Privacy Settings

To provide you with the best possible experience, we use cookies and similar technologies. Some cookies are necessary to make our website work and cannot be refused. You can accept or decline the use of additional cookies, which we use only to improve your experience. None of this data will ever be sold or used for marketing. To learn more, read the Global Policy on Use of Cookies and Similar Technologies. You can customize your settings at any time by going to Privacy Settings.

Sara ngrungokké omong-omongané malaékat karo Abraham saka njero téndha

PELAJARAN 9

Akhiré Nduwé Anak

Akhiré Nduwé Anak

Abraham lan Sara wis suwé nikah. Wong loro kuwi wis ninggalké omahé sing nyaman ing kutha Ur. Saiki, wong loro kuwi manggon ing téndha. Tapi, Sara ora protès. Sara ngerti nèk manut karo Yéhuwah kuwi mesthi ana manfaaté.

Sara péngin banget nduwé anak. Sara ngomong karo Abraham, ’Nèk kowé nduwé anak karo Hagar pembantuku, anak kuwi bakal tak anggep dadi anakku dhéwé.’ Akhiré, Hagar nduwé anak lanang. Bocah kuwi dijenengi Ismaèl.

Sara hamil

Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, ana tamu sing teka. Tamuné kuwi ana telu. Wektu kuwi umuré Abraham 99 taun lan umuré Sara 89 taun. Tamuné kuwi dikon istirahat ing ngisor wit karo disuguhi panganan. Kowé ngerti ora sapa tamuné? Tamuné kuwi malaékat. Para malaékat kuwi ngomong, ’Taun ngarep kowé lan bojomu bakal nduwé anak lanang.’ Sara ngrungokké saka njero téndha. Dhèwèké ngguyu karo mikir, ’Aku kan wis tuwa, mosok isa nduwé anak?’

Kaya janjiné malaékaté Yéhuwah, taun ngarepé Sara nglairké anak lanang. Abraham njenengi bocah kuwi Ishak, sing artiné ”Ngguyu”.

Wektu umuré Ishak limang taun, Sara nggatèkké nèk Ishak terus-terusan diécé Ismaèl. Kanggo nglindhungi anaké, Sara njaluk Abraham ngusir Hagar lan Ismaèl. Awalé, Abraham ora gelem. Tapi, Yéhuwah ya péngin nglindhungi Ishak. Mula, Yéhuwah ngomong, ’Rungokna omongané Sara merga janjiku bakal kelakon liwat Ishak. Mengko Ismaèl ya bakal tetep tak opèni.’

Sara lan Ishak ndelok Hagar lan Ismaèl diusir

”Merga nduwé iman, Sara meteng . . . merga dhèwèké yakin nèk Gusti Allah sing mènèhi janji kuwi setya.”​—Ibrani 11:11