Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kata ”Amin” Dianggep Penting karo Yéhuwah

Kata ”Amin” Dianggep Penting karo Yéhuwah

YÉHUWAH ngajèni lan nggatèkké apa sing awaké dhéwé tindakké kanggo ngibadah, senajan kuwi kétoké mung sepélé. (Ml. 3:16) Contoné, saben ndonga awaké dhéwé mesthi ngomong ”amin”. Senajan kétoké sepélé, Yéhuwah nganggep kata ”amin” kuwi penting. Awaké dhéwé bakal ngrembug apa artiné kata ”amin” lan apa sing isa disinaoni saka Alkitab soal kata kuwi.

’WONG KABÈH BANJUR PADHA SUMAUR BARENG: AMIN!’

Kata ”amin” kuwi artiné ”dadia kaya sing dikarepké”, utawa ”mesthi kelakon”. Kuwi asalé saka kata dhasar Ibrani sing artiné ”setya”, utawa ”isa dipercaya”. Kadhang kala, kata kuwi digunakké wektu ana kasus hukum. Wong sing ngomong ”amin” sakwisé ngucapké sumpah nduduhké nèk omongané kuwi isa dipercaya lan dhèwèké siap nampa akibaté nèk omongané kebukti ora bener. (Wi. 5:22) Wong sing ngomong ”amin” ing ngarepé wong akèh kudu netepi omongané.​—Ny. 5:13.

Conto sing luar biasa saka wong-wong sing nggunakké kata ”amin” dicathet ing Pangandharing Torèt pasal 27. Sakwisé mlebu Tanah Perjanjian, bangsa Israèl ngumpul ing antarané Gunung Ébal lan Gunung Gérizim kanggo ngrungokké Hukum Taurat. Sakwisé disebutké apa waé akibaté nèk ora manut, wong-wong kuwi ngomong ”Amin!”. Kuwi nduduhké nèk bangsa Israèl gelem manut karo Hukum Taurat. (PT. 27:15-26) Wektu kuwi ana éwonan wong lanang, wong wédok, lan bocah-bocah sing njawab nganggo swara sing banter. (Ys. 8:30-35) Wong-wong kuwi mesthi bakal terus kèlingan karo apa sing diomongké lan netepi janjiné. Alkitab kandha, ”Déné wong Israèl iku tetep anggoné padha ngabekti marang Sang Yéhuwah salawasé sugengé Sénapati Yusak lan ing jamané para tuwa-tuwa kang umuré luwih dawa tinimbang Sénapati Yusak mau lan kang padha menangi sakèhing pandamelé Sang Yéhuwah kang wus katindakaké kanggo wong Israèl.”​—Ys. 24:31.

Yésus ya nggunakké kata ”amin” kanggo nduduhké nèk omongané bener. Ning, Yésus ora ngucapké ”amin” kanggo nanggepi omongané wong liya. Yésus ngucapké ”amin” (diterjemahké dadi ”saktenané”) sakdurungé dhèwèké ngomongké bab sing penting kanggo nduduhké nèk  omongané isa dipercaya. Kadhang kala, Yésus ngucapké kata kuwi ping pindho, dadi ”amin amin” (ya diterjemahké dadi ”saktenané”). (Mat. 5:18; Yoh. 1:51) Kuwi dadi jaminan nèk kata-katané bener-bener isa dipercaya. Yésus isa ngomong kaya ngono merga dhèwèké wis diwènèhi wewenang kanggo mujudké kabèh janjiné Yéhuwah.​—2 Kor. 1:20; Why. 3:14.

”KABÈH BANJUR NGUCAP, ’AMIN,’ SARTA PADHA NGLUHURAKÉ ASMANÉ PANGÉRAN”

Wong-wong Israèl ya ngucapké ”amin” wektu ndonga lan muji Yéhuwah. (Ny. 8:7; Ms. 41:14) Kuwi nduduhké nèk wong-wong Israèl setuju karo apa sing didongakké lan isa mèlu muji Yéhuwah. Contoné yaiku wektu Raja Daud nggawa Pethi Suciné Yéhuwah menyang Yérusalèm. Kanggo ngrayakké peristiwa kuwi, Daud nyampèkké dongané liwat puji-pujian marang Yéhuwah sing dicathet ing 1 Babad 16:8-36. Wong-wong sing ana ing kono dadi trenyuh lan ”ngucap, ’Amin,’ sarta padha ngluhuraké asmané Pangéran”. (Basa Jawi Padintenan) Wong-wong kuwi mesthi seneng banget merga isa bareng-bareng ngibadah marang Yéhuwah.

