Pengkhotbah 7:1-29

  • Jeneng sing apik lan dina matiné wong (1-4)

  • Naséhaté wong wicaksana (5-7)

  • Luwih apik akhir timbang awal (8-10)

  • Gunané kawicaksanan (11, 12)

  • Dina sing apik lan dina sing susah  (13-15)

  • Aja nganti kebangeten (16-22)

  • Sang pengkhotbah ngamati (23-29)

7  Jeneng sing apik* luwih apik timbang minyak sing apik,+ lan dina matiné wong luwih apik timbang dina lairé.  Luwih apik lunga menyang panggonan layat timbang menyang panggonan pésta,+ merga kabèh wong akhiré mati. Wong sing urip kudu ngéling-éling kuwi ing pikirané.  Luwih apik susah timbang ngguyu,+ merga wajah sing sedhih isa nggawé ati luwih kepénak.+  Atiné wong wicaksana ana ing panggonan layat, tapi atiné wong bodho ana ing panggonan pésta.*+  Luwih apik ngrungokké naséhaté wong wicaksana+ timbang ngrungokké nyanyiané wong bodho.  Swara ngguyuné wong bodho+ kaya swarané semak berduri sing kobong ing ngisoré panci. Iki ya ora ana gunané.  Wong wicaksana isa édan merga ditindhes, lan ati isa rusak merga dhuwit sogokan.+  Luwih apik akhir timbang awal. Luwih apik sabar timbang sombong.+  Aja gampang tersinggung,+ merga sing gampang tersinggung kuwi wong bodho.*+ 10  Aja takon, ”Ngapa jaman mbiyèn luwih pénak timbang jaman saiki?” Kowé ora wicaksana nèk takon kaya ngono.+ 11  Nduwé kawicaksanan lan warisan kuwi apik lan ana gunané kanggo wong sing urip.* 12  Kawicaksanan isa nglindhungi,+ kaya dhuwit ya isa nglindhungi.+ Ning, manfaaté pengetahuan lan kawicaksanan yaiku isa njaga uripé sing nduwèni kuwi.+ 13  Gatèkna apa sing ditindakké Gusti Allah sing bener. Sapa sing isa ngluruské apa sing wis dibéngkokké Gusti Allah?+ 14  Ing dina sing apik, duduhna sipat sing apik.+ Ning ing dina sing susah,* pikirna nèk Gusti Allah ngejarké dina sing susah lan dina sing apik kuwi ana,+ bèn manungsa ora ngerti apa sing bakal dialami sukmbèn.+ 15  Saksuwéné uripku sing ora ana gunané,+ aku wis ndelok kabèh, yaiku nèk wong bener cepet mati senajan dhèwèké bener,+ lan wong jahat umuré dawa senajan dhèwèké jahat.+ 16  Aja rumangsa paling bener,+ utawa nduduhké nèk kowé kuwi wicaksana banget,+ supaya kowé ora ngrusak awakmu dhéwé.+ 17  Aja terlalu jahat utawa bodho,+ supaya kowé ora cepet mati.+ 18  Kowé kuduné ngrungokké siji naséhat tapi ora ninggalké naséhat liyané.+ Wong sing wedi karo Gusti Allah manut karo loro-loroné. 19  Kawicaksanan nggawé wong sing wicaksana luwih kuwat timbang pemimpin sepuluh ing kutha.+ 20  Ora ana wong bener ing bumi sing tumindaké terus apik lan ora nggawé dosa.+ 21  Sakliyané kuwi, aja nganti saben omongané wong mbok lebokké ing njero ati.+ Nèk ora, kowé bakal krungu pembantumu ngèlèk-èlèk* kowé, 22  merga ing njero atimu kowé ngerti nèk kowé ya kerep ngèlèk-èlèk* wong liya.+ 23  Kabèh kuwi wis tak priksa nganggo kawicaksananku, lan aku kandha, ”Aku bakal dadi wicaksana.” Ning, kawicaksanan adoh saka aku. 24  Kabèh sing wis kelakon ora isa dipahami, kaya-kaya ana ing panggonan sing jero banget. Ora ana sing isa ngerti soal kuwi.+ 25  Aku nduwé tékad bèn isa ngerti, mriksa, lan nyelidiki kawicaksanan lan alesané kabèh sing kelakon, lan bèn isa ngerti kejahatané wong bodho lan tumindak sing ora ana gunané saka wong sing ora masuk akal.+ 26  Aku dadi ngerti iki: Sing luwih èlèk timbang mati yaiku wong wédok sing kaya jaringé pemburu, sing atiné kaya jalané nelayan, lan sing tangané kaya ranté sing dienggo mborgol. Wong sing nyenengké Gusti Allah sing bener bakal lolos saka wong wédok kuwi.+ Tapi, wong sing dosa kecekel wong wédok mau.+ 27  Sang pengkhotbah* kandha,+ ”Deloken sing tak temokké. Aku nyelidiki siji-siji kanggo nggawé kesimpulan, 28  ning sing terus tak golèki durung tak temokké. Aku nemokké wong lanang siji sing bener saka antarané wong lanang sèwu, ning aku ora nemokké wong wédok sing bener saka antarané wong wédok sèwu. 29  Mung iki sing tak temokké: Gusti Allah sing bener nggawé manungsa kuwi bener,+ ning manungsa malah manut karo rencana-rencanané dhéwé.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Réputasi sing apik”. Lit.: ”Jeneng”.
Utawa ”panggonan seneng-seneng”.
Utawa mungkin ”merga kuwi tandha wong bodho”.
Lit.: ”wong sing ndelok matahari”.
Utawa ”wektu ana bencana”.
Lit.: ”ngutuk”.
Lit.: ”ngutuk”.
Utawa ”wong sing ngumpulké wong-wong”.