Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kabecikan​—⁠Carané Bèn Nduwé Sipat Kuwi

Kabecikan​—⁠Carané Bèn Nduwé Sipat Kuwi

AWAKÉ DHÉWÉ mesthi péngin dadi wong apik. Ning, dadi wong apik kuwi ora gampang merga akèh wong saiki ”sengit karo apa sing apik”. (2 Tim. 3:3) Wong-wong kuwi ora gelem manut pathokané Yéhuwah lan nganggep ”piala iku becik lan kabecikan iku ala”. (Yé. 5:20) Merga ora sampurna lan tau nggawé kesalahan, mungkin awaké dhéwé ya ngrasa kaya Anne, * sedulur wédok sing wis ngabdi puluhan taun, sing kandha, ”Aku rumangsa ora isa dadi wong apik.”

Senajan ngadhepi tantangan-tantangan kuwi, awaké dhéwé tetep isa dadi wong apik. Sipat apik, utawa kabecikan, kuwi hasil saka roh suciné Gusti Allah. Mula, roh suci isa mbantu awaké dhéwé bèn nduwé sipat apik. Awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing dimaksud sipat apik, utawa kabecikan, lan piyé carané nduduhké sipat kuwi.

KABECIKAN KUWI APA?

Sing dimaksud kabecikan yaiku nduwé pikiran lan tumindak sing apik. Wong sing apik kuwi ora nindakké apa sing ala. Dhèwèké bakal nggolèk cara bèn isa mbantu lan nindakké apa sing apik kanggo wong liya.

Awaké dhéwé mungkin rumangsa wis nindakké apa sing apik kanggo keluarga lan kanca-kanca. Ning, apa kuwi wis cukup? Pancèn, awaké dhéwé ora sampurna. Alkitab wis kandha nèk ”ing bumi iki ora ana wong kang mursid: kang nglakoni panggawé becik lan ora tau nglakoni dosa”. (Ko. 7:20) Rasul Paulus ya ngakoni, ”Aku ngerti nèk ing awakku, yaiku ing badanku, ora ana sing apik.” (Rm. 7:18) Mula, bèn isa bener-bener dadi wong sing apik, awaké dhéwé perlu sinau saka Yéhuwah, Sumberé kabecikan.

YÉHUWAH KUWI APIK

Yéhuwah mènèhi pathokan soal apa sing apik. Alkitab kandha soal Yéhuwah, ”Paduka punika saé saha nandukaken kasaénan, kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.” (Ms. 119:68) Apa sing isa disinaoni saka ayat kuwi soal kabecikané Yéhuwah?

Yéhuwah kuwi apik. Kabèh sipaté Yéhuwah kuwi apik. Yéhuwah tau kandha karo Musa, ”Sakèhing kamulyaningSun [”kabèh sipat apik-Ku”, Terjemahan Dunia Baru] bakal Sunlampahaké ana ngarepira.” Wektu Yéhuwah nduduhké kamulyané, klebu sipat-sipat apiké, Musa krungu ana swara sing kandha, ”Yéhuwah, Yéhuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih déning sabar, gedhé kamirahané lan kasetyané, kang netepaké sih susetyané marang wong éwon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisaké wong kang salah saka ing paukuman.” (Pa. 33:19; 34:6, 7) Dadi, kabèh sipat lan tumindaké Yéhuwah kuwi mesthi apik. Yésus kuwi manungsa sing paling apik, ning dhèwèké kandha, ”Ora ana sing apik kejaba Gusti Allah.”​—Luk. 18:19.

Awaké dhéwé isa ndelok kabecikané Yéhuwah saka ciptaané

Tumindaké Yéhuwah kuwi apik. Kabèh sing ditindakké Yéhuwah kuwi mesthi apik. Alkitab kandha, ”Kasaénanipun Sang Yéhuwah punika nyrambahi tiyang sadaya saha sihrahmatipun nglubèri sadaya ingkang katitahaken déning Panjenenganipun.” (Ms. 145:9) Yéhuwah kuwi ora mbédak-mbédakké. Dhèwèké mènèhi urip lan nyedhiakké kebutuhané kabèh manungsa. (Kis. 14:17) Yéhuwah ya seneng ngapurani awaké dhéwé. Sing nulis Jabur kandha, ”Paduka punika saé, dhuh Pangéran, saha remen ngapunten.” (Ms. 86:5) Awaké dhéwé isa yakin nèk ”wong kang lakuné kalawan temen mesthi kaparingan samubarang kang becik”.​—Ms. 84:12, Basa Jawi Padintenan (BJP).

”PADHA SINAUA GAWÉ BECIK”

Merga digawé nurut gambaré Yéhuwah, awaké dhéwé isa dadi wong sing apik. (Pd. 1:27) Ning, awaké dhéwé kudu ngupaya. Alkitab kandha, ”Padha sinaua gawé becik.” (Yé. 1:17) Ana telung cara sing isa ditindakké bèn awaké dhéwé isa nduduhké kabecikan.

Pertama, bèn isa nduwé ”kabecikan” (Basa Jawi Resmi), awaké dhéwé perlu ndonga njaluk roh suci. (Gal. 5:22) Roh suci isa mbantu awaké dhéwé bèn tresna karo apa sing apik lan sengit karo apa sing ala. (Rm. 12:9) Alkitab ngandhani nèk Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé bèn terus ”nindakké lan ngomongké apa sing apik”.​—2 Tés. 2:16, 17.

Keloro, awaké dhéwé kudu maca Alkitab. Liwat Alkitab, Yéhuwah ngarahké awaké dhéwé ing ”dalan kang becik” lan nggawé awaké dhéwé ”siap nindakké saben perkara sing apik”. (WB. 2:9; 2 Tim. 3:17) Wektu maca lan ngrenungké soal Gusti Allah lan kersané, awaké dhéwé nglebokké apa sing apik ing njero ati. Kuwi bakal mbantu awaké dhéwé nindakké apa sing apik.​—Luk. 6:45; Éf. 5:9.

Ketelu, awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo ’niru apa sing apik’. (3 Yoh. 11) Awaké dhéwé isa niru conto-conto sing ana ing Alkitab. Yéhuwah lan Yésus pancèn dadi conto sing utama. Ning, awaké dhéwé ya isa ngrenungké contoné wong-wong sing sipat apiké dicathet ing Alkitab, contoné Tabita lan Barnabas. (Kis. 9:36; 11:22-24) Awaké dhéwé isa mikir: ’Apa sing ditindakké Tabita lan Barnabas kanggo mbantu wong liya lan apa manfaat sing dirasakké wong loro kuwi? Apa waé sing isa tak tindakké kanggo mbantu keluarga lan para sedulur ing jemaat? Apa manfaat sing isa tak rasakké nèk niru Tabita lan Barnabas?’

Awaké dhéwé ya isa nggatèkké contoné para sedulur sing wis nindakké apa sing apik. Misalé, awaké dhéwé isa mikirké contoné para pinituwa sing wis kerja keras ing jemaat lan ”seneng karo apa sing becik”. Awaké dhéwé ya isa mikirké contoné para sedulur wédok sing ”mulangké apa sing apik” liwat omongan lan tumindak. (Tit. 1:8; 2:3) Ana sedulur wédok sing jenengé Roslyn kandha, ”Aku kekancan karo salah siji sedulur wédok ing jemaat. Dhèwèké seneng mbantu lan nguwatké para sedulur. Dhèwèké ya mikirké keadaané para sedulur lan kerep ngekèki hadiah sing sederhana utawa bantuan sing dibutuhké. Kancaku kuwi bener-bener wong sing apik.”

Yéhuwah ngandhani umaté bèn ’padha ngupaya kang becik’. (As. 5:14) Kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih nresnani pathokané Yéhuwah lan péngin nindakké apa sing apik.

