

CARANÉ NGGEDHÈKKÉ ATI LIYANÉ

15. Apa salah siji cara kanggo nggedhèkké ati liyané?

15 Kandhaa karo para sedulur nèk panjenengan ngajèni upaya lan sipat-sipat apiké. (2 Bb. 16:9; Ay. 1:8) Kuwi tegesé awaké dhéwé niru Yéhuwah lan Yésus, sing ngajèni apa waé sing kita tindakké, senajan awaké dhéwé ora isa nindakké kabèh sing awaké dhéwé péngini. (Wacanen Lukas 21:1-4; 2 Korinta 8:12.) Contoné, kita ngerti nèk para sedulur sing wis tuwa perlu ngupaya tenanan bèn isa ajeg ngibadah lan nginjil. Apa awaké dhéwé nggedhèkké ati lan ngalem para sedulur kuwi?

16. Kapan isa nggedhèkké ati liyané?

16 Kerepa nggedhèkké ati liyané. Kapan waé ana sedulur sing nindakké bab sing apik, panjenengan isa ngalem. Wektu Paulus lan kanca-kancané lagi ing Antiokhia, Pisidia, para pemimpiné sinagoga kandha, ”Para sadhèrèk, bokbilih panjenengan sami kagungan pangandika minangka pambangun saha panglipur tumrap umat punika, sumangga kula aturi nglairaken.” Paulus nggunakké kesempatan kuwi kanggo nggedhèkké atiné wong-wong. (PR. 13:13-16, 42-44) Nèk nggedhèkké ati liyané, wong-wong uga bakal nindakké sing padha.​—Lk. 6:38.

17. Cara apa sing paling apik kanggo ngalem wong liya?

17 Kudu cetha. Wektu ngalem wong-wong Kristen ing Tiatira, Yésus cetha nyebutké bab apik sing wis ditindakké. (Wacanen Wahyu 2:18, 19.) Piyé carané niru Yésus? Isa waé awaké dhéwé ngalem sedulur wédok sing wis ngupaya nggedhèkké anaké dhèwèkan, senajan ora gampang. Sakliyané kuwi, wong tuwa isa ngalem anaké sing wis ngupaya ngabdi marang Yéhuwah lan nyebutké bab apik apa waé sing wis ditindakké. Kita isa nggedhèkké atiné wong liya nèk cetha nyebutké bab-bab apik sing wis ditindakké.

18, 19. Piyé carané mbantu siji lan sijiné tetep cedhak karo Yéhuwah?

18 Jaman saiki, Yéhuwah ora ngendika langsung saka swarga bèn awaké dhéwé nggedhèkké atiné salah siji sedulur, kaya mbiyèn Yéhuwah ndhawuhi Musa bèn nggedhèkké atiné Yusak. Ning, Yéhuwah mesthi seneng nèk kita ngupaya nggedhèkké ati liyané. (WB. 19:17; Ib. 12:12) Contoné, awaké dhéwé isa ngalem sedulur sing bar ceramah ing jemaat lan nyebutké bab apa waé sing migunani saka ceramahé. Mbokmenawa ceramahé isa mbantu awaké dhéwé ngatasi masalah utawa dadi luwih ngerti bab Alkitab. Ana sedulur wédok nulis surat kanggo sedulur sing bar ceramah ing jemaaté, ”Senajan mung ngomong sedhéla, panjenengan ngerti kasusahanku, sarta nguwatké lan nggedhèkké atiku. Wektu panjenengan ceramah ing panggung utawa wektu ngomong dhéwé karo aku, aku rumangsa kaya éntuk hadiah saka Yéhuwah.”

19 Kita kabèh isa mbantu siji lan sijiné tetep cedhak karo Yéhuwah nèk ngetrapké naséhaté Paulus, ”Padha éling-ingélingna lan bangun-binanguna, kayadéné kang pancèn padha koklakoni iku.” (1 Ts. 5:11) Nèk awaké dhéwé ’padha éling-ingélingké’ saben dina, kuwi nggawé Yéhuwah seneng banget.

^ [1] (paragraf 1) Dudu jenengé asli.