Wong-wong Kristen abad kapisan ya ngucapké ”amin” wektu muji Yéhuwah. Wong-wong sing nulis Alkitab kerep nulis ”amin” ing surat-suraté. (Rm. 1:25; 16:27; 1 Ptr. 4:11) Buku Wahyu ya nyritakké makhluk-makhluk roh ing swarga sing padha muji Yéhuwah lan kandha, ”Amin! Pujinen Yah!” (Why. 19:1, 4) Wong-wong Kristen abad kapisan biasané ngomong ”amin” sakwisé ana sing ndonga ing ngarepé jemaat. (1 Kor. 14:16) Ning, wong-wong kuwi ora mung ngucapké ”amin” tanpa dipikir.

APA SEBABÉ NGOMONG ”AMIN” KUWI PENTING

Saka contoné umaté Yéhuwah ing jaman mbiyèn, awaké dhéwé isa ngerti nèk ngucapké ”amin” kuwi penting. Wektu ndonga, awaké dhéwé ngomong ”amin” kanggo nduduhké nèk apa sing disampèkké kuwi bener-bener saka ati. Nèk ngucapké ”amin” nganggo swara utawa ing njero ati wektu ana sing ndonga ing ngarepé wong akèh, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé setuju  karo apa sing didongakké. Gatèkna alesan-alesan liyané sing nduduhké nèk ngucapké ”amin” kuwi penting.

Kuwi bagéan saka ibadah. Sing dadi bagéan saka ibadah kuwi ora mung kata ”amin” sing awaké dhéwé ucapké. Sikapé awaké dhéwé wektu ndonga ya penting. Awaké dhéwé péngin isa ngomong ”amin” merga bener-bener setuju karo apa sing didongakké. Mula, awaké dhéwé perlu nggatèkké tenanan wektu ana sing ndonga.

Kuwi nggawé umaté Yéhuwah bersatu. Wektu ana sing ndonga ing ngarepé jemaat, kabèh sing teka ngrungokké donga sing padha. (Kis. 1:14; 12:5) Wektu ngomong amin bareng-bareng, awaké dhéwé ngrasa luwih bersatu karo para sedulur. Yéhuwah ya dadi nduwé alesan sing luwih kuwat kanggo njawab donga kuwi, ora soal awaké dhéwé ngomong ”amin” nganggo swara utawa ing njero ati.

Awaké dhéwé isa ngluhurké Yéhuwah wektu ngomong ”amin”

Kuwi isa ngluhurké Yéhuwah. Yéhuwah nggatèkké kabèh sing awaké dhéwé tindakké kanggo ngluhurké Dhèwèké. (Luk. 21:2, 3) Yéhuwah ngerti apa sing ana ing njero atiné awaké dhéwé. Mungkin awaké dhéwé ora isa teka berhimpun lan kudu ngrungokké perhimpunan liwat télépon. Ning, Yéhuwah tetep nggatèkké wektu awaké dhéwé mèlu ngomong ”amin”. Kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé ya mèlu ngluhurké Yéhuwah bareng-bareng karo sing teka ing perhimpunan.

Senajan kétoké mung sepélé, ngomong ”amin” kuwi penting banget. Nurut buku Pemahaman Alkitab, ”wektu ngucapké ’amin’”, kabèh umaté Yéhuwah isa nduduhké nèk dhèwèké bener-bener ngrasa ”yakin, setuju, lan nduwé harapan sing kuwat ing njero ati”. Awaké dhéwé mesthi péngin ngupaya kanggo nyenengké Yéhuwah wektu ngucapké ”amin”.​—Ms. 19:15.