2 Babad 16:1-14

  • Perjanjiané Asa karo Siria (1-6)

  • Hanani ngélikké Asa (7-10)

  • Asa mati (11-14)

16  Ing taun ke-36 pamréntahané Asa, Baasya+ raja Israèl nyerang Yéhuda lan mulai mbangun* Rama,+ supaya ora ana sing isa mlebu metu ing wilayahé Asa raja Yéhuda.+  Mula, Asa ngetokké pérak lan emas saka panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah+ lan ing istana, terus ngirim kuwi marang Bèn-hadad raja Siria+ sing manggon ing Damaskus. Asa kandha,  ”Ana perjanjian antarané aku lan kowé, antarané bapakku lan bapakmu. Aku ngirim pérak lan emas iki marang kowé. Mula, batalna perjanjianmu karo Baasya raja Israèl, supaya dhèwèké mundur saka aku.”  Bèn-hadad ngrungokké omongané Raja Asa lan ngutus para pemimpin pasukané kanggo nyerang kutha-kutha Israèl, lan wong-wong kuwi ngalahké Iyon,+ Dan,+ Abèl-maim, lan kabèh panggonan sing dienggo nyimpen persediaan ing kutha-kutha Naftali.+  Pas Baasya krungu kuwi, dhèwèké langsung mandheg mbangun* Rama lan ninggalké proyèk kuwi.  Terus Raja Asa ngumpulké kabèh wong Yéhuda, lan wong-wong kuwi padha ngangkuti watu lan kayu sing digunakké Baasya kanggo mbangun Rama.+ Terus, Raja Asa nggunakké kuwi kabèh kanggo mbangun*+ Géba+ lan Mizpa.+  Wektu kuwi, Hanani,+ wong sing isa ngerti wahyu, nemoni Asa raja Yéhuda lan kandha, ”Merga kowé ngendelké raja Siria lan ora ngendelké Yéhuwah Gusti Allahmu, pasukané raja Siria bakal lolos.+  Pasukan Étiopia lan Libia kuwi akèh banget lan nduwé akèh kréta perang lan pasukan sing numpak jaran. Ning merga kowé ngendelké Yéhuwah, Dhèwèké nyerahké pasukan kuwi marang kowé.+  Yéhuwah tenanan ndelok kabèh wong ing bumi+ bèn isa nduduhké kekuwatané marang* wong-wong sing ngabdi saktulusé ati.+ Tumindakmu kuwi salah. Mulai saiki kowé bakal perang terus.+ 10  Ning, Asa dadi lara ati marang wong sing isa ngerti wahyu kuwi lan nglebokké wong kuwi ing penjara.* Dhèwèké nesu banget karo omongané wong kuwi. Asa ya mulai nindhes sebagéan rakyaté. 11  Sejarahé Asa, saka awal tekan akhir, ditulis ing Buku Raja-Raja Yéhuda lan Israèl.+ 12  Ing taun ke-39 pamréntahané, Asa kena penyakit ing sikilé, lan akhiré dhèwèké lara parah. Senajan wis lara, dhèwèké tetep ora njaluk bantuané Yéhuwah, ning malah njaluk bantuané para tabib. 13  Akhiré Asa mati,*+ yaiku ing taun ke-41 pamréntahané. 14  Dhèwèké dikubur ing kuburan sing apik banget sing sakdurungé wis dhèwèké gali ing Kutha Daud.+ Mayaté didèlèhké ing panggonan sing kebak minyak balsam* lan campuran rempah-rempah karo minyak wangi.+ Terus, wong-wong kuwi ngurubké geni gedhé banget kanggo dhèwèké.*

Katrangan Tambahan

Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”bèn isa ndhukung”.
Lit.: ”omah kanggo masung”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Mungkin kanggo mbakar rempah-rempah, dudu kanggo krémasiné Asa.