Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 ARTIKEL PELAJARAN 12

Nduduhké Rasa Perduli karo Perasaané Wong Liya

Nduduhké Rasa Perduli karo Perasaané Wong Liya

”Kowé kabèh kudu . . . isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya.”​—1 PTR. 3:8.

LAGU 90 Nguwatké Siji lan Sijiné

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sebabé awaké dhéwé seneng nèk ana wong sing perduli kaya sing disebutké ing 1 Pétrus 3:8?

AWAKÉ DHÉWÉ mesthi seneng nèk ana wong sing perduli * karo awaké dhéwé. Wong sing perduli bakal ngupaya kanggo ngertèni apa sing awaké dhéwé pikirké lan rasakké. Wong sing perduli ya bakal mbantu awaké dhéwé, malah kadhang kala tanpa perlu dijaluki bantuan. Awaké dhéwé mesthi seneng nèk ana wong sing ”isa ngrasakké apa sing [awaké dhéwé] rasakké”.​—Wacanen 1 Pétrus 3:8.

2. Apa sebabé nduduhké rasa perduli kuwi ora gampang?

2 Kabèh wong Kristen mesthi péngin isa perduli karo wong liya. Ning, kuwi ora gampang. Salah sijiné merga awaké dhéwé ora sampurna. (Rm. 3:23) Manungsa sing ora sampurna kuwi biasané mung ngutamakké kepentingané dhéwé. Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo mikirké kepentingané wong liya. Sakliyané kuwi, ana pengaruh saka carané awaké dhéwé digedhèkké lan saka wong-wong sing mung ”mikirké kepentingané dhéwé” ing dina-dina pungkasan iki. (2 Tim. 3:1, 2) Piyé carané bèn awaké dhéwé tetep isa perduli karo wong liya?

3. (a) Piyé carané bèn awaké dhéwé isa dadi luwih perduli marang wong liya? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Awaké dhéwé isa dadi luwih perduli marang wong liya nèk niru contoné Yéhuwah lan Yésus. Yéhuwah kuwi nresnani manungsa lan dadi conto sing paling apik soal nduduhké rasa perduli. (1 Yoh. 4:8) Yésus ya nduwé sipat sing persis padha karo Bapaké. (Yoh. 14:9) Wektu ing  bumi, Yésus nduduhké carané perduli karo wong liya. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sing ditindakké Yéhuwah lan Yésus kanggo nduduhké rasa perduliné marang manungsa. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug carané isa niru Yéhuwah lan Yésus.

CONTONÉ YÉHUWAH

4. Piyé Zakharia 2:8 nduduhké nèk Yéhuwah perduli marang umaté?

4 Alkitab kandha nèk Yéhuwah perduli karo perasaané umaté. Contoné, Alkitab kandha nèk ”Gusti Allah ya ngrasa susah” wektu wong-wong Israèl ngalami masalah. (Yé. 63:7-9, Terjemahan Dunia Baru) Liwat Nabi Zakharia, Yéhuwah ya kandha nèk Dhèwèké isa mèlu ngrasakké tumindak ora adil sing ditindakké wong-wong marang umaté. (Wacanen Zakharia 2:8.) Kata-kata kuwi bener-bener cocog kanggo nggambarké perasaané Yéhuwah sing perduli marang umaté.

Merga ngrasa mesakké, Yéhuwah mbébaské bangsa Israèl saka Mesir (Deloken paragraf 5)

5. Wènèhana conto sing nduduhké nèk Yéhuwah tumindak kanggo mbantu umaté.

5 Yéhuwah ora mung ngrasa mesakké marang umaté. Ning, Dhèwèké ya tumindak kanggo mbantu umaté sing ngalami kesusahan. Contoné, wektu wong-wong Israèl dadi budhak ing Mesir, Yéhuwah isa ngrasakké kesusahané umaté lan péngin mbantu umaté. Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ingsun wus nggatosaké kalawan temenan marang kasangsarané umatingSun . . . sarta wus miyarsa panangisé . . . Ingsun nguningani kasangsarané. Mulané Ingsun tumedhak karsa nguwalaké umatingSun saka ing tangané wong Mesir.” (Pa. 3:7, 8) Akhiré, Yéhuwah mbébaské umaté. Bar kuwi, bangsa Israèl ngadhepi serangan mungsuh ing Tanah Perjanjian. Piyé tanggepané Yéhuwah? Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”welas midhangetaké pasambaté, kang awit saka wong kang padha gawé rupeké lan nindhes”. Dadi, Yéhuwah ya péngin mbantu umaté manèh. Yéhuwah nggunakké para hakim kanggo nylametké umaté saka para mungsuh.​—PH. 2:16, 18.

