Wulang Bebasan 3:1-35

  • Kudu wicaksana lan percaya marang Yéhuwah (1-12)

    • Nggunakké harta kanggo ngluhurké Yéhuwah (9)

  • Wong sing wicaksana bakal bahagia (13-18)

  • Wong sing wicaksana bakal aman (19-26)

  • Tumindak apik marang wong liya (27-35)

    • Nèk sanggup nulungi, kudu nulungi (27)

3  Anakku, aja lali karo apa sing tak wulangké,*Lan muga-muga kowé saktulusé ati manut karo préntahku,   Bèn umurmu dawaLan uripmu ayem.+   Muga-muga kowé terus setya lan nduduhké katresnan.*+ Kuwi kudu dadi kaya kalung sing apik ing gulumu. Kuwi kudu mbok tulis ing atimu.+   Nèk kuwi mbok tindakké, Gusti Allah lan manungsa bakal seneng karo kowé,+Lan kowé bakal dikenal dadi wong sing nduwé pemahaman.   Kowé kudu percaya karo Yéhuwah+ saktulusé atimu,Lan aja ngendelké pengetahuanmu dhéwé.+   Kowé kudu éling karo Dhèwèké ing saben tumindakmu,+Lan Dhèwèké bakal nggawé kowé berhasil.+   Aja ngendelké kawicaksananmu dhéwé.+ Kowé kudu wedi marang* Yéhuwah, lan aja nindakké sing jahat.   Kuwi bakal nggawé awakmu séhatLan nggawé awakmu* seger.   Gunakna duwèkmu sing berharga kanggo ngluhurké Yéhuwah,+Lan wènèhna hasil panènmu sing paling apik.+ 10  Mula, gudhang-gudhangmu bakal dikebaki bahan pangan,+Lan panggonanmu kanggo meres anggur bakal kebak anggur nganti lubèr. 11  Anakku, aja nolak dhidhikané Yéhuwah,+Lan aja nesu nèk Dhèwèké ngandhani kowé,+ 12  Merga Yéhuwah ngandhani wong sing disayangi,+Kaya bapak ngandhani anaké sing disayangi.+ 13  Wong isa bahagia nèk nduwé kawicaksanan+ Lan pertimbangan sing apik. 14  Éntuk kawicaksanan luwih apik timbang éntuk pérak,Lan nduwé kawicaksanan luwih apik timbang nduwé emas.+ 15  Kuwi luwih berharga timbang watu sing berharga saka laut.* Kuwi ora isa mbok bandhingké karo kabèh sing mbok péngini. 16  Umur dawa ana ing tangané tengen. Kekayaan lan kemuliaan ana ing tangané kiwa. 17  Nèk kowé nduwé kawicaksanan, kowé bakal senengLan uripmu ayem.+ 18  Kawicaksanan kuwi kaya wit kehidupan. Wong sing nyekel wit kuwi bakal terus urip lan bahagia.+ 19  Yéhuwah nggawé bumi nggunakké kawicaksanané.+ Dhèwèké nggawé langit nggunakké pertimbangané.+ 20  Gusti Allah nggunakké pengetahuané kanggo mbukak banyu sing jeroLan nggawé langit sing mendhung ngetokké udan.+ 21  Anakku, aja lali karo kabèh iki.* Terusa tumindak wicaksana lan gunakna kemampuan kanggo mikir. 22  Kuwi bakal nggawé kowé terus urip,Lan kuwi bakal dadi kaya perhiasan ing gulumu. 23  Kowé bakal aman mlaku ing dalanmu,Lan sikilmu ora bakal kesandhung.+ 24  Wektu turonan, kowé ora bakal wedi.+ Kowé bakal turonan, lan turumu bakal angler.+ 25  Kowé ora bakal wedi karo bencana sing ujug-ujug teka,+Utawa karo badai sing bakal dialami wong sing jahat,+ 26  Merga Yéhuwah bakal nggawé kowé ngrasa aman+ Lan njaga kowé saka bahaya sing ora kétok.+ 27  Nèk kowé sanggup nulungi,+Aja nganti kowé ora gelem mbantu wong sing mbutuhké.+ 28  Nèk kowé isa nulungi saiki,Aja ngomong karo wong liya, ”Muliha. Sésuk balia mréné manèh, mengko tak wènèhi.” 29  Aja nggawé rencana jahat marang wong liya,+Padahal wong kuwi percaya karo kowé. 30  Aja padu karo wong liya tanpa alesan+ Nèk dhèwèké ora jahat karo kowé.+ 31  Aja iri karo wong sing kejem,+Lan aja mèlu-mèlu tumindaké, 32  Merga Yéhuwah sengit karo wong sing licik,+Ning Dhèwèké akrab karo wong sing bener.+ 33  Yéhuwah ngutuk keluargané wong jahat,+Ning Dhèwèké mberkahi keluargané wong bener.+ 34  Dhèwèké ngrèmèhké wong sing seneng ngécé,+Ning Dhèwèké seneng karo wong sing wataké alus.+ 35  Wong sing wicaksana bakal dihormati,Ning wong sing bodho bakal dirèmèhké.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”karo hukumku”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”balungmu”.
Watu berharga sing dimaksud ing kéné yaiku koral. Deloken Daftar Istilah.
Mungkin maksudé sifat-sifaté Gusti Allah sing disebutké ing ayat-ayat sakdurungé.