Wulang Bebasan 24:1-34
24 Aja iri karo wong sing jahat,Lan aja dadi kancané wong-wong kuwi,+
2 Merga wong-wong kuwi mikirké sing jahat,Lan wong-wong kuwi terus ngomongké carané nggawé wong liya cilaka.
3 Omah* dibangun nganggo kawicaksanan,*+Lan kuwi isa tetep kuwat nèk dhasaré pertimbangan sing apik.
4 Nganggo pengetahuan, kamar-kamaré dikebakiBarang-barang sing apik lan harta sing berharga.+
5 Wong sing wicaksana kuwi kuwat,+Lan pengetahuan nggawé wong dadi saya kuwat.
6 Kowé kudu manut karo petunjuké wong sing trampil* wektu perang,+Lan kowé isa menang* nèk nduwé akèh penaséhat.+
7 Wong bodho+ ora isa nduwé kawicaksanan.
Dhèwèké ora isa ngomong apa-apa ing gerbang kutha.*
8 Wong sing nduwé rencana jahatBakal disebut tukang nggawé rencana jahat.+
9 Rencanané wong bodho nyebabké dosa,Lan wong sing seneng ngécé disengiti wong liya.+
10 Nèk kowé ora nduwé semangat pas ngalami kesusahan,*Kekuwatanmu bakal entèk.
11 Wong-wong sing arep dipatèni kudu mbok slametké,Lan kowé kudu nylametké wong-wong sing ngadhepi bahaya merga arep dibantai.+
12 Ning, nèk kowé ngomong, ”Aku ora ngerti apa-apa soal kuwi,”Apa Dhèwèké sing ngerti isi atiné* manungsa ora isa ngerti pikiranmu?+
Dhèwèké sing ngamati kowé bakal ngerti sing mbok pikirkéLan bakal mbales saben manungsa manut karo tumindaké dhéwé-dhéwé.+
13 Anakku, kowé kudu mangan madu merga kuwi ana manfaaté.
Madu sing nètès kuwi legi rasané.
14 Kawicaksanan kuwi ya ana manfaaté kanggo kowé.+
Nèk kuwi mbok duwèni, sukmbèn uripmu bakal pénak,Lan kowé terus nduwé harapan.+
15 Aja jahat. Aja nggolèk kesempatan kanggo nyerang omahé wong bener.
Aja ngrusak panggonané wong kuwi.
16 Wong sing bener isa waé tiba ping pitu, ning dhèwèké mesthi bakal tangi manèh.+
Tapi, wong sing jahat bakal tiba merga kena bencana lan ora isa tangi manèh.+
17 Aja seneng nèk mungsuhmu tiba,Lan aja nganti kowé ngrasa seneng wektu dhèwèké kesandhung.+
18 Nèk kowé kaya ngono, Yéhuwah mesthi bakal ngerti lan ora seneng karo kowé,Lan Dhèwèké bakal ora nesu manèh marang mungsuhmu.+
19 Aja nesu karo wong sing jahat.
Aja iri karo wong kuwi,
20 Merga wong sing jahat ora nduwé harapan.+
Wong sing jahat kaya lampu sing arep mati.+
21 Anakku, kowé kudu wedi marang* Yéhuwah lan raja.+
Aja kekancan karo wong-wong sing seneng mbrontak,*+
22 Merga wong-wong kuwi bakal ujug-ujug kena bencana.+
Apa ana sing ngerti bencana sing dialami wong-wong kuwi sing disebabké karo loro-loroné mau?*+
23 Iki omongané wong sing wicaksana:
Nèk kowé ora adil wektu ngadili, kuwi ora apik.+
24 Sapa waé sing ngomong karo wong sing jahat, ”Kowé wong sing bener,”+Bakal dikutuk karo wong-wong lan disumpahi karo bangsa-bangsa.
25 Ning, wong sing nyenèni wong jahat kuwi bakal makmur.+
Wong kuwi bakal éntuk akèh berkah.+
26 Wong sing njawab jujur bakal diajèni.*+
27 Rampungna gawéanmu sing ana ing njaba, lan siapna kabèh sing ana ing ladhangmu.
Terus bangunen omahmu.*
28 Aja mènèhi keterangan nglawan wong liya tanpa bukti.+
Omonganmu aja ngapusi wong liya.+
29 Aja ngomong, ”Aku bakal njahati dhèwèké merga dhèwèké wis njahati aku.
Aku bakal mbales tumindaké.”+
30 Aku liwat ing ladhangé wong kesèd,+Ing ladhang angguré wong sing ora nduwé pertimbangan sing apik.
31 Aku ndelok nèk ladhangé mung dikebaki suket.
Lemahé ketutupan semak-semak,Lan témboké wis ambruk.+
32 Aku ndelok kuwi kabèh, terus tak pikirké tenanan.
Aku ndelok lan ana sing isa tak sinaoni:
33 Turu sedhéla manèh, merem sedhéla manèh,Lèyèh-lèyèh sedhéla manèh,
34 Terus kowé bakal ujug-ujug dadi mlarat, kaya perampok sing ujug-ujug nyerang kowé,Lan kowé bakal ngalami kekurangan, kaya nèk kabèh hartamu dijupuk wong sing nggawa senjata.+
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”Keluarga”.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”tuntunan sing wicaksana”.
^ Utawa ”berhasil”.
^ Panggonan kanggo ngumpul para pemimpiné kutha.
^ Utawa ”pas ngalami masalah”.
^ Utawa ”niaté”.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”wong-wong sing nuntut ana perubahan”.
^ Maksudé, Yéhuwah lan raja.
^ Utawa mungkin ”Wong sing njawab terus terang kuwi kaya ngambung lambé”.
^ Utawa ”keluargamu”.