6. Wènèhana conto sing nduduhké nèk Yéhuwah perduli karo perasaané umaté senajan ana sing nduwé pandhangan sing salah.

6 Yéhuwah perduli karo perasaané  umaté senajan ana sing nduwé pandhangan sing salah. Contoné gatèkna pengalamané Nabi Yunus. Yéhuwah ngutus Yunus kanggo ngumumké penghukuman marang wong-wong Niniwé. Wong-wong kuwi akhiré mertobat lan ora sida dihukum. Yunus dadi ora seneng lan nesu merga berita penghukumané ora kelakon. Ning, Yéhuwah tetep sabar lan mbantu Yunus ngowahi pandhangané. (Yn. 3:10–4:11) Akhiré, Yunus nduwé pandhangan sing bener. Yéhuwah ya nggunakké Yunus kanggo nyathet pengalamané bèn awaké dhéwé isa sinau saka kuwi.​—Rm. 15:4. *

7. Tumindaké Yéhuwah marang umaté nggawé awaké dhéwé yakin soal apa?

7 Tumindaké Yéhuwah marang umaté nggawé awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah perduli lan ngertèni kesusahané awaké dhéwé. Alkitab kandha nèk Yéhuwah bener-bener ’nguningani manahipun manungsa’. (2 Bb. 6:30) Yéhuwah ngerti kabèh sing awaké dhéwé pikirké lan rasakké. Yéhuwah ”ora bakal ngejarké [awaké dhéwé] digodha ngluwihi apa sing isa [awaké dhéwé] tanggung”. (1 Kor. 10:13) Kuwi bener-bener isa nggedhèkké atiné awaké dhéwé.

CONTONÉ YÉSUS

8-10. Apa waé sing nggawé Yésus isa perduli karo wong liya?

8 Wektu ing bumi, Yésus ya nduduhké nèk dhèwèké perduli karo wong liya. Paling ora ana telung alesan sing nggawé Yésus perduli karo wong liya. Sing pertama, kaya sing wis disebutké mau, Yésus nduwé sipat sing persis padha karo Bapaké. Kaya Bapaké, Yésus ya nresnani manungsa. Senajan Yésus seneng karo kabèh ciptaané Yéhuwah, ning Alkitab kandha nèk ’para anaké manungsa padha dadi kalangenané’, utawa sing paling disenengi Yésus. (WB. 8:31) Yésus perduli karo perasaané wong liya merga nresnani wong-wong kuwi.

9 Sing keloro, kaya Yéhuwah, Yésus isa ngerti isi atiné manungsa. (Mat. 9:4; Yoh. 13:10, 11) Dadi, wektu ngerti nèk ana sing lagi sedhih, Yésus tumindak kanggo nguwatké wong kuwi merga dhèwèké perduli.​—Yé. 61:1, 2; Luk. 4:17-21.

10 Sing ketelu, Yésus dhéwé ya tau ngalami tantangan sing dialami karo wong-wong liyané. Contoné, keluargané Yésus mungkin dudu wong sing sugih. Yésus ya nindakké gawéan sing abot wektu nyambut gawé bareng karo bapak angkaté, yaiku Yusuf. (Mat. 13:55; Mrk. 6:3) Yésus mesthiné ya wis tau ngalami perasaan sedhih wektu ditinggal mati karo wong sing ditresnani, merga Yusuf kétoké wis mati wektu Yésus mulai nindakké tugas pelayanané. Yésus ya ngerti piyé rasané nduwé keluarga sing ora seiman. (Yoh. 7:5) Kabèh sing wis dialami Yésus wektu ing bumi nggawé dhèwèké isa ngertèni tantangan lan perasaané wong liya.

