Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 10

Apa sing Ngalangi Aku kanggo Dibaptis?

Apa sing Ngalangi Aku kanggo Dibaptis?

”Filipus lan pejabat kuwi mudhun ing banyu, lan Filipus mbaptis pejabat kuwi.”​—KIS. 8:38.

LAGU 52 Janji kanggo Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing dialami Adam lan Hawa merga ora manut, lan apa akibaté?

SAPA sing nduwé hak kanggo nemtokké apa sing bener lan sing salah? Mbiyèn, Adam lan Hawa ora manut wektu dilarang mangan buah saka wit pengetahuan bab sing apik lan sing jahat. Kuwi bukti nèk Adam lan Hawa ora percaya karo Yéhuwah lan pathokané. Wong loro kuwi péngin nemtokké dhéwé apa sing bener lan sing salah. (Pd. 3:22) Adam lan Hawa akhiré ora isa akrab manèh karo Yéhuwah lan ora isa urip saklawasé. Kabèh keturunané ya dadi dosa lan isa mati. (Rm. 5:12) Keputusané Adam lan Hawa kuwi nggawé sengsara.

Pejabat Étiopia sing langsung njaluk dibaptis sakwisé ngerti soal Yésus (Deloken paragraf 2-3)

2-3. (a) Piyé tanggepané pejabat Étiopia wektu dikandhani soal Yéhuwah lan Yésus karo Filipus? (b) Berkah apa waé sing isa awaké dhéwé rasakké sakwisé dibaptis, lan pitakonan apa sing bakal dirembug?

2 Keputusané Adam lan Hawa kuwi béda karo pejabat Étiopia. Pejabat kuwi seneng banget sakwisé dikandhani Filipus soal Yéhuwah lan Yésus. Mula, dhèwèké langsung njaluk dibaptis. (Kis. 8:34-38) Kaya pejabat Étiopia mau, awaké dhéwé mesthi ya ngajèni kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah lan Yésus kanggo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé gelem nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. Kuwi ya nduduhké nèk awaké dhéwé percaya karo Yéhuwah lan ngakoni nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo nemtokké soal apa sing bener lan sing salah.

3 Awaké dhéwé isa éntuk akèh berkah nèk ngabdi marang Yéhuwah. Salah sijiné, awaké dhéwé bakal éntuk harapan urip saklawasé. Awaké dhéwé ya isa diapurani lan nduwé hati nurani sing resik merga nduwé iman marang Yésus. (Mat. 20:28; Kis. 10:43) Awaké dhéwé ya isa éntuk akèh berkah ing masa depan bareng karo wong-wong liyané sing ngabdi lan nyenengké atiné Yéhuwah. (Yoh. 10:14-16; Rm. 8:20, 21) Ning, ana sing isih ngrasa ragu-ragu kanggo dibaptis. Tantangan apa waé sing isa ngalang-ngalangi kanggo dibaptis, lan piyé carané ngatasi tantangan kuwi?

TANTANGAN SING NGALANG-ALANGI KANGGO DIBAPTIS

Tantangan-tantangan sing isa ngalang-alangi kanggo dibaptis

Kurang Percaya Diri (Deloken paragraf 4-5) *

4-5. Tantangan apa sing diadhepi Avery lan Hannah?

4 Kurang percaya diri. Ana cah lanang sing jenengé Avery lan wong tuwané Seksi Yéhuwah. Bapaké pinituwa sing apik lan perduli karo keluargané. Ning, Avery ragu-ragu kanggo dibaptis. Dhèwèké kandha, ”Aku ngrasa ora bakal isa dadi kaya bapakku.” Avery ya ngrasa kurang percaya diri merga wedi nèk bakal éntuk tugas kanggo ndonga ing ngarepé wong akèh, nyampèkké kotbah, utawa mimpin para sedulur ing gawéan nginjil.”

5 Ana cah wédok sing jenengé Hannah sing umuré 18 taun lan wong tuwané Seksi Yéhuwah. Dhèwèké ngrasa ora bakal isa nindakké pathokané Yéhuwah. Uripé kesiksa merga rumangsa ora berharga. Kadhang kala, dhèwèké malah nganti nglarani badané dhéwé. Hannah ora tau crita karo wong tuwané utawa wong liya. Hannah kandha, ”Aku rumangsa nèk Yéhuwah mesthi ora bakal nampa aku dadi abdiné merga apa sing wis tak tindakké.”

