Yérémia 1:1-19

  • Yérémia dipilih dadi nabi (1-10)

  • Wahyu soal wit almond (11, 12)

  • Wahyu soal panci (13-16)

  • Yérémia dikuwatké bèn isa nindakké tugasé (17-19)

1  Iki omongané Yérémia* anaké Imam Hilkia, salah siji imam ing Anatot+ ing dhaérah Bènyamin.  Ing taun ke-13 pamréntahané Yosia+ anaké Amon+ raja Yéhuda, Yéhuwah ngomong marang aku.  Gusti Allah ya ngomong manèh marang aku pas jamané Yéhoyakim+ anaké Yosia raja Yéhuda nganti rampungé 11 taun pamréntahané Zédékia+ anaké Yosia raja Yéhuda, yaiku nganti penduduk Yérusalèm ditawan ing sasi ke-5.+  Yéhuwah ngomong marang aku,   ”Kowé wis Tak pilih* sakdurungé kowé ana.+ Sakdurungé lair, kowé wis Tak pilih kanggo nindakké tugas khusus*+ dadi nabiné bangsa-bangsa.”   Ning aku kandha, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Aku ora pinter ngomong.+ Aku isih enom.”+   Yéhuwah ngomong marang aku,”Aja ngomong, ’Aku isih enom.’ Marang sapa waé kowé Tak utus, kowé kudu mangkat. Kowé kudu nyampèkké kabèh sing wis Tak préntahké marang kowé.+   Aja wedi karo wong-wong kuwi,+Merga Aku, Yéhuwah, kandha, ’Aku ndhukung kowé kanggo nylametké kowé.’”+  Bar kuwi, Yéhuwah ngulurké tangané, terus ndemèk cangkemku.+ Yéhuwah ngomong, ”Apa sing kudu mbok omongké wis Tak dèlèhké ing cangkemmu.+ 10  Dina iki, Aku mènèhi kowé wewenang kanggo nyabut lan ngrubuhké, ngremuk lan nyingkirké, lan mbangun lan nandur bangsa-bangsa lan kerajaan-kerajaan.”+ 11  Yéhuwah kandha manèh marang aku, ”Yérémia, kowé ndelok apa?” Aku njawab, ”Aku ndelok cabang wit almond.” 12  Yéhuwah kandha, ”Bener, merga Aku terus siap* kanggo nindakké omongan-Ku.” 13  Bar kuwi, Yéhuwah kandha manèh marang aku, ”Kowé ndelok apa?” Aku njawab, ”Aku ndelok panci sing banyuné umub,* lan panci kuwi miring ngidul saka arah lor.” 14  Terus Yéhuwah kandha,”Bakal ana bencana saka lor,Kabèh penduduk ing tanah iki bakal kena bencana kuwi,+ 15  Merga Yéhuwah kandha, ’Aku bakal ngundang* kabèh keluarga saka kerajaan-kerajaan ing lor.+ Wong-wong kuwi bakal teka. Saben rajané bakal ngedegké takhtanéIng gerbang-gerbangé Yérusalèm.+ Wong-wong kuwi bakal nyerang kabèh témbok ing sak ubengéLan nyerang kabèh kutha ing Yéhuda.+ 16  Aku bakal ngumumké hukuman-Ku kanggo umat-Ku merga kabèh kejahatané. Umat-Ku wis ninggalké Aku.+ Umat-Ku nggawé asap korban kanggo allah-allah liyané+ Lan sujud marang gawéan tangané dhéwé.’+ 17  Kowé kudu siap-siap kanggo tumindak. Kowé kudu lunga lan ngandhani wong-wong kuwi apa waé sing wis Tak préntahké marang kowé. Aja wedi karo wong-wong kuwi,+Bèn Aku ora nggawé kowé dadi saya wedi ing ngarepé wong-wong kuwi. 18  Dina iki Aku nggawé kowé dadi kaya kutha sing ana bèntèngé,Kaya cagak wesi lan témbok saka tembaga, bèn kowé isa ngadhepi negara iki,+Raja-raja Yéhuda lan para pemimpiné,Para imamé lan rakyat negara iki.+ 19  Wong-wong kuwi mesthi bakal nglawan kowé,Ning wong-wong kuwi ora bakal menang,Merga Aku, Yéhuwah, kandha, ’Aku ndhukung kowé+ kanggo nylametké kowé.’”

Katrangan Tambahan

Mungkin artiné ”Yéhuwah Ngunggulké”.
Utawa ”Tak kenal”.
Utawa ”kowé wis Tak sucèkké”.
Kata ”wit almond” (ay. 11) lan ”terus siap” kuwi permainan kata ing basa Ibrani. Loro kata kuwi asalé saka kata dasar sing mirip.
Lit.: ”sing disebul”, maksudé sing disebul kuwi geni ing ngisoré panci mau.
Utawa ”nyeluk”.