Yésus nggawa wong sing budheg ngedoh saka wong akèh lan marèkké wong kuwi (Deloken paragraf 11)

11. Kapan khususé Yésus nduduhké rasa perduliné? Jelasna. (Deloken gambar ing halaman 1.)

11 Yésus nduduhké rasa perduliné khususé wektu dhèwèké nindakké mukjijat. Yésus gelem nindakké mukjijat ora mung merga rumangsa wajib, ning ”merga mesakké” karo wong-wong sing sengsara kuwi. (Mat. 20:29-34; Mrk. 1:40-42) Contoné, Yésus tau nggawa wong sing  budheg ngedoh saka wong-wong liyané kanggo marèkké wong kuwi. Yésus ya tau nguripké manèh anaké lanang salah siji randha. (Mrk. 7:32-35; Luk. 7:12-15) Bayangna perasaané Yésus wektu nindakké kuwi. Yésus mesthi ngrasa mesakké lan péngin mbantu wong-wong kuwi.

12. Piyé Yohanes 11:32-35 nduduhké nèk Yésus perduli karo perasaané Marta lan Maria?

12 Yésus perduli karo perasaané Marta lan Maria. Yésus ”nètèské luh” wektu ndelok Marta lan Maria sedhih merga ditinggal mati karo seduluré, yaiku Lazarus. (Wacanen Yohanes 11:32-35.) Yésus ngerti nèk dhèwèké bakal nguripké Lazarus manèh. Dadi, Yésus nangis ora mung merga kancané mati, ning ya merga isa ngrasakké rasa sedhihé Marta lan Maria.

13. Apa sebabé awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké nèk ngerti perasaané Yésus sing perduli karo wong liya?

13 Awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké merga ngerti nèk Yésus perduli karo perasaané wong liya. Kuwi nggawé awaké dhéwé dadi nresnani Yésus. (1 Ptr. 1:8) Saiki, Yésus wis dadi Raja Kratoné Allah. Sedhéla manèh, Yésus bakal nyingkirké kabèh kesusahan. Yésus wis tau dadi manungsa. Mula, Yésus sing paling cocog kanggo mulihké keadaané manungsa sing wis dirusak karo Sétan. Awaké dhéwé mesthi seneng merga nduwé Raja sing ”isa ngerti kelemahané” awaké dhéwé.​—Ibr. 2:17, 18; 4:15, 16.

NIRU CONTONÉ YÉHUWAH LAN YÉSUS

14. Sakwisé maca Éfésus 5:1, 2, apa sing mesthiné péngin awaké dhéwé tindakké?

14 Awaké dhéwé mesthi dadi luwih péngin nduduhké rasa perduli marang perasaané wong liya nèk ngrenungké conto-contoné Yéhuwah lan Yésus. (Wacanen Éfésus 5:1, 2.) Awaké dhéwé ora isa kaya Yéhuwah lan Yésus, sing ngerti isi atiné wong. Ning, awaké dhéwé isa ngupaya kanggo ngertèni perasaan lan kebutuhané wong liya. (2 Kor. 11:29) Senajan ana akèh wong sing égois, ning awaké dhéwé péngin ngupaya kanggo ’nggatèkké kepentingané wong liya, dudu mung kepentingané dhéwé’.​—Flp. 2:4.

(Deloken paragraf 15-19) *

15. Sapa sing khususé perlu nduduhké rasa perduli?

15 Para pinituwa khususé perlu nduduhké rasa perduli, merga nduwé tanggung jawab kanggo ngopèni domba-dombané Yéhuwah. (Ibr. 13:17) Para pinituwa perlu ngertèni perasaané para sedulur ing jemaat, bèn isa mbantu para sedulur kuwi. Piyé carané para pinituwa isa nindakké kuwi?

16. Apa sing perlu ditindakké karo pinituwa sing perduli, lan apa sebabé kuwi penting?

16 Pinituwa sing perduli perlu nyedhiakké wektu kanggo para sedulur. Mungkin ana sedulur ing jemaat sing péngin nyritakké uneg-unegé, ning ora ngerti kudu ngomong apa. Pinituwa sing perduli isa ngejak sedulur kuwi omong-omongan kanggo ngertèni isi atiné lan sabar wektu ngrungokké sedulur kuwi. (WB. 20:5) Para sedulur ing jemaat mesthi bakal luwih percaya, nresnani lan saya akrab karo pinituwa sing kaya ngono.​—Kis. 20:37.

17. Para sedulur seneng nèk para pinituwa nduduhké sipat apa? Wènèhana conto.

17 Akèh sedulur sing seneng nèk para pinituwa perduli karo perasaané wong liya. Apa sebabé? Ana sedulur sing jenengé Adelaide kandha, ”Awaké dhéwé  isa ngrasa luwih nyaman nèk omong-omongan karo pinituwa sing ngertèni awaké dhéwé. Saka tanggepané wektu ngrungokké, awaké dhéwé isa ngerti nèk pinituwa kuwi perduli karo awaké dhéwé.” Terus, ana sedulur lanang sing crita, ”Aku isih kèlingan ana pinituwa sing nganti nangis wektu aku nyritakké keadaanku.”​—Rm. 12:15.

18. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo nduduhké rasa perduli marang perasaané wong liya?

18 Ora mung pinituwa sing perlu nduduhké rasa perduli marang perasaané wong liya. Awaké dhéwé ya kudu nindakké kuwi. Piyé carané? Ngupayaa kanggo ngertèni keadaané para sedulur lan keluarga. Gatèkna para sedulur ing jemaat sing isih enom, sing lagi lara, sing wis tuwa, lan sing ditinggal mati wong sing ditresnani. Takonana kabaré lan rungokna tenanan wektu dijak omong-omongan bèn para sedulur kuwi ngrasa digatèkké. Wènèhana bantuan sing cocog karo kebutuhané. Kuwi tegesé awaké dhéwé nduduhké katresnan sing sejati.​—1 Yoh. 3:18.

19. Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngati-ati wektu arep mbantu wong liya?

19 Awaké dhéwé pancèn péngin mbantu wong liya, ning awaké dhéwé kudu ngati-ati. Tanggepané wong pas ngadhepi masalah kuwi isa béda-béda. Ana sing gelem crita karo wong liya, ning ana sing ora. Dadi, aja ngejokké pitakonan sing isa nggawé risi utawa isin. (1 Tés. 4:11) Nèk misalé dhèwèké gelem crita, isa waé awaké dhéwé ora setuju karo dhèwèké. Ning, awaké dhéwé kudu ngertèni apa sing dirasakké wong kuwi. Awaké dhéwé perlu ngrungokké tenanan lan aja kesusu nanggepi.​—Mat. 7:1; Yak. 1:19.

20. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

20 Sakliyané marang para sedulur ing jemaat, awaké dhéwé mesthi ya péngin nduduhké rasa perduli wektu nindakké gawéan nginjil. Piyé carané? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug soal kuwi.

LAGU 130 Senenga Ngapura

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé arep ngrembug contoné Yéhuwah lan Yésus sing perduli karo perasaané wong liya. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sebabé awaké dhéwé perlu perduli karo perasaané wong liya lan piyé carané nindakké kuwi.

^ par. 1 KATRANGAN: Nèk awaké dhéwé perduli karo perasaané wong liya, awaké dhéwé bakal ngupaya kanggo ngertèni lan ”ngrasakké apa sing dirasakké wong liya”.​—Rm. 12:15.

^ par. 6 Yéhuwah ya perduli marang umaté sing lagi ngrasa cilik ati utawa wedi. Contoné yaiku Hana (1 Sa. 1:10-20), Èlia (1 Ra. 19:1-18), lan Èbèd-mèlèkh (Ym. 38:7-13; 39:15-18).

^ par. 65 GAMBAR: Para sedulur sing nduduhké rasa perduli marang perasaané wong liya ing perhimpunan. Ana (1) pinituwa sing lagi omong-omongan karo penginjil sing isih enom lan ibuké, (2) bapak lan anaké wédok sing lagi nulungi sedulur wédok sing wis tuwa kanggo mlebu mobil, lan (3) pinituwa loro sing lagi ngrungokké tenanan wektu ana sedulur wédok sing njaluk naséhat.