Pengaruh saka Kanca-Kanca (Deloken paragraf 6) *

6. Apa sing ngalangi Vanessa kanggo dibaptis?

6 Pengaruh saka kanca-kanca. Vanessa, sing umuré 22 taun, nduwé kanca sing wis akrab kèt cilik. Ning, Vanessa sedhih merga kancané kuwi ora ndhukung dhèwèké kanggo dibaptis. Vanessa kandha, ”Nggolèk kanca kuwi angèl. Dadi, nèk aku ora kekancan karo dhèwèké, mengko aku ora nduwé kanca manèh.”

Wedi Gagal (Deloken paragraf 7) *

7. Apa sing dirasakké cah enom sing jenengé Makayla, lan apa sebabé?

7 Wedi gagal. Wektu Makayla umuré limang taun, masé ditokké saka jemaat. Dhèwèké isa ndelok nèk apa sing ditindakké masé kuwi nggawé wong tuwané sedhih. Mula, Makayla kandha, ”Aku wedi dibaptis merga nèk aku nggawé kesalahan sakwisé dibaptis, aku bakal ditokké saka jemaat lan nggawé wong tuwaku tambah sedhih.”

Wedi Ditentang (Deloken paragraf 8) *

8. Apa sing dirasakké Miles?

8 Wedi ditentang. Ana cah lanang sing jenengé Miles. Bapak lan ibuké pegatan. Bapaké Miles kuwi Seksi Yéhuwah, ning ibuké dudu. Dhèwèké kandha, ”Aku mèlu ibuku nganti 18 taun. Aku péngin dibaptis, ning aku wedi ngomong karo ibuku. Aku wis ndelok tanggepané ibuku wektu bapakku dadi Seksi Yéhuwah. Aku wedi ibuku bakal nentang aku.”

CARANÉ NGATASI TANTANGAN

9. Apa hasilé nèk awaké dhéwé ngrenungké sipat-sipaté Yéhuwah?

9 Adam lan Hawa ora gelem ngabdi marang Yéhuwah merga ora bener-bener tresna marang Yéhuwah. Adam lan Hawa pancèn ora langsung mati. Yéhuwah malah mènèhi Adam lan Hawa kesempatan kanggo nggedhèkké anak-anaké nganggo carané dhéwé. Ning, keputusané Adam lan Hawa kuwi nggawé sengsara. Anaké sing mbarep dadi jahat lan matèni adhiné dhéwé. Akhiré, manungsa padha dadi jahat lan mentingké kepentingané dhéwé. (Pd. 4:8; 6:11-13) Ning, Yéhuwah nyedhiakké sarana kanggo nylametké keturunané Adam sing gelem ngabdi marang Yéhuwah. (Yoh. 6:38-40, 57, 58) Dadi, Yéhuwah kuwi sabar lan nresnani awaké dhéwé. Nèk ngrenungké sipat-sipaté Yéhuwah kuwi, kowé isa saya tresna marang Dhèwèké. Nèk wis tresna, kowé mesthi péngin ngabdi marang Yéhuwah, ora kaya Adam lan Hawa.

Carané ngatasi tantangan- tantangan kuwi

(Deloken paragraf 9-10) *

10. Apa sebabé ngrenungké Jabur 19:8 isa mbantu kowé ngabdi marang Yéhuwah?

10 Terus sinau bèn luwih kenal karo Yéhuwah. Nèk kowé luwih kenal karo Yéhuwah, kowé bakal dadi luwih percaya diri kanggo ngabdi. Avery sing dicritakké mau kandha, ”Aku isa luwih percaya diri merga maca lan ngrenungké janjiné Yéhuwah ing Jabur 19:8.” (Wacanen.) Avery saya nresnani Yéhuwah merga ngrasakké kata-kata ing ayat kuwi kelakon. Dadi, nèk kowé nresnani Yéhuwah, kowé isa luwih percaya diri lan péngin ngabdi marang Dhèwèké. Hannah sing disebutké mau kandha, ”Merga maca lan sinau Alkitab, aku dadi ngerti nèk aku nggawé Yéhuwah sedhih wektu aku nglarani badanku dhéwé.” (1 Ptr. 5:7) Hannah ngupaya kanggo ”nindakké pangandikané Gusti Allah”. (Yak. 1:22) Hasilé, Hannah isa ngrasakké nèk manut karo Yéhuwah kuwi mènèhi manfaat lan nggawé dhèwèké saya nresnani Yéhuwah. Hannah dadi yakin nèk Yéhuwah bakal nulungi wektu dhèwèké mbutuhké bantuan. Hannah ya ora nglarani badané manèh lan akhiré isa dibaptis.

