Wulang Bebasan 15:1-33
15 Jawaban sing alus nggawé wong dadi ora nesu manèh,+Ning omongan sing kasar* nggawé wong dadi nesu.+
2 Wong wicaksana ngomong nganggo pengetahuan,+Ning wong bodho ngomongké sing ora ana gunané.
3 Mripaté Yéhuwah nggatèkké apa sing kelakon ing endi-endi.
Dhèwèké nggatèkké wong sing jahat lan wong sing apik.+
4 Omongan sing apik* kuwi kaya wit kehidupan,+Ning omongan sing ngapusi nggawé wong putus asa.
5 Wong sing bodho ngrèmèhké dhidhikané bapaké,+Ning wong sing pinter gelem dinaséhati.*+
6 Ing omahé wong sing bener ana akèh harta,Ning sing dihasilké wong jahat nggawé wong kuwi dhéwé susah.+
7 Lambéné wong wicaksana* nyebarké pengetahuan,+Ning atiné wong bodho ora kaya ngono.+
8 Yéhuwah sengit karo persembahané wong jahat,+Ning Dhèwèké seneng karo dongané wong bener.+
9 Yéhuwah sengit karo tumindaké wong jahat,+Ning Dhèwèké sayang karo wong sing ngupaya nindakké sing bener.+
10 Wong sing ora nindakké sing bener manèh ora seneng didhidhik,+Ning sapa waé sing ora gelem dikandhani bakal mati.+
11 Nèk isiné Kuburan* lan panggonan awaké manungsa hancur* waé kétok jelas kanggoné Yéhuwah,+Apa manèh atiné manungsa.+
12 Wong sing sombong* ora seneng karo wong sing ngandhani* dhèwèké.+
Dhèwèké ora bakal njaluk naséhat marang wong wicaksana.+
13 Ati sing seneng nggawé wajah kétok bahagia,Ning ati sing sedhih nggawé ora semangat manèh.+
14 Wong sing nduwé pemahaman bakal nggolèki pengetahuan,+Ning wong bodho* seneng ngomongké sing ora ana gunané.+
15 Kanggoné wong sing susah, saben dina kuwi ora nyenengké,+Ning kanggoné wong sing atiné seneng, saben dina kuwi nyenengké.*+
16 Luwih apik nduwé barang sithik, ning wedi marang* Yéhuwah,+Timbang nduwé akèh harta, ning malah ngrasa kuwatir.*+
17 Luwih apik mangan sayur sak piring karo wong sing sayang karo kowé,+Timbang mangan daging sapi sing paling apik karo wong sing sengit karo kowé.+
18 Wong sing gampang nesu marahi padu,+Ning wong sing ora gampang nesu ngendhegké padu.+
19 Kelakuané wong kesèd kuwi kaya pager saka duri,+Ning kelakuané wong sing bener kaya dalan gedhé sing alus.+
20 Anak sing wicaksana nggawé bapaké seneng,+Ning wong sing bodho ngrèmèhké ibuné.+
21 Wong sing kurang pertimbangan seneng karo apa waé sing ora ana gunané,+Ning wong sing nduwé pertimbangan nglakoni apa sing bener.+
22 Rencana gagal nèk ora dirembug dhisik,*Ning kuwi isa berhasil nèk ana akèh sing mènèhi naséhat.+
23 Wong ngrasa seneng nèk isa mènèhi jawaban sing cocog,+Lan omongan sing diomongké ing wektu sing pas kuwi nyenengké banget.+
24 Wong sing nduwé pemahaman bakal terus urip*+
Lan ora bakal mlebu ing Kuburan.*+
25 Yéhuwah bakal ngambrukké omahé wong sing sombong,+Ning Dhèwèké bakal njaga tanahé* randha.+
26 Yéhuwah sengit karo rencanané wong jahat,+Ning Dhèwèké seneng karo omongan sing nyenengké.+
27 Wong sing nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur nggawé keluargané kena masalah,*+Ning wong sing sengit karo suap bakal terus urip.+
28 Wong sing bener* mikir dhisik sakdurungé njawab,*+Ning wong sing jahat ngomongké sing ora apik.
29 Yéhuwah adoh saka wong sing jahat,Ning Dhèwèké ngrungokké dongané wong sing bener.+
30 Nèk wong liya seneng* wektu ndelok kowé, kowé ya bakal ngrasa seneng.
Laporan sing apik isa nggawé semangat.*+
31 Naséhat isa nggawé wong terus urip.
Wong sing ngrungokké naséhat bakal dadi wicaksana.+
32 Wong sing ora gelem nampa dhidhikan ora perduli karo uripé dhéwé,+Ning wong sing gelem ngrungokké naséhat bakal éntuk pemahaman.+
33 Wong sing wedi marang* Yéhuwah isa dilatih bèn dadi wicaksana,+Lan wong sing rendah hati bakal diajèni.+
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”nglarani”.
^ Utawa ”Ilat sing nambani”.
^ Utawa ”disenèni”.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”lan Abadon”.
^ Utawa ”Wong sing seneng ngécé”.
^ Utawa ”nyenèni”.
^ Lit.: ”cangkemé wong bodho”.
^ Utawa ”Ning wong sing atiné seneng nganakké pésta saben dina”.
^ Utawa ”bingung”.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”nèk ora ana omongan sing rahasia”.
^ Lit.: ”munggah ing dalan kehidupan”.
^ Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”batas tanahé”.
^ Utawa ”nggawé isin keluargané”.
^ Lit.: ”Atiné wong sing bener”.
^ Utawa ”mikirké tenanan sakdurungé njawab; mikir sakdurungé ngomong”.
^ Lit.: ”mripaté bercahaya”.
^ Lit.: ”nggawé balung dadi lemu”.
^ Deloken Daftar Istilah.