Awaké dhéwé perlu ngupaya kanggo dadi wong sing apik

Nindakké apa sing apik kuwi ora kudu mènèhi bantuan sing gedhé utawa hadiah sing larang. Kuwi isa dipadhakké kaya nyirami tanduran. Awaké dhéwé ora mungkin langsung ngesokké banyu sing akèh. Ning, awaké dhéwé bakal nyirami nganggo banyu sithik-sithik. Dadi, awaké dhéwé isa nduduhké kabecikan nganggo cara-cara sing sederhana.

Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ”siap” kanggo nindakké apa sing apik. (2 Tim. 2:21; Tit. 3:1) Nèk mikirké keadaané wong liya, awaké dhéwé isa ngerti carané ”nindakké apa sing apik kanggo nguwatké wong-wong kuwi”. (Rm. 15:2) Mungkin awaké dhéwé isa mènèhké apa sing awaké dhéwé duwèni. (WB. 3:27) Awaké dhéwé ya isa ngundang sedulur-sedulur kanggo mangan bareng utawa ngobrol-ngobrol kanggo nguwatké. Nèk ana sing lara, awaké dhéwé isa ngirimi kartu ucapan, niliki, utawa nélpon dhèwèké. Awaké dhéwé ya isa nggolèk kesempatan kanggo ngomongké ”apa sing apik kanggo nguwatké, supaya wong sing ngrungokké isa éntuk paédah”.—Éf. 4:29.

Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé perlu ngupaya kanggo nduduhké kabecikan marang kabèh wong lan ora mbédak-mbédakké. Salah siji carané yaiku martakké kabar apik bab Kratoné Allah marang kabèh wong. Yésus ya mréntahké bèn awaké dhéwé nduduhké kabecikan marang wong-wong sing nyengiti awaké dhéwé. (Luk. 6:27) Nduduhké kabecikan kuwi tumindak sing bener merga ”ora ana hukum sing nglawan bab-bab kuwi”. (Gal. 5:22, 23) Nèk awaké dhéwé nindakké apa sing apik senajan ana tantangan, mungkin awaké dhéwé isa nggawé wong liya dadi péngin kenal lan ngluhurké Yéhuwah.​—1 Ptr. 3:16, 17.

MANFAATÉ NDUDUHKÉ KABECIKAN

Alkitab kandha, ”Wong mursid nampa ganjarané [utawa, manfaaté] penggawéné sing becik.” (WB. 14:14, BJP) Apa waé manfaaté? Nèk awaké dhéwé apik karo wong liya, wong liya ya bakal apik karo awaké dhéwé. (WB. 14:22) Senajan wong liya ora apik karo awaké dhéwé, tumindaké awaké dhéwé sing apik mungkin akhiré isa nggawé sikapé berubah.​—Rm. 12:20, ctn.

Akèh sing wis mbuktèkké nèk nindakké apa sing apik kuwi ana manfaaté. Contoné, ana sedulur wédok sing jenengé Nancy kandha, ”Kèt isih enom uripku ora nggenah lan ora ngajèni wong liya. Ning, sakwisé sinau lan ngetrapké pathokané Gusti Allah soal apa sing apik, aku dadi luwih bahagia. Saiki aku rumangsa nèk uripku dadi luwih berharga.”

Sing paling penting, awaké dhéwé nduduhké kabecikan merga péngin nyenengké Yéhuwah. Senajan ora ana sing ngerti, Yéhuwah nggatèkké pikiran lan tumindaké awaké dhéwé sing apik. (Éf. 6:7, 8) Apa berkahé? Alkitab kandha, ”Wong becik ndadèkaké keparengé Pangéran Yéhuwah.” (WB. 12:2) Mula, awaké dhéwé kudu terus ngupayakké kabecikan. Yéhuwah janji nèk ”bakal ana kamulyan, kaurmatan, lan katentreman kanggo saben wong sing nindakké apa sing apik”.​—Rm. 2:10.

^ par. 2 Dudu jeneng asliné.