(Deloken paragraf 11) *

11. Apa sing ditindakké Vanessa bèn isa nduwé kanca akrab, lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?

11 Milih kanca sing nresnani Yéhuwah. Vanessa, sing dicritakké mau, akhiré ngerti nèk sing ngalang-ngalangi dhèwèké kanggo ngabdi marang Yéhuwah yaiku kancané. Mula, dhèwèké ora gelem kekancan manèh karo wong kuwi. Vanessa ya ngupaya kekancan karo para sedulur ing jemaat. Dhèwèké sinau saka contoné Nuh lan keluargané. Vanessa kandha, ”Wong-wong ing sekitaré Nuh padha ora nresnani Yéhuwah. Mula, Nuh lan keluargané kudu tetep akrab bèn ora kena pengaruh sing èlèk.” Sakwisé dibaptis, Vanessa langsung dadi perintis. Dhèwèké ya kandha, ”Merga merintis, aku isa nduwé kanca akrab ing jemaatku lan ing jemaat liyané.” Kowé ya isa nduwé kanca akrab nèk ngupaya sak isa-isané kanggo nindakké préntahé Yéhuwah.​—Mat. 24:14.

(Deloken paragraf 12-15) *

12. Adam lan Hawa ora wedi apa, lan apa hasilé?

12 Nduwé pandhangan sing bener soal rasa wedi. Ora kabèh rasa wedi kuwi salah. Misalé, awaké dhéwé wedi nggawé Yéhuwah sedhih. (Ms. 111:10, Terjemahan Dunia Baru) Ning, Adam lan Hawa ora wedi nggawé Yéhuwah sedhih lan akhiré mbrontak marang Yéhuwah. Bar nglanggar hukumé Allah, mripaté wong loro kuwi padha kebukak, artiné Adam lan Hawa ngerti nèk wis nindakké dosa. Mula, wong loro kuwi dadi isin lan nutupi awaké sing wuda. (Pd. 3:7, 21) Kuwi ya nggawé keturunané dadi éntuk warisan dosa lan kematian.

13-14. (a) Kaya sing dijelaské ing 1 Pétrus 3:21, apa sebabé awaké dhéwé ora perlu wedi mati? (b) Apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé nresnani Yéhuwah?

13 Awaké dhéwé pancèn perlu wedi nèk nggawé Yéhuwah sedhih. Ning, awaké dhéwé ora perlu wedi mati. Senajan awaké dhéwé éntuk warisan dosa lan kematian, ning Yéhuwah wis nyedhiakké sarana bèn awaké dhéwé isa urip saklawasé. Yéhuwah bakal ngapurani nèk awaké dhéwé tenanan mertobat lan nduduhké iman marang korban tebusané Yésus. Salah siji cara penting kanggo nduduhké iman yaiku ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis.​—Wacanen 1 Pétrus 3:21.

14 Ana akèh alesan sing isa nggawé awaké dhéwé nresnani Yéhuwah. Yéhuwah wis nyedhiakké kebutuhané awaké dhéwé lan mulangké sing bener soal jenengé lan kepénginané. (Yoh. 8:31, 32) Yéhuwah isa nggunakké para sedulur ing jemaat kanggo nguwatké awaké dhéwé. Yéhuwah bakal mbantu wektu awaké dhéwé ngalami masalah. Ing masa depan, Yéhuwah ya bakal mènèhi urip sing sampurna kanggo saklawasé. (Ms. 68:20; Why. 21:3, 4) Nèk ngrenungké soal katresnané Yéhuwah, awaké dhéwé dadi saya tresna karo Yéhuwah. Kuwi nggawé awaké dhéwé dadi nduwé pandhangan sing bener soal rasa wedi. Awaké dhéwé wedi nggawé Yéhuwah sedhih merga bener-bener nresnani Dhèwèké.

15. Apa sebabé Makayla isa ngatasi rasa wediné?

15 Makayla, sing dicritakké mau, isa ngatasi rasa wediné merga ngerti nèk Yéhuwah kuwi seneng ngapurani. Dhèwèké kandha, ”Aku ngerti nèk awaké dhéwé ora sampurna lan gampang nggawé kesalahan. Ning, aku ya ngerti nèk Yéhuwah nresnani awaké dhéwé lan bakal ngapurani nèk awaké dhéwé nduwé iman marang tebusané Yésus.” Merga nresnani Yéhuwah, Makayla akhiré ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis.

(Deloken paragraf 16) *

16. Apa sing ditindakké Miles kanggo ngatasi rasa wediné?

16 Kaya sing dicritakké mau, Miles péngin dibaptis ning wedi ditentang karo ibuké. Dhèwèké njaluk naséhat saka pinituwa wilayah sing ibuké ya dudu Seksi Yéhuwah. Miles kandha, ”Pinituwa wilayah kuwi mbantu aku mikirké apa sing isa tak omongké marang ibuku. Aku perlu nggawé ibuku yakin nèk baptis kuwi kepénginanku dhéwé, dudu merga dipeksa karo bapakku.” Ibuké tetep ora seneng lan akhiré Miles kudu lunga saka omah bèn isa dibaptis. Miles kandha, ”Aku trenyuh merga sinau soal apa sing wis Yéhuwah tindakké kanggo aku. Wektu ngrenungké soal korban tebusané Yésus, aku dadi yakin nèk Yéhuwah sayang karo aku. Kuwi nggawé aku dadi péngin ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis.”

TINDAKNA KEPUTUSANMU

Awaké dhéwé isa nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni lan nresnani Yéhuwah (Deloken paragraf 17)

17. Apa sing mesthiné péngin awaké dhéwé tindakké?

17 Wektu mangan buah sing dilarang ing Èden mbiyèn, Hawa mbrontak marang Yéhuwah. Adam ya mèlu mangan buah kuwi. Kuwi nduduhké nèk Adam ora ngajèni apa sing wis ditindakké Yéhuwah kanggo dhèwèké. Awaké dhéwé mesthi ora péngin dadi kaya wong loro kuwi. Awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah lan percaya nèk Yéhuwah sing nduwé hak kanggo nemtokké sing bener lan sing salah. Mula, awaké dhéwé gelem dibaptis. Kuwi ya dadi bukti nèk awaké dhéwé nresnani Yéhuwah.

18. Piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus ngabdi sakwisé dibaptis?

18 Sakwisé dibaptis awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo terus nindakké pathokané Yéhuwah saben dina. Akèh umaté Yéhuwah sakdonya ya nindakké sing padha. Kowé ya isa nindakké kuwi nèk terus ngupaya sinau luwih akèh saka Alkitab, bergaul karo para sedulur seiman, lan semangat nginjil. (Ibr. 10:24, 25) Wektu arep nggawé keputusan, gatèkna naséhat saka Yéhuwah liwat Alkitab lan organisasiné. (Yé. 30:21) Kabèh upayamu kanggo ngabdi mesthi bakal berhasil.​—WB. 16:3, 20.

19. Apa sing kuduné terus mbok tindakké lan apa sebabé?

19 Nèk kowé terus ngetrapké pathokané Yéhuwah lan ngrasakké manfaaté, kowé bakal dadi luwih nresnani Yéhuwah. Hasilé, kowé bakal isa nolak kabèh godhaan saka Sétan sing isa nggawé kowé mandheg ngabdi. Kowé mesthi bakal puas lan ngrasa nèk dibaptis kuwi keputusan sing paling apik.

LAGU 28 Dadi Kancané Yéhuwah

^ par. 5 Apa kowé péngin dibaptis? Kuwi bakal dadi keputusan sing paling penting ing uripmu. Artikel iki bakal ngrembug apa sebabé dibaptis kuwi penting lan piyé carané ngatasi tantangan sing isa ngalangi kowé kanggo dibaptis.

^ par. 56 GAMBAR: Kurang Percaya Diri: Bocah lanang sing wedi wektu arep mènèhi komentar.

^ par. 58 GAMBAR: Pengaruh saka Kanca-Kanca: Seksi Yéhuwah sing isih enom nduwé kanca sing ora seiman. Mauné dhèwèké ngrasa isin wektu ketemu sedulur seiman.

^ par. 60 GAMBAR: Wedi Gagal: Bocah wédok sing wedi gagal merga ndelok masé dipecat lan lunga saka omah.

^ par. 62 GAMBAR: Wedi Ditentang: Bocah lanang sing wedi wektu arep ndonga ing ngarepé ibuké sing dudu Seksi Yéhuwah.

^ par. 65 GAMBAR: Kurang Percaya Diri: Bocah lanang sing sinau luwih akèh.

^ par. 67 GAMBAR: Pengaruh saka Kanca-Kanca: Seksi Yéhuwah sing isih enom bangga dadi Seksi Yéhuwah.

^ par. 69 GAMBAR: Wedi Gagal: Bocah wédok sing terus sinau Alkitab lan akhiré dibaptis.

^ par. 71 GAMBAR: Wedi Ditentang: Bocah lanang sing kendel njelaské kepercayaané marang